Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Kamulyaning Manungsa
Ustadz Sadmonodadi
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ
بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي
اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ
مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّابَعْدُ, فَيَا
عِبَادَ اللهِ! أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ.
Ma’asyiral muslimin
rahimakumullah!
Sayektos
Allah ta’ala sampun mulyaaken gesangipun manungsa ngungkuli kamulyan sedaya
makhluk. Allah Ta’ala ngunggulaken
drajatipun manungsa ing dalem sautami-utaminipun kalenggahan. Ing ayat 7 lan 8
saking surah al-Infithar kanthi terwaca Allah suka keterangan ngengingi
sampurnaning badanipun manungsa :
الَّذِي
خَلَقَكَ فَسَوَّاكَ فَعَدَلَكَ (7) فِي أَيِّ صُورَةٍ مَا شَاءَ رَكَّبَكَ (8)
“(ya Allah) kang
wus nitahake sira banjur nyampurnaake kedadean ira lan ndadeake (wewangunan dedeg)
ira kanthi jejeg (imbang)”.
Mboten
anamung jasmani lan rohaninipun ingkang sarwa sampurna, Allah ugi sampun
nungkulaken bumi lan sedaya isinipun kangge perlunipun manungsa. Ing dalem
surah al-Isra’ ayat 70 Allah ngendika :
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا
بَنِي آَدَمَ وَحَمَلْنَاهُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنَاهُمْ مِنَ
الطَّيِّبَاتِ وَفَضَّلْنَاهُمْ عَلَى كَثِيرٍ مِمَّنْ خَلَقْنَا تَفْضِيلًا
“Lan
yekti wus Ingsun mulyaake anak putune Adam, Ingsun wus ngusung dheweke kabeh
ing dharatan lan segara. Ingsun paringi dheweke kabeh rejeki saka kang
bagus-bagus lan Ingsun luwihake dheweke kabeh kanthi kaluwihan kang sampurna
marang akeh-akehe makhluq kang wus Ingsun cipta”.
Jama’ah Jum’at rahimakumullah!
Allah
ta’ala dhawuhaken manungsa murih tetap gesang ing dalem kamulyanipun. Njagi lan
nyampurnaaken kamulyan wau badhe ndumugeaken gesang bagya mulya lan kebak raos
tentrem : sae gesang pribadi sae gesang kemasyarakatan, gesang kadonyan lan
gesang akherat. Ing dalem setunggal kalodhangan Rasulullah Saw ngendika :
" إِنَّ
اللَّهَ كَرِيمٌ يُحِبُّ الْكَرَمَ ، جَوَادٌ يُحِبُّ الْجُودَ ، وَيُحِبُّ
مَعَالِيَ الأَخْلاقِ ، وَيَكَرْهُ سَفْسَافَهَا
"
“Setuhune
Allah iku Maha Mulya, tresna marang kamulyan, tresna luhuring akhlaq sarta
gething marang kainanne”. (Tafsir Ibnu Katsir)
Kangge
perlunipun njagi kamulyan lan luhuring
drajadipun manungsa, Allah ta’ala numurunaken agama pinangka pedoman gesangipun
manungsa. Sok sintena tiyang ingkang
nggeget agami mawi gusinipun, mangka badhe tambah-tambah kamulyanipun. Kosok wangsulipun
sinten ingkang mlengos saking agami, tetiyang wau badhe dhumawah ing telenging
kainan.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Emanipun,
kathah-kathahipun manungsa mboten saged njagi kamulyanipun. Sebabipun tetiyang
wau sami supe dhumateng cecepengan gesang peparingipun Allah ta’ala. Tetiyang
mau sami nuruti pepenginan nafsunipun lan kapilut pambujuking syetan. Hawa
nefsu lan syetan tansah mbujuki supados manungsa sami mitadosi bilih ing
gebyaring donya punika mapan kamulyaning gesang.
Kathah
tiyang ingkang nelasaken gesangipun anamung kangge luru bandha, amargi nganggep
ing mriku mapan kamulyan gesang. Sangking anggenipun ngoyak bandha, ngantos
mboten maelu malih kaliyan pranatan
agami, masyarakat lan negari. Nyupeaken
pundi ingkang halal lan pundi ingkang haram.
Wonten
ingkang nganggep kamulyan punika mapan ing pangkat, jabatan lan kalenggahan.
Golongan punika sami ngoyak pangkat lan kalenggahan kanthi kathah cara kalebet cara-cara nistha :
nyogok, pitenah, wicanten goroh lan sanes-sanes cara ingkang mboten pinuji.
Ingkang nganggep kamulyan punika mapan ing kuncaraning asma, sami kersa
ngorbanaken punapa kemawon kangge nggayuh kamulyan wau. Lan ingkang nganggep
kamulyan punika mapan ing gelar-gelar
akademik, tetiyang wau sami purun apus-apus, tumbas gelar-gelar wau kangge
kamulyaning pribadhi.
Amargi
klentu anggenipun mahami papan kamulyan gesang, tiyang-tiyang mau mboten
anamung wurung nggayuh kamulyan, kepawis tiyang-tiyang wau dhumawah ing
kainan. Ina ing donya, ina ing akherat.
Ing donya mboten dipun mulyaaken manungsa amargi tumindak aniaya dhumateng
asanes, ndumugeaken kapitunan dhumateng akathah sarta nglanggar pranatan lan
adab gesang kemasyarakatan.
Gesang
donyanipun ugi kainaaken dening Allah ta’ala amargi sampun kumawantun nerak
wewaleripun Allah ta’ala. Wujud kainanipun tetiyang wau arupi gesang ingkang
rupeg, awrat, kebak panandhang saha tebih saking tentreming manah. Ing
akherat sampun kacawisaken papan wangsul
ingkang tebih saking sekeca nun inggih neraka jahanam. Ayat 112 saking surah Ali
Imran nyebataken :
ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ
الذِّلَّةُ أَيْنَ مَا ثُقِفُوا إِلَّا بِحَبْلٍ مِنَ اللَّهِ وَحَبْلٍ مِنَ
النَّاسِ وَبَاءُوا بِغَضَبٍ مِنَ اللَّهِ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُ
ذَلِكَ بِأَنَّهُمْ كَانُوا يَكْفُرُونَ بِآَيَاتِ اللَّهِ ...
“
Dheweke kabeh kagubet dening kanisthan ana ing ngendi wae dheweke padha
manggon, kejaba yen dheweke kabeh iku padha cekelan kukuh marang taline
(agamane) Allah, lan marang tali (perjanjen) karo manungsa, lan dheweke kabeh
entuk kamurkan saka Allah maneh lan padha kagubet dening kanisthan. Kang kaya
mangkono iku amarga dheweke kabeh padha kapir marang ayat-ayate Allah”.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Yektosipun,
menawi manungsa pengin tetep ing dalem kamulyanipun, manungsa kedah wangsul
dhumateng agami : nyantosaaken iman, njagi akhlaqul karimah lan maesi gesang
kanthi kathah-kathahipun amal shaleh. Ing dalem surah Faathir ayat 10 Allah
Ta’ala paring pitedah punapa ingkang kedah dilampahi manungsa murih saged
nggayuh kamulyan gesang :
مَنْ كَانَ
يُرِيدُ الْعِزَّةَ فَلِلَّهِ الْعِزَّةُ جَمِيعًا إِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهُ
“Sapa
wonge kang kepengin kamulyan, mangka kagungane Allah kabeh kamulyan iku. Kunjuk
marang Allah Ta’ala munggah pangucap kang becik-becik lan amal shaleh kang uga
kunjuk marang Ngarsane ’.
Kanthi
terwaca ayat punika suka keterangan bilih margi tumuju kamulyan gesang punika
mapan wonten ing iman lan amal shaleh. Tegesipun anamung kanthi iman lan
nindaaken amal shaleh, manungsa saged nggayuh kamulyan lan luhuring gesang.
Kanthi
iman manungsa sami nyawijeaken ing Allah ing dalem nyembah, ajrih lan nyuwun
pitulungan. Kanthi iman ingkang jejeg, badhe nebihaken manungsa saking
ngumawula dhumateng syetan, jin lan kuwaos sasanesipun Allah Ta’ala. Kanthi
iman dhumateng Allah manungsa njagi
saking ngina pribadhinipun aben ajeng makhluk sanes. Awit minangka
makhluk ingkang mulya, manungsa iman mboten pantes ngumawula, nyuwun lan ajrih
dhumateng sami makhluk.
Iman
ingan santosa ugi badhe nggampilaken manungsa nindaaken amal shaleh.
Kapitadosan ngengingi wontenipun Allah Ta’ala lan sifat adil-Ipun nyebabaken
manungsa entheng nindaaken mapinten-pinten kebagusan pinangka sarana kangge
nggayuh ridha Allah Ta’ala. Muslim ingkang leres imanipun badhe mempeng
nindaaken amal shaleh awit piyambakipun mangertos bilih amal shaleh punika
sanes betahipun Allah Ta’ala. Sedaya kesaenan punika manfaatipun badhe wangsul
dhumateng manungsa piyambak.
إِنْ
أَحْسَنْتُمْ أَحْسَنْتُمْ لِأَنْفُسِكُمْ وَإِنْ أَسَأْتُمْ فَلَهَا
“Menawa
sira tumindak becik sira tumindak becik tumrap awakira dhewe lan menawa
tumindak ala, mangka piala iku (bali) marang awakira dhewe”. (Q.S. Al-Israa’
ayat7)
Jama’ah
Jum’at rahimakumullah!
Tiyang-tiyang
ingkang iman lan nindaaken amal shaleh badhe pikantuk kamulyan ing dalem
gesangipun. Gesangipun mulya amargi sedaya lampahipun mboten wonten ingkang ina
lan pantes dipun nistha. Tiyang-tiyang ingkang iman lan nindaaken amal shaleh
mboten badhe pikantuk kainan lan kanisthan saking manungsa sanes amargi para
iman wau mboten nate tumindak ingkang nyebabaken kapitunan lan mboten tumindak
aniaya dhumateng asanes.
Tiyang-tiyang
ingkang nindaaken amal shaleh adhedhasar iman dhumateng Allah badhe dipun
mulyaaken drajadipun dening Allah Ta’ala. Kaparingan gesang kebak rahmat lan
barakah ing donya punika. Ing akherat sampun kacawisaken nugraha ingkang saestu
endah lan ngresepaken amargi iman lan amal shalehipun
بَارَكَ اللهُ لِيْ
وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ
اْلآياَتِ وَالذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ
إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ
KHUTBAH 2
إرسال تعليق