Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Kalenggahan Ilmu ing Dalem Islam
Ustadz Sadmonodadi
اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ
وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.
الْحَمْدُ لِلهِ
رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى
الظَّالِمِيْنَ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ
اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ.
وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ
مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ
وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قال اللهتَعَالَ : يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ
تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jama’ah rahimaukumullah!
Syukur lan pangalembana
anamung kunjuk dhumateng Allah SWT, Dzat ingkang nyipta manungsa, nyekapi
kabetahan donyanipun lan ingkang kuwaos mundhut wangsul gesang wau. Shalawat
saha salam mugi tansah kaparingna dhumateng Kanjeng Rasul SAW, dhumateng kulawarga
Nabi, dhumateng para shahabat, para tabiin, tabiit-tabiin, lan mugi sumrambah
dhumateng kula panjenengan sami.
Murwakani khutbah punika
keparenga kula atur wasiat dhumateng panjenengan sami, para sedherek muslim
ingkang kula tresnani, tetepa panjenengan sami lumampah ing margi taqwa lan
sampun gampil-gampil kapilut panggodhaning syetan. Awit anamung taqwa ingkang
badhe ndumugeaken kula panjenengan sami ing kawontenan sae. Donya lan
akheratipun.
Kawuningana jama’ah
rahimakumullah : estunipun kawigatosan dhumateng ilmu, tresna dhumateng ilmu
lan semangat kangge luru ilmu punika tandha sehatipun manah. Amargi menawi manah punika sehat badhe mangertosi bilih luru ilmu
punika ndumugeaken manfaat ingkang sakalangkung
ageng tumrap pribadhinipun. Lan Allah SWT saestu paring pangalembana tumrap ahlul
ilmi lan ngangkat drajatipun ahlul ilmi ngungkuli kawula sanesipun.
Ngendika Allah ing surah Mujaadilah ayat 11 :
يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ
ءَامَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
“Allah bakal ngangkat
derajate wong-wong kang padha iman lan wong-wong kang pinaringan ilmu,
pira-pira derajad”.
Wonten ayat sanes Allah
paring pangandikan :
قُلْ هَلْ يَسْتَوِي
الَّذِينَ يَعْلَمُونَ وَالَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ إِنَّمَا يَتَذَكَّرُ أُولُو الْأَلْبَابِ
“Kandhakna
: apa padha wong-wong kang nduweni ngilmu lan wong-womng kang ora duwe ngilmu?
Temen wong kang nduweni akal kang bisa njupuk piwulang”. (QS.
Az-Zumar: 9)
Jama’ah
rahimakumullah!
Temtu
kathah bentenipun tiyang-tiyang ingkang nggadhahi ilmu lan ingkang mboten. Ingkang makaten
punika gampil dimangertosi dening tiyang-tiyang ingkang ngginaaken
akalipun: innama yatadzakkaru ulil
albab (satemene wong kang
nggunaake akal kang bisa njupuk piwulang). Kosok wangsulipun tiyang jahil
(mboten nggadhahi ilmu), mboten mangertos bilih piyambakipun mboten nggadhahi
ilmu lan rumaos cekap kaliyan bodhonipun. Tiyang-tiyang wau mboten mangertos
wigatosing ilmu lan mboten mangertosi bilih ilmu punika kamulyan ageng ing
pagesangan punika.
Jama’ah
rahimakumullah,
Awit
saking pentingipun ilmu, agami majibaken sedaya muslim luru ilmu. Wajibibun luru ilmu dipun dhawuhaken Rasulullah SAW ing dalem hadits ingkang dipun
riwayataken dening Imam Ibnu Majah :
طَلَبُ
الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ
”Luru ilmu iku wajib mungguhing saben-saben
muslim”.
Ing kalodhangan sanes Rasulullah SAW paring
pangandikan ngengingi wigatosing ilmu :
لأَنْ
تَغْدُوَ فَتَعَلَّمَ آيَةً مِنْ كِتَابِ اللَّهِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَنْ تُصَلِّىَ
مِائَةَ رَكْعَةٍ
“Menawa
satemene sira lunga perlune nyinau sawiji ayate Allah iku luwih becik tinimbang
sira nindaaken shalat satus raka’at”. (HR. Ibnu Majah)
Lajeng
ilmu punana ingkang kedah kita sinau ?. Miterat ulama Ibnul Qayyim, ilmu
ingkang wajib dipun luru ing antawisipun :
Sepisan, ilmu ngengingi
pokok-pokokipun iman nglimputi iman dhumateng Allah, malaikat-malaikatipun,
kitab-kitabipun, para rasul, dinten
akhir lan iman dhumateng takdir sae punapa awon.
Kalih, ilmu ngengingi
syariat-syariat Islam. Ing antawisipun
ingkang wajib inggih punika magepokan kaliyan perkawis ingkang kedah
katindaaken dening kawula kados dene ilmu wudhu, shalat, shiyam, haji lan
zakat. Kita wajib mangertosi perkawis-perkawis ingkang magepokan kaliyan ibadah
wau upaminipun ngengingi syarat, rukun, wajib lan kautamenipun
Tiga, ilmu ngengingi perkawis-perkawis ingkang
dipun awisi dening agami. Ing antawisipun : nyekuthokaken mring Allah, tumindak
njemberi, zina, riba, khamr lan sanes-sanes awisan.
Sekawan, ilmu ngengingi sesambetan
setunggal tiyang kaliyan tiyang sanes
kadosta sesambetan kaliyan garwa, putra tuwin krandhah. Makaten ugi ilmu
sesambetan kaliyan tiyang kathah, upaminipun para pedagang wajib nyinau
hukum-hukum dedagangan lan transaksi sesade-tinumbasan.
Jama’ah
rahimakumullah.
Kuciwanipun
kesadaran kangge luru ilmu, utaminipun ilmu agami kirang nyekapi. Kathah
sedherek-sedherek kita muslim ingkang kawigatosanipun dhumateng luru ilmu agami
mrihatosaken. Sahengga kathah-kathahipun sedherek muslim kirang pana dhumateng
agami kepawis bab-bab ingkang pokok ing dalem agami mboten mangertos.
Jama’ah rahimakumullah!
Mungkasi khutbah punika kula ngajak dhumateng panjenengan sami, mliginipun
dhumateng pribadhi kula piyambak, mangga kita sami remen ngaos. Awit njih
anamung kanthi ngaos punika kita badhe mangertos agami cecepengan gesang kula
panjenengan sami. Kanthi sinau agami kita badhe mangertosi pundi awisanipun
Allah - perlunipun kita tebihi. Kanthi ngaos kita badhe mangertosi pundi dhawuhipun Allah sahengga kita saged minangkani. Kanthi ilmu kita saged
nggayuh kabahagyan donya – akherat nyocogi kalih ngendikanipun para ulama ;
مَنْ
اَرَدَ الّدُ نْيَا فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ وَمَنْ اَرَدَ اْلاَخِرَةِ فَعَلَيْهِ
بِالْعِلمِ وَمَنْ اَرَدَ هُمَا مَعًا فَعَلَيهِ بِالْعِلْمِ
“Sapa
wonge kang pengin donya mangka kanggo perlune iku nganggo ilmu, sapa wonge
pengin akhirat mangka perlune iku nganggo ilmu, sapa wonge kang pengin
loro-lorone (donya lan akhirat) mangka kanggo perlune iku nganggo ilmu”.
Mugi-mugi
wonten manfaatipun.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا
فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ
KHUTBAH
2
Posting Komentar