Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Spesial HUT-RI 77

Caranipun Ngisi Kamardikan

Ustadz Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.  أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Aamiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal menika kita tasih wonten ing wulan Agustus, wulan pengetan dinten kamardikan nagari Indonesia. Kita sedaya sami mirsani wonten saben- saben papan warga nagari Indonesia sami ngawontenaken adicara pengetan kamardikan. Wonten ingkang ngawontenaken pengetan kanthi climen lan wonten ugi ingkang mewah keporo ngantos hura- hura lan foya- foya. Kamardikan sejatosipun mboten cekap dipun pengeti kanthi adicara- adicara kados menika. Ananging ingkang paling penting kadospundi kita ngisi kamardikan ingkang sampun kita tampi menika. Mila wonten ing mimbar khutbah menika khatib badhe ngaturaken seperangan cara ngisi kamardikan ingkang leres.

1.     Mbangun Generasi kanthi Pendidikan ingkang sae

Salah setunggal perkawis ingkang paling penting kagem ngisi kamardikan inggih menika kanthi paring panggulawentah putra wayah kita supados dados generasi ingkang kiat, kiat jasmani lan rohaninipun. Amargi nasib nagari kita wonten wekdal ingkang badhe dateng menika wonten ing pundakipun putra wayah kita sami. Sahingga kita selaku tiyang sepuh wajib nggatosaken pendidikan putra wayah kanti saestu. Menawi putra wayah kita dados generasi ingkang kiat, pinter, akhlakipun luhur, mila nasib nagari wonten wekdal ingkang badhe dateng insyallah bakal majeng lan makmur. Ananging menawi gerenasi kita ringkih, keset sinau, akhlakipun mboten sae mila nasib nagari kita wonten wekdal ingkang badhe dateng mboten saget dipun jamin kemajenganipun. Allah sampun ngendika ing al- quran:

وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافًا خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا

Lan supaya padha wedi marang Allah, wong kang ninggalake anak- anak kang ringkih, kang deweke uga nguwatirake kahanane anak- anak mau. Mula padha taqwaa marang Allah lan padha ngucapa kalawan pangucap kang becik.” (QS. An Nisa:9).

Para ahli tafsir njelasaken bilih ayat menika dhawuh supados kaum muslimin nyiapaken generasi ingkang kiat. Maksud kiat menika mboten namung kiat fisikipun, ananging kiat agaminipun, kiat moralipun, kiat ngelmunipun, kiat ekonominipun lan kiat sedayanipun. Rasulullah SAW sampun ngendika:

الْمُؤْمِنُ الْقَوِىُّ خَيْرٌ وَأَحَبُّ إِلَى اللَّهِ مِنَ الْمُؤْمِنِ الضَّعِيفِ

Wong mukmin kang kuat iku luwih becik lan luwih ditresnani Allah tinimbang wong mukmin kang ringkih.” (HR.Muslim:2664).

 

2.     Semangat makaryo kagem kemajengan nagari

Kamardikan ingkang sampun dipun perjuangaken para sesepuh kedah kita isi kanthi semangat makaryo. Awit semangat makaryo menika pinangka sarana bangsa kita badhe maju. Mila kita sedaya warga Indonesia kedah sesarengan gumbregah semangat makaryo wonten bidang menapa kemawon pakaryan kita. Mboten pareng warga negara menika males lan keset makarya. Amargi menawi warga masyarakat males lan keset mila bangsa menika mboten badhe majeng malah keporo soyo mundur lan ketilar kaliyan bangsa sanes. Allah dawuh ing al- quran:

وَقُلِ اعْمَلُوْا فَسَيَرَى اللّٰهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُوْلُه وَالْمُؤْمِنُوْنَۗ وَسَتُرَدُّوْنَ اِلٰى عٰلِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَۚ

Dhawuho sira Muhammad: sira padha tumandanga ing gawe, mangka Allah lan utusaNe sarta wong- wong kang iman bakal sumurup uwohing tindakira, lan sira bakal dibalekake sowan ana ing ngarsane Pengeran kang ngawuningani barang ghaib lan kang nyata. Tumuli panjenengane bakal anjlentrehake marang sira kabeh tumrap apa wae kang sira tindakake.” (QS. At Taubah:105)

Rasulullah ugi ngendika:

إنَّ اللهَ تعالى يُحِبُّ إذا عمِلَ أحدُكمْ عملًا أنْ يُتقِنَهُ

Satemene Allah Ta’ala iku tresna marang wong kang menawa tandang gawe kanti temenanan.” (HR. At Thabrani).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kita sedaya warga Negara Indonesia tansah gumbregah ngisi kamardikan kanthi nggatosaken pendidikan generasi kita lan kanthi guyup rukun tandhang gawe kagem kemajengan pembangunan ing nagari kita. Mugi Allah SWT tansah andadosaken nagari Indonesia menika nagari ingkan aman, maju, makmur lan sejahtera warga masyarakatipun. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ,  وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

 

Post a Comment

أحدث أقدم