Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Amal Ingkang Dipun Tampi

Ust. Wismanto,S.Pd.I

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Islam sampung njelasaken bilih amal ibadah ingkang bade katampi ing Allah menika wonten syaratipun. Salah setunggal syarat utama katampinipun amal inggih punika menawi katindakaken kanti ikhlas. Ing Al quran Allah SWT ugi paring pangandikan wigatosipun ikhlas. Ikhlas mujudaken sebab amal ibadah katampi ing Allah. Ikhlas mujudaken sebab Allah SWT nresnani kawulanipun. Lan ikhlas mujudaken sebab Allah SWT paring ridha dhumateng kawulanipun. Allah ngendika:

وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ وَيُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ ۚ وَذَٰلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ

Artosipun: ing mangka wong- wong iku ora diparentah, kejaba mung supaya nyembah ing Allah kanti murnekake ing panembah tur condong marang ing kabeneran, ngadekake shalat sarta aweh zakat, hiya kang mangkono iku agama kang jejeg.”. (QS. AL Bayinah ayat : 5)

Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam ngendika:

 

إِنَّ اللهَ لاَ يَقْبَلُ مِنَ الْعَمَلِ إِلاَّ مَا كَانَ لَهُ خَالِصًا وَاْبتُغِيَ بِهِ وَجْهُهُ

 

satemene Allah ora hanampa sawijining amalan, kejaba kang katindakake kanti ikhlas lan hamung ngarep ridane Allah. (HR. an-Nasai no. 3140

 Jamaah jumah rahimakumullah

Ikhlas menika syarat pokok ingkang kedah pun lampahi rikala kita sedaya nindakaken pangibadahan. Sak sanesipun dados syarat pokok, ikhlas menika badhe mbekta katah saget kautaman dumateng kita sedaya, ing antawisipun:

1.             Wonten ing kitab Shahih Jamius Shaghir dipun ngendikaaken bilih sinten ingkang ngucap laa ilaha illallah kanti ikhlas bade dipun bikakaken lawang- lawang langit, dipun ngapura dosanipun lan dipun haramaken mlebet neraka.

2.             Wonten ing kitab hadits Shahih Muslim dipun ngendikaaken: sinten ingkang wudu kanti ikhlas bade dipun ngapura dosa- dosanipun.

3.             Wonten kitab Shahih Buhari lan Muslim dipun ngendikaaken: sinten ingkang tindak salat jamaah wonten masjid kanti ikhlas mila saben langkahipun bade ngangkat derajat lan nglebur kesalahan. Mekaten ugi  malaikat bade shalawat lan nyuwunaken pangapura dumateng tiyang kasebat.

4.             Wonten kitab Shahih Buhari dipun ngendikaaken: sinten ingkang nindakaken shiyam ramadhan kanti ikhlas bade dipun ngapura dosa- dosanipun ingkang sampun kapungkur.

5.             Wonten kitab Shahih Buhari lan Muslim dipun ngendikaaken: sinten ingkang shadaqah kanti ihklas mila bade dipun lebetaken 7 golongan tiyang ingkang pikantuk lindungan wonten ing dinten kiyamat.

Lan tasih katah malih kautaman amalan ingkang katindaaken kanti ikhlas.

Imam Al Ghazali ngendika: “Amal kang sitik, kang slamet saka riya utawa ujub, amal kang sitik iku mau dibarengi ikhlas mula ana ing ngarsane Allah banget gedene.”

Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah

Tiyang ingkang ikhlas utawi mukhlis punika panci tiyang ingkang dipun pilih Allah SWT. Sumangga kita tansah ndedonga mugi- mugi kita pinaringan taufik dening Allah SWT sahingga saget ngamal kanti ikhlas.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

 

 


2 Komentar

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Maturnuwun teks khutbah singkat sanget mbantu kagem latihan dados khotib

    BalasHapus

Posting Komentar

Lebih baru Lebih lama