Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

3 Titikan Ibadah Dipun Tampi

Ustad Sadmonodadi


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْه ُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اما بعـد ... قال الله تعالى: اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Mangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala. Saestunipun ruhipun taqwa punika mapan ing syukur dhumateng Allah awit saking nimat-nikmat-Ipun lan sabar saha ridha dhumateng takdir-Ipun ingkang mboten ngremenaken. Kawilujengan saha karaharjan mugi tansah kaparingana dhumateng  Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, dhumateng para sahabat lan mugi-mugi lumeber dhumateng kita sami.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah!

Kita ugi ngaturaken  syukur dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala, awit kita sampun dipun gampilaken nindaaken mapinten-pinten ibadah ing awal Dzulhijjah, dinten-dinten ingkang dipun mulyaaken dening Allah. Kita sampun nindaaken amal shalih kadosta : dzikir kanthi ngathah-athahken tasbih, tahmid, tahlil saha takbir, nindaaken shiyam Arafah, nindaaken sholat Idul Adha lan ugi mbeleh khewan qurban. Temtu kita sami nggadhahi gegayuhan sedaya amal-amal punika dipun tampi lan sedaya donga kinabulan. Sak sampunipun kita ikhtiar nindaaken ibadah kanthi saestu, hasilipun kita pasrahakan dhumateng  Allah. Panci hakipun makhluk punika anamung dumugi ikhtiar, wondene salajengipun Allah  subhanahu wa ta'ala ingkang nemtoaken.

 Kaum muslimin rahimakumullah!

Wonten pitedah agami ingkang saged dados tandha dipun tampinipun amal shalih. Ing antawisipun tandha wau inggih punika :

Sepisan,  mboten ngegulaken (bangga) amalipun.

Ngegulaken amal  mujudaken tabiat ingkang saged ngrisak ikhlas. Kamangka ikhlas punika syarat dipun tampinipun  amal. Ikhlas setunggal tiyang ing dalem nindaaken kesaenan saged cicir amargi tiyang wau ngegul-egulaken amalipun. Tiyang wau rumaos sampun nindaaken amal ingkang ageng. Anggenipun ngegulaken amal wau saged ketingal saking anggenipun sum'ah (nyariosaken amal) lan anggenipun riya' (ngetingalaken amal) ingkang tundhonipun mameraken amal shalih.

Mboten anamung ngawisi ngegul-gulaken amal, agami ndhawuhi muslim kapurih andhap asor. Ingkang dipun dhawuhaken agami sak sampunipun nindaaken amal shalih inggih punika nganggep bilih amalipun punika mboten aji dipun bandhingaken kaliyan nikmat peparingipun Allah. Amalipun taksih kathah kirangipun sinaosa sampun dipun ikhtiari kanthi sak sae-saenipun. Pramila agami nuntun mukmin supados sami istighfar sak sampunipun nindaaken amal shalih. Nyuwun pangapunten dhumateng Allah  SWT murih Allah kersa nyekapaken sedaya kekirangan wau.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Istighfar punika kadhawuhaken dados penutup sedaya amal shalih. Allah subhanu wa ta'ala paring dhawuh dhumateng para hujjaj murih sami istighfar saksampunipun rampit anggenipun nindaaken ibadah haji. Ngendika Allah SWT ing surah al-Baqarah ayat 199 :

ثُمَّ أَفِيضُوا مِنْ حَيْثُ أَفَاضَ النَّاسُ وَاسْتَغْفِرُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ

"Sabanjure padha ninggalna sira kabeh saka papan wong akeh pada ninggalale (yaiku saka 'Arafah) lan padha nyuwuna pangapura marang Allah; satemene Allah Maha Paring Pangapura lan Maha Asih".

Makaten ugi syariat ndhawuhaken maos istighfar ing saben-saben bibar sholat, bibar luru ilmu lan bibar nindaaken kathah-kathahipun amal. Malah-malah sinaosa saksampunipun nyata-nyata pikantuk kemenangan, tiyang mukmin tetep kadhawuhan nyuwun pangapunten dhumateng Allah. Allah ngendika ing surah an-Nashr ayat 1-3) :

إِذَا جَاءَ نَصْرُ اللَّهِ وَالْفَتْحُ﴿١﴾وَرَأَيْتَ النَّاسَ يَدْخُلُونَ فِي دِينِ اللَّهِ أَفْوَاجًا﴿٢﴾فَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ وَاسْتَغْفِرْهُ ۚ إِنَّهُ كَانَ تَوَّابًا

"Nalikane wus tumeka pitulungan saka Allah lan kemenangan, lan sira kabeh nyumurupi manungsa padha mlebu marang agamane Allah kanthi rombong-rombongan, mangka pada tashbiha lan ngalembana marang Rabbmu lan nyuwuna pangapura marang Piyambake Allah. Satemene Allah iku Maha Nampa taubat".   

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kaping kalih, ing antawisipun tandha dipun tampinipun amal inggah punika samsaya dipun gampilaken nindaaken kesaenan.

Piwales saking amal sae inggih punika tumindak sae salajengipun. Sinten kemawon ingkang nindaaken kesaenan lajeng nututi kanthi nindaaken kesaenan salajengipun, mangka ingkang makaten punika  mujudaken tandha dipun tampinipun amal ingkang rumiyin. Makaten ugi sok sintena tiyang ingkang nindaaken kesaenan, ananging malah dipun tututi kanthi lampah maksiyat, mangka ingkang makaten punika tandhanipun amal mboten dipun tampi.

Ingkang makaten nyocogi kaliyan pangandikanipun Imam Ibnu Katsir nalika paring keterangan ing  tafsir surah al-Lail :

مِنْ ثَوَابِ الحَسَنَةِ الحَسَنَةُ بَعْدَهَا، وَمِنْ جَزَاءِ السَّيِّئَةِ السَّيِّئَةُ بَعْدَهَا

Ing antarane piwales kabecikan yaiku kabecikan sabanjure lan ing antarane piwales piala yaiiku piala sabanjure". (Tafsir Al-Qur’an Al-‘Azhim).

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kaping tiga,  ing antawisipun tandha dipun tampinipun amal setunggal tiyang, tiyang punika saya tambah sae budi pekertinipun.

Menawi kita naliti pitedah al-Qur'an lan sunnah, saged kita panggihi bilih saben-saben ibadah ingkang dipun lampahi kanthi leres badhe numusi ngrembakanipun budi pekerti sae tiyang ingkang nindaaken. Wohipun  ibadah setunggal tiyang punika wujudipun akhlak. Pramila akhlak ingkang nututi ibadah setunggal mukmin saged dados ukuran dipun tampi utawi dipun tulakipun ibadah. Sok sintena akhlakipun tambah sae sak sampunipun nindaaken ibadah mangka sedaya punika mujudaken tandha dipun tampinipun amal. Wondene tiyang-tiyang ingkang ibadahipun mboten nambahi sae akhlakipun punika mujudaken titikan saking dipun tulakipun ibadah. 

Shalat umpaminipun, shalat punika badhe nebihaken mushallin saking tumindak jember lan mungkar. Allah SWT ngendika ing ayat ingkang njelasaken hikmah shalat :

وَأَقِمِ الصَّلاةَ إِنَّ الصَّلاةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاء وَالْمُنكَرِ

 “Lan padha njejegake shalat. Saktemene shalat iku nyegah saka tumindak jemebr lan mungkar." [QS. Al-Ankabut: 45].

Shalat malah-malah mboten saged nylametaken setunggal tiyang saking neraka menawi sholatipun mboten saged ngicali pekerti awonipun.  Setunggal wekdal wonten sahabat pradul dhumateng Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam :

إِنَّ فُلَانَةَ تَقُومُ اللَّيْلَ وَتَصُومُ النَّهَارَ، وَتَفْعَلُ، وَتَصَدَّقُ، وَتُؤْذِي جِيرَانَهَا بِلِسَانِهَا

Artinya: “Estunipun Fulanah teterasan anggenipun nindaaken shalat ndalu, ugi remen sedekah, ananging piyambakipun  remen natoni tangga-tepalih kanthi lisanipun." Rasulullah ngendika:

 لَا خَيْرَ فِيهَا، هِيَ مِنْ أَهْلِ النَّارِ

Artosipun : “Ora ana kebecikan tumrap dheweke, dheweke iku ahli neraka." (HR. Baihaqi)

Ma'asyiral muslimin rahimakumullah!

Ing antawisipun hikmah zakat inggih punika nuwuhaken raos welas dhumateng sesami titah. Shiyam nglantaraken setunggal tiyang saged ngendaleni nefsunipun ingkang asring ngajak tumindak awon. Ing dalem hadits riwayat Imam Bukhari dipun terangaken bilih Allah mboten badhe paring ganjaran raos luwe lan ngelakipun tetiyang ingkang  man lam yada' qaulaz zuur wal 'amala bihi – mboten nilaraken pangucap saha tumindak goroh.

Makaten ugi haji, ibadah haji ingkang dipun tampi inggih punika haji ingkang saged nuwuhaken budi pekerti sae. Haji mabrur badhe ndumugekaken mboten anamung tambah tumungkulipun kawula dhumateng Allah, ananging ugi ndumugeaken sakathah-kathah manfaat tumraping tiyang kathah. Dipun punduti priksa Kanjeng Rasul shallallahu 'alaihi wassalam :  

قالوا: يَا رَسُولَ اللهِ، مَا الْحَجُّ الْمَبْرُوْرُ؟

Para sahabat nyuwun priksa, ‘Wahai Rasulullah, punapa  haji mabrur punika?’

 قال: “إِطْعَامُ الطَّعَامِ، وَإِفْشَاءُ السَّلَامِ

Rasulullah njawab, ‘Menehi pangan lan nyebarke  rasa tentrem." (Hadits ini diriwayatkan oleh Imam Ahmad dalam Musnad-nya).

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Nutup khutbah siyang punika, kula ngajak pribadhi kula lan jama'ah sedaya mangga kita tututi sedaya ibadah kita kanthi perkawis-perkawis ingkang mbekta dhumateng dipun tampinipun ibadah. Nebihi pamer, ngantheni kesaenan kanthi kesaenan-kesaenan sanesipun lan tansah nyaeaken budi pekerti kita sami. Kanthi makaten kita sami pantes ngajeng-ngajeng ibadah kita sami saged nemoaken ganjaranipun lan do'a-do'a kita pikantuk ijabahipun.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

Khutbah 2

الْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ

اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.

اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. . رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.  رَبَّنَا آتِنَا فِيالدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

 


Post a Comment

أحدث أقدم