img : pexels.com

Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Amalan Ing Wulan Muharram

Ust. Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا

وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Muharram menika wulan agung ing agami kita. Wulan ingkang minulya lan katah kautamanipun. Sampun ngendika Allah SWT ing ndalem Al- Quran:

 

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ

Satemene wilangan sasi mungguhing Allah iku ana rolas sasi kaya kang wus kapacak ana ing kitabe Allah, wiwit tumitahing langit lan bumi, ing antarane yaiku sasi papat kang mulya (Dzulkaidah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab) kang mengkono iku agama kang bener… “ (QS. At Taubah:36)

Ibnu Al Jauzi wonten ing kitab At Tabsirah ngendika: “wulan muharram iku wulan kang minulya. Wulan kabecikan, wayah kang becik kanggo pada akur (damai), ningkatake amal, shadaqah,  aweh pambiyantu marang yatim lan aweh tetulung marang wong kang mbutuhake pitulungan”.

Mila wonten khutbah menika khatib badhe ngaturaken seperangan amalan ingkang prayogi dipun lampahi ing wulan muharram.

 

1.     Pasa asyura (10 muharram)

Rasulullah ngendika:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ رَمَضَانَ شَهْرُ اللَّهِ الْمُحَرَّمُ وَأَفْضَلُ الصَّلاَةِ بَعْدَ الْفَرِيضَةِ صَلاَةُ اللَّيْلِ

Pasa kang paling afdhal sakwuse pasa ramadhan yaiku pasa ing wulan muharram. Lan shalat kang paling afdhal sakwuse shalat wajib yaiku shalat wengi. (HR. Muslim no. 1163).

Imam Nawawi –rahimahullah– ngendika:“Hadits iku mujudake dhawuh menawa wulan muharram iku wulan kang afdhal kanggo nindakake pasa.” (Syarh Shahih Muslim, 8: 55)

Ing hadits sanes Abu Qatadah ngriwayataken bilih nabi ngendika:

قَالَ وَسُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ عَاشُورَاءَ فَقَالَ « يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ

Nabi shallallahu ’alaihi wa sallam ditakoni bab pasa asyura, panjenengane ngendika: pasa asyura iku nglebur dosa setahun kapungkur”. (HR. Muslim no. 1162).

2.     Tulung tinulung.

Amalan sanes ingkang prayogi pun tindakaken ing wulan muharram lan ugi wulan- wulan sanesipun inggih menika remen tulung tinulung. Ngendika Allah ing surat al- maidah ayat 2:

وَتَعَاوَنُوا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَىٰ ۖ وَلَا تَعَاوَنُوا عَلَى الْإِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ

Sira becik padha tulung- tinulung ana ing tindhak kabecikan lan taqwa, lan aja pada tulung- tinulung ana ing babagan laku dosa lan memungsuhan. Lan pada wedia ing Allah jalaran Allah iku abot panyiksane”. (QS Al Maidah:2)

Ngendika Rasulullah SAW:

وَاللَّهُ فِى عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِى عَوْنِ أَخِيهِ

 “Allah bakal aweh pitulungan marang ing wong, menowo wong iku gelem aweh pitulungan marang sedulure”. (HR.Muslim.2699)

 

3.     Shadaqah

Amalan saklajengipun ingkang sanget prayogi pun lampahi ing wulan muharram inggih menika ngatah- ngatahi shadaqah. Ngendika Allah ing surat al- baqarah:274:

 

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ سِرًّا وَعَلَانِيَةً فَلَهُمْ أَجْرُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ وَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ

Dene wong kang gelem andanaake bandhane ing wayah bengi lan awan sarana sesamaran utawa dhengdhengan, mesthi deweke bakal nampa ganjarane ana ngarsane Pengerane. Lan ora ana kuwatir tumrap wong mau lan wong mau ora padha susah”. (QS. Al Baqarah: 274)

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:

فَاتَّقُوا النَّارَ وَلَوْ بِشِقِّ تَمْرَةٍ فَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَبِكَلِمَةٍ طَيِّبَةٍ

“Pada ngreksaa badanira saka geni neraka senajan kanthi sawiji kurma, ananging sing sapa wonge ora mampu mula pada ngucapna omongan kang becik”. (HR. Bukhari no.141, lan Muslim no.1016)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kita sesarengan nindakaaken amalan- amalan utama kasebat kanthi pangajab mugi Allah tansah maringi kita kautaman lan kamulyan panggesangan wonten ing dunya lan akhirat. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

Post a Comment

أحدث أقدم