Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Kamulyaning Manungsa

Ustadz Sadmonodadi

 

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.

قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.  أَمَّابَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ! أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah!

Sayektos Allah ta’ala sampun mulyaaken gesangipun manungsa ngungkuli kamulyan sedaya makhluk. Allah Ta’ala  ngunggulaken drajatipun manungsa ing dalem sautami-utaminipun kalenggahan. Ing ayat 7 lan 8 saking surah al-Infithar kanthi terwaca Allah suka keterangan ngengingi sampurnaning badanipun manungsa :

الَّذِي خَلَقَكَ فَسَوَّاكَ فَعَدَلَكَ (7) فِي أَيِّ صُورَةٍ مَا شَاءَ رَكَّبَكَ (8)

“(ya Allah) kang wus nitahake sira banjur nyampurnaake kedadean ira lan ndadeake (wewangunan dedeg) ira kanthi jejeg (imbang)”.

Mboten anamung jasmani lan rohaninipun ingkang sarwa sampurna, Allah ugi sampun nungkulaken bumi lan sedaya isinipun kangge perlunipun manungsa. Ing dalem surah al-Isra’ ayat 70 Allah ngendika :

وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِي آَدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا

“Lan yekti wus Ingsun mulyaake anak putune Adam, Ingsun wus ngusung dheweke kabeh ing dharatan lan segara. Ingsun paringi dheweke kabeh rejeki saka kang bagus-bagus lan Ingsun luwihake dheweke kabeh kanthi kaluwihan kang sampurna marang akeh-akehe makhluq kang wus Ingsun cipta”.

Jama’ah Jum’at rahimakumullah!

Allah ta’ala dhawuhaken manungsa murih tetap gesang ing dalem kamulyanipun. Njagi lan nyampurnaaken kamulyan wau badhe ndumugeaken gesang bagya mulya lan kebak raos tentrem : sae gesang pribadi sae gesang kemasyarakatan, gesang kadonyan lan gesang akherat. Ing dalem setunggal kalodhangan Rasulullah Saw ngendika :

" إِنَّ اللَّهَ كَرِيمٌ يُحِبُّ الْكَرَمَ ، جَوَادٌ يُحِبُّ الْجُودَ ، وَيُحِبُّ مَعَالِيَ الأَخْلاقِ ، وَيَكَرْهُ سَفْسَافَهَا "

Setuhune Allah iku Maha Mulya, tresna marang kamulyan, tresna luhuring akhlaq sarta gething marang kainanne”. (Tafsir Ibnu Katsir)

Kangge perlunipun njagi kamulyan  lan luhuring drajadipun manungsa, Allah ta’ala numurunaken agama pinangka pedoman gesangipun manungsa.  Sok sintena tiyang ingkang nggeget agami mawi gusinipun, mangka badhe tambah-tambah kamulyanipun. Kosok wangsulipun sinten ingkang mlengos saking agami, tetiyang wau badhe dhumawah ing telenging kainan.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Emanipun, kathah-kathahipun manungsa mboten saged njagi kamulyanipun. Sebabipun tetiyang wau sami supe dhumateng cecepengan gesang peparingipun Allah ta’ala. Tetiyang mau sami nuruti pepenginan nafsunipun lan kapilut pambujuking syetan. Hawa nefsu lan syetan tansah mbujuki supados manungsa sami mitadosi bilih ing gebyaring donya punika mapan kamulyaning gesang.

Kathah tiyang ingkang nelasaken gesangipun anamung kangge luru bandha, amargi nganggep ing mriku mapan kamulyan gesang. Sangking anggenipun ngoyak bandha, ngantos mboten maelu malih  kaliyan pranatan agami, masyarakat  lan negari. Nyupeaken pundi ingkang halal lan pundi ingkang haram.

Wonten ingkang nganggep kamulyan punika mapan ing pangkat, jabatan lan kalenggahan. Golongan punika sami ngoyak pangkat lan kalenggahan  kanthi kathah cara kalebet cara-cara nistha : nyogok, pitenah, wicanten goroh lan sanes-sanes cara ingkang mboten pinuji. Ingkang nganggep kamulyan punika mapan ing kuncaraning asma, sami kersa ngorbanaken punapa kemawon kangge nggayuh kamulyan wau. Lan ingkang nganggep kamulyan  punika mapan ing gelar-gelar akademik, tetiyang wau sami purun apus-apus, tumbas gelar-gelar wau kangge kamulyaning pribadhi.

Amargi klentu anggenipun mahami papan kamulyan gesang, tiyang-tiyang mau mboten anamung wurung nggayuh kamulyan, kepawis tiyang-tiyang wau dhumawah ing kainan.  Ina ing donya, ina ing akherat. Ing donya mboten dipun mulyaaken manungsa amargi tumindak aniaya dhumateng asanes, ndumugeaken kapitunan dhumateng akathah sarta nglanggar pranatan lan adab gesang kemasyarakatan.

Gesang donyanipun ugi kainaaken dening Allah ta’ala amargi sampun kumawantun nerak wewaleripun Allah ta’ala. Wujud kainanipun tetiyang wau arupi gesang ingkang rupeg, awrat, kebak panandhang saha tebih saking tentreming manah. Ing akherat  sampun kacawisaken papan wangsul ingkang tebih saking sekeca nun inggih neraka jahanam. Ayat 112 saking surah Ali Imran nyebataken :

ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ أَيْنَ مَا ثُقِفُوا إِلَّا بِحَبْلٍ مِنَ اللَّهِ وَحَبْلٍ مِنَ النَّاسِ وَبَاءُوا بِغَضَبٍ مِنَ اللَّهِ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُ ذَلِكَ بِأَنَّهُمْ كَانُوا يَكْفُرُونَ بِآَيَاتِ اللَّهِ ...

“ Dheweke kabeh kagubet dening kanisthan ana ing ngendi wae dheweke padha manggon, kejaba yen dheweke kabeh iku padha cekelan kukuh marang taline (agamane) Allah, lan marang tali (perjanjen) karo manungsa, lan dheweke kabeh entuk kamurkan saka Allah maneh lan padha kagubet dening kanisthan. Kang kaya mangkono iku amarga dheweke kabeh padha kapir marang ayat-ayate Allah”.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Yektosipun, menawi manungsa pengin tetep ing dalem kamulyanipun, manungsa kedah wangsul dhumateng agami : nyantosaaken iman, njagi akhlaqul karimah lan maesi gesang kanthi kathah-kathahipun amal shaleh. Ing dalem surah Faathir ayat 10 Allah Ta’ala paring pitedah punapa ingkang kedah dilampahi manungsa murih saged nggayuh kamulyan gesang :

مَنْ كَانَ يُرِيدُ الْعِزَّةَ فَلِلَّهِ الْعِزَّةُ جَمِيعًا  إِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ   وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهُ

“Sapa wonge kang kepengin kamulyan, mangka kagungane Allah kabeh kamulyan iku. Kunjuk marang Allah Ta’ala munggah pangucap kang becik-becik lan amal shaleh kang uga kunjuk marang Ngarsane ’.

Kanthi terwaca ayat punika suka keterangan bilih margi tumuju kamulyan gesang punika mapan wonten ing iman lan amal shaleh. Tegesipun anamung kanthi iman lan nindaaken amal shaleh, manungsa saged nggayuh kamulyan lan luhuring gesang.

Kanthi iman manungsa sami nyawijeaken ing Allah ing dalem nyembah, ajrih lan nyuwun pitulungan. Kanthi iman ingkang jejeg, badhe nebihaken manungsa saking ngumawula dhumateng syetan, jin lan kuwaos sasanesipun Allah Ta’ala. Kanthi iman dhumateng Allah manungsa njagi  saking ngina pribadhinipun aben ajeng makhluk sanes. Awit minangka makhluk ingkang mulya, manungsa iman mboten pantes ngumawula, nyuwun lan ajrih dhumateng sami makhluk.

Iman ingan santosa ugi badhe nggampilaken manungsa nindaaken amal shaleh. Kapitadosan ngengingi wontenipun Allah Ta’ala lan sifat adil-Ipun nyebabaken manungsa entheng nindaaken mapinten-pinten kebagusan pinangka sarana kangge nggayuh ridha Allah Ta’ala. Muslim ingkang leres imanipun badhe mempeng nindaaken amal shaleh awit piyambakipun mangertos bilih amal shaleh punika sanes betahipun Allah Ta’ala. Sedaya kesaenan punika manfaatipun badhe wangsul dhumateng manungsa piyambak.

إِنْ أَحْسَنْتُمْ أَحْسَنْتُمْ لِأَنْفُسِكُمْ وَإِنْ أَسَأْتُمْ فَلَهَا

“Menawa sira tumindak becik sira tumindak becik tumrap awakira dhewe lan menawa tumindak ala, mangka piala iku (bali) marang awakira dhewe”. (Q.S. Al-Israa’ ayat7)

Jama’ah Jum’at rahimakumullah!

Tiyang-tiyang ingkang iman lan nindaaken amal shaleh badhe pikantuk kamulyan ing dalem gesangipun. Gesangipun mulya amargi sedaya lampahipun mboten wonten ingkang ina lan pantes dipun nistha. Tiyang-tiyang ingkang iman lan nindaaken amal shaleh mboten badhe pikantuk kainan lan kanisthan saking manungsa sanes amargi para iman wau mboten nate tumindak ingkang nyebabaken kapitunan lan mboten tumindak aniaya dhumateng asanes.

Tiyang-tiyang ingkang nindaaken amal shaleh adhedhasar iman dhumateng Allah badhe dipun mulyaaken drajadipun dening Allah Ta’ala. Kaparingan gesang kebak rahmat lan barakah ing donya punika. Ing akherat sampun kacawisaken nugraha ingkang saestu endah lan ngresepaken amargi iman lan amal shalehipun

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

 

KHUTBAH 2


اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama