Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Kalenggahan Ilmu ing Dalem Islam

Ustadz Sadmonodadi

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.  أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قال اللهتَعَالَ : يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jama’ah rahimaukumullah!

Syukur lan pangalembana anamung kunjuk dhumateng Allah SWT, Dzat ingkang nyipta manungsa, nyekapi kabetahan donyanipun lan ingkang kuwaos mundhut wangsul gesang wau. Shalawat saha salam mugi tansah kaparingna dhumateng Kanjeng Rasul SAW, dhumateng kulawarga Nabi, dhumateng para shahabat, para tabiin, tabiit-tabiin, lan mugi sumrambah dhumateng kula panjenengan sami.

Murwakani khutbah punika keparenga kula atur wasiat dhumateng panjenengan sami, para sedherek muslim ingkang kula tresnani, tetepa panjenengan sami lumampah ing margi taqwa lan sampun gampil-gampil kapilut panggodhaning syetan. Awit anamung taqwa ingkang badhe ndumugeaken kula panjenengan sami ing kawontenan sae. Donya lan akheratipun.

Kawuningana jama’ah rahimakumullah : estunipun kawigatosan dhumateng ilmu, tresna dhumateng ilmu lan semangat kangge luru ilmu punika tandha sehatipun manah. Amargi menawi  manah  punika sehat badhe mangertosi bilih luru ilmu punika  ndumugeaken manfaat   ingkang sakalangkung ageng tumrap pribadhinipun. Lan Allah SWT saestu paring pangalembana tumrap ahlul ilmi lan ngangkat drajatipun ahlul ilmi ngungkuli kawula sanesipun. Ngendika Allah ing surah Mujaadilah ayat 11 :

يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ ءَامَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ

Allah bakal ngangkat derajate wong-wong kang padha iman lan wong-wong kang pinaringan ilmu, pira-pira derajad”.

Wonten ayat sanes Allah paring pangandikan : 

قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الَّذِينَ يَعْلَمُونَ وَالَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ إِنَّمَا يَتَذَكَّرُ أُولُو الْأَلْبَابِ

“Kandhakna : apa padha wong-wong kang nduweni ngilmu lan wong-womng kang ora duwe ngilmu? Temen wong kang nduweni akal kang bisa njupuk piwulang”. (QS. Az-Zumar: 9)

Jama’ah rahimakumullah!

Temtu kathah bentenipun tiyang-tiyang ingkang nggadhahi  ilmu lan ingkang mboten. Ingkang makaten punika gampil dimangertosi dening tiyang-tiyang ingkang ngginaaken akalipun:  innama yatadzakkaru ulil albab  (satemene wong kang nggunaake akal kang bisa njupuk piwulang). Kosok wangsulipun tiyang jahil (mboten nggadhahi ilmu), mboten mangertos bilih piyambakipun mboten nggadhahi ilmu lan rumaos cekap kaliyan bodhonipun. Tiyang-tiyang wau mboten mangertos wigatosing ilmu lan mboten mangertosi bilih ilmu punika kamulyan ageng ing pagesangan punika.

Jama’ah rahimakumullah,

Awit saking pentingipun ilmu, agami majibaken sedaya muslim luru ilmu.  Wajibibun luru ilmu dipun dhawuhaken  Rasulullah SAW ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken dening Imam Ibnu Majah :

طَلَبُ الْعِلْمِ فَرِيضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسْلِمٍ

”Luru ilmu iku wajib mungguhing saben-saben muslim”.

Ing kalodhangan sanes Rasulullah SAW paring pangandikan ngengingi wigatosing  ilmu :

لأَنْ تَغْدُوَ فَتَعَلَّمَ آيَةً مِنْ كِتَابِ اللَّهِ خَيْرٌ لَكَ مِنْ أَنْ تُصَلِّىَ مِائَةَ رَكْعَةٍ

“Menawa satemene sira lunga perlune nyinau sawiji ayate Allah iku luwih becik tinimbang sira nindaaken shalat satus raka’at”.  (HR. Ibnu Majah)

Lajeng ilmu punana ingkang kedah kita sinau ?. Miterat ulama Ibnul Qayyim, ilmu ingkang wajib dipun luru ing antawisipun :

Sepisan, ilmu ngengingi pokok-pokokipun iman nglimputi iman dhumateng Allah, malaikat-malaikatipun, kitab-kitabipun,  para rasul, dinten akhir lan iman dhumateng takdir sae punapa awon.

Kalih, ilmu ngengingi syariat-syariat Islam. Ing antawisipun  ingkang wajib inggih punika magepokan kaliyan perkawis ingkang kedah katindaaken dening kawula kados dene ilmu wudhu, shalat, shiyam, haji lan zakat. Kita wajib mangertosi perkawis-perkawis ingkang magepokan kaliyan ibadah wau upaminipun ngengingi syarat, rukun, wajib lan kautamenipun

Tiga,  ilmu ngengingi perkawis-perkawis ingkang dipun awisi dening agami. Ing antawisipun : nyekuthokaken mring Allah, tumindak njemberi, zina, riba, khamr lan sanes-sanes awisan.

Sekawan, ilmu ngengingi sesambetan setunggal tiyang kaliyan tiyang sanes  kadosta sesambetan kaliyan garwa, putra tuwin krandhah. Makaten ugi ilmu sesambetan kaliyan tiyang kathah, upaminipun para pedagang wajib nyinau hukum-hukum dedagangan lan transaksi sesade-tinumbasan.

 

Jama’ah rahimakumullah.

Kuciwanipun kesadaran kangge luru ilmu, utaminipun ilmu agami kirang nyekapi. Kathah sedherek-sedherek kita muslim ingkang kawigatosanipun dhumateng luru ilmu agami mrihatosaken. Sahengga kathah-kathahipun sedherek muslim kirang pana dhumateng agami kepawis bab-bab ingkang pokok ing dalem agami mboten mangertos.

Jama’ah  rahimakumullah!

Mungkasi khutbah punika kula ngajak dhumateng panjenengan sami, mliginipun dhumateng pribadhi kula piyambak, mangga kita sami remen ngaos. Awit njih anamung kanthi ngaos punika kita badhe mangertos agami cecepengan gesang kula panjenengan sami. Kanthi sinau agami kita badhe mangertosi pundi awisanipun Allah - perlunipun kita tebihi. Kanthi ngaos kita badhe mangertosi  pundi dhawuhipun Allah sahengga  kita saged minangkani. Kanthi ilmu kita saged nggayuh kabahagyan donya – akherat nyocogi kalih ngendikanipun para ulama ;

 

مَنْ اَرَدَ الّدُ نْيَا فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ وَمَنْ اَرَدَ اْلاَخِرَةِ فَعَلَيْهِ بِالْعِلمِ وَمَنْ اَرَدَ هُمَا مَعًا فَعَلَيهِ بِالْعِلْمِ

“Sapa wonge kang pengin donya mangka kanggo perlune iku nganggo ilmu, sapa wonge pengin akhirat mangka perlune iku nganggo ilmu, sapa wonge kang pengin loro-lorone (donya lan akhirat) mangka kanggo perlune iku nganggo ilmu”.

Mugi-mugi wonten manfaatipun.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

KHUTBAH 2

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 

 

 

 

 


Post a Comment

أحدث أقدم