Teks Khutbah Jumat Singkat
Bahasa Jawa
Amal Ingkang Dipun Tampi
Ust. Wismanto,S.Pd.I
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا
وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur
sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang
punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam
mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Wonten
kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan
fiddunya wal akhirah. Amiin.
Islam sampung njelasaken bilih amal ibadah ingkang bade katampi ing Allah
menika wonten syaratipun. Salah setunggal syarat utama katampinipun amal inggih
punika menawi katindakaken kanti ikhlas. Ing Al quran Allah SWT ugi paring pangandikan wigatosipun
ikhlas. Ikhlas mujudaken sebab amal ibadah katampi ing Allah. Ikhlas
mujudaken sebab Allah SWT nresnani kawulanipun. Lan ikhlas mujudaken sebab
Allah SWT paring ridha dhumateng kawulanipun. Allah ngendika:
وَمَا أُمِرُوا إِلَّا
لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ وَيُقِيمُوا الصَّلَاةَ
وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ ۚ وَذَٰلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ
Artosipun: “ing mangka wong-
wong iku ora diparentah, kejaba mung supaya nyembah ing Allah kanti murnekake
ing panembah tur condong marang ing kabeneran, ngadekake shalat sarta aweh
zakat, hiya kang mangkono iku agama kang jejeg.”. (QS. AL Bayinah
ayat : 5)
Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam ngendika:
إِنَّ اللهَ لاَ يَقْبَلُ مِنَ الْعَمَلِ إِلاَّ
مَا كَانَ لَهُ خَالِصًا وَاْبتُغِيَ بِهِ وَجْهُهُ
“satemene Allah ora hanampa sawijining amalan, kejaba kang katindakake
kanti ikhlas lan hamung ngarep ridane Allah.” (HR. an-Nasai no.
3140
Ikhlas menika syarat pokok ingkang kedah pun lampahi rikala kita sedaya
nindakaken pangibadahan. Sak sanesipun dados syarat pokok, ikhlas menika badhe
mbekta katah saget kautaman dumateng kita sedaya, ing antawisipun:
1.
Wonten ing kitab Shahih Jamius Shaghir dipun ngendikaaken
bilih sinten ingkang ngucap laa ilaha illallah
kanti ikhlas bade dipun bikakaken lawang- lawang langit, dipun ngapura
dosanipun lan dipun haramaken mlebet neraka.
2.
Wonten ing kitab hadits Shahih Muslim dipun ngendikaaken: sinten
ingkang wudu kanti ikhlas bade dipun ngapura dosa- dosanipun.
3.
Wonten kitab Shahih Buhari lan Muslim dipun
ngendikaaken: sinten ingkang tindak salat jamaah wonten masjid kanti ikhlas
mila saben langkahipun bade ngangkat derajat lan nglebur kesalahan. Mekaten ugi malaikat bade shalawat lan nyuwunaken pangapura dumateng tiyang kasebat.
4.
Wonten kitab Shahih Buhari dipun ngendikaaken: sinten
ingkang nindakaken shiyam ramadhan kanti ikhlas bade dipun ngapura dosa-
dosanipun ingkang sampun kapungkur.
5.
Wonten kitab Shahih Buhari lan Muslim dipun
ngendikaaken: sinten ingkang shadaqah kanti ihklas mila bade dipun lebetaken 7
golongan tiyang ingkang pikantuk lindungan wonten ing dinten kiyamat.
Lan tasih katah malih
kautaman amalan ingkang katindaaken kanti ikhlas.
Imam Al Ghazali ngendika: “Amal kang sitik, kang slamet saka riya
utawa ujub, amal kang sitik iku mau dibarengi ikhlas mula ana ing ngarsane
Allah banget gedene.”
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Tiyang ingkang ikhlas
utawi mukhlis punika panci tiyang ingkang dipun pilih Allah SWT. Sumangga kita tansah
ndedonga mugi- mugi kita pinaringan taufik dening Allah SWT sahingga saget
ngamal kanti ikhlas.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ
رَبِّ العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ
عَلَى أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ
وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلىَ النَّبِىْ
يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ
عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى
آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا بَارَكْتَ
عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ
سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا
نَسْأَلُكَ الهُدَى
وَالتُّقَى وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ
لَنَا مِنْ
أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا
فِي الدُّنْيَا
حَسَنَةً وَفِي
الْآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ
النَّارِ
أزال المؤلف هذا التعليق.
ردحذفMaturnuwun teks khutbah singkat sanget mbantu kagem latihan dados khotib
ردحذفإرسال تعليق