Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Hukum Lan Tata Cara Qurban
Ust. Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا
وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur
sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing
sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad
SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Wonten
kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa
panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Sekedap malih kita sedaya badhe lumebet wonten
ing dinten riyaya qurban. Mragad qurban mujudaken tradisi bapak kita nabi
Ibrahim a.s. ingkang dipun lestantunaken nabi Muhammad SAW. Nindakaken ibadah qurban
menika kalebet sunnah muakad, tegesipun sanget dipun anjuraken. Kita dipun makruhaken
nilaraken ibadah menika menawi kagungan kekiatan kagem nyawisaken kewan qurban.
Nindakaken qurban wonten dinten kasebat langkung utami tinimbang sedekah sak reginipun
kewan ingkang kita pragat. Amargi qurban menika amalan kagem nggesangaken
sunnah para nabi lan rasul. Nabi Muhammad sampun ngendika:
عَنْ
عَائِشَةَ أَنَّ النَّبِىَّ -صلى الله عليه وسلم- قَالَ « مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ
يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلاً أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ مِنْ هِرَاقَةِ
دَمٍ وَإِنَّهُ لَيَأْتِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَظْلاَفِهَا
وَأَشْعَارِهَا وَإِنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ بِمَكَانٍ
قَبْلَ أَنْ يَقَعَ عَلَى الأَرْضِ فَطِيبُوا بِهَا نَفْسًا »
Artosipun: “Ora
ana amal sing ditindakake manungsa ing riyaya qurban sing luwih ditresnani
dening Allah tinimbang nyembelih kewan. Sak temene kewan qurban bakal teka ing
dina kiyamat kanthi sungu, wulu lan kukune. Sak temene ganjarane qurban iku wis
ditampa dening Allah sakdurunge getih kurban
mili menyang lemah,.Mula, dadi ayem jiwa kanthi kurban”. (HR.
Tirmidzi)
Menawi kita badhe nindakaken ibadah qurban kedah
nggatosaken 3 syarat:
Syarat ingkang sepindah, kewan ingkang badhe kita pragat kedah sampun genep umuripun. Menawi sapi kedahipun sampun umur 2 tahun, menawi mendho kedahipun umur 1 tahun lan menawi domba kedah sampun umur 6 wulan.
Syarat
ingkang kaping kalih, kewan ingkang bade pun pragat kedahipun sehat mboten
cacat. Cacat ingkang ndadosaken kewan menika mboten syah kagem qurban wonten 4:
ingkang sepisan pincang, ingkang kaping kalih sakit, ingkang kaping tiga picak
utawi wuta, ingkang kaping sekawan kuru sanget ngantos mboten wonten
sumsumipun.
Syarat ingkang kaping tiga, kewan qurban kasebat kedah pun pragat wonten wekdal
ingkang sampun dipun temtokaken syariat. Ewondene wekdal kagem mragat qurban
inggih menika kawiwitan saking paripurna shalat idul adha wonten ing tanggal 10
Dzulhijjah ngantos dumugi dinten tasryik kaping 3 wonten tanggal 13 Dzulhijjah
sakderengipun wekdal maghrib.
Jamaah jumah rahimakumullah
Sinten ingkang saget lan wantun mragat kanti
sae prayogi pun pragat piyambak,
ananging menawi mboten wantun mragat kewanipun, mila saget nyuwung tulung
tiyang sanes. Menawi badhe mragat kewan qurban kedah mahos donga:”Bismillahi
Allahu Akbar. Allahumma hadza minka wa
laka. Allahumma hadzihi ‘an fulan . . .(nyebat asma shahibul qurban). Allah
sampun dawuh:
وَلَا تَأْكُلُوْا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ
اسْمُ اللّٰهِ عَلَيْهِ وَاِنَّهٗ لَفِسْقٌۗ
Artosipun: “Lan
sira aja padha mangan sembelihan kang ora nganggo disebut asmaning Allah,
jalaran kang mengkono iku duraka…”. (Al An’am:121)
Saklajengipun, daging qurban menika seperangan
kita dahar piyambak, seperangan kita sedekahaken dumateng tangga tepalih lan
seperangan malih pareng kita hadiahaken dhumateng mitra patepangan.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten seperangan hukum lan
tatacara qurban ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah jumat siang
menika. Mugi Allah tansah nampi ibadah qurban kita lan ndadosaken kita sedaya
kawulanipun ingkang tansah pun tresani lan pun ridhai. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي
هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي
وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ
هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
إرسال تعليق