Nikmat Kamardikan
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Sederek sedaya sebangsa lan
setanah air
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng
Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng sedaya umat ipun saengga
wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat
ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan
fiddunya wal akhirah. Amiin.
Sampun
77 tahun nagari kita Indonesia mardika saking kungkungan bangsa penjajah.
Kamardikan ingkang kita tampi menika sejatosipun mujudaken rahmat saking Allah
SWT kados ingkang kaserat ing Pambuka UUD 1945 ingkang pun ihktiyari kanti
perjuangan lan doa para sesepuh. Kanti kamardikan kita sedaya saget sekeca nglampahi
pedamelan saben dinten kados dene sekolah, makaryo, srawung kaliyan kadang lan
warga tanpa wonten gangguan. Mila kita sedaya wajib syukur dhumateng Allah
ingkang sampun maringi dhumateng kita nikmat ingkang agung menika. Allah
ngendika:
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ ۚ هَلْ مِنْ خَالِقٍ
غَيْرُ اللَّهِ يَرْزُقُكُمْ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا إِلَٰهَ إِلَّا
هُوَ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ
“He
para manungsa, elinga marang nikmating Allah tumrap sira kabeh. Apa ana kang
bisa nitahake saliyane Allah, tur paring rejeki saka langit lan bumi. Ora ana
Pengeran kang sinembah kejaba Panjenengane, mula saka apa sira padha
kablinger?”. (QS.Fathir:2)
Ibnu
Taimiyah ngendika: “Syukur iku kudu
katindakna kanthi ati, lisan lan uga anggota badan”. (Majmuah Al
Fatawa:11:135)
Sederek sedaya sebangsa lan
setanah air
Lajeng
kados pundi cara kita syukur awit kaparingan nikmat kamardikan menika?
1.
Kanti njagi taqwa marang Allah
Kamardikan
menika mujudaken nikmat agung ingkang Allah paringaken dhumateng rakyat
Indonesia awit ketaqwaan para sesepuh lan para pahlawan ingkang sampun berjuang
nglawan penjajah. Mila cara kita syukur ingkang paling utama inggih menika
nglajenganken perjuangan para pahlawan kanthi njagi ketaqwaan dumateng Allah
SWT. Allah ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَتَّقُوا اللَّهَ
يَجْعَلْ لَكُمْ فُرْقَانًا
“He para wong mukmin, menawa sira taqwa ing
Allah yekti panjenengane andamelake ing sira kabeh furqan (pamisah). . . (QS Al Anfal:29).
Para
ulama ngendika furqan menika
maksudipun Allah paring pitulungan lan keslametan. Taqwa menika mujudaken margi
ingkang kedah dipun lampahi sedaya warga masyarakat menawi ngersaaken nagari
Indonesia menika tansah ayem tentrem lan subur makmur. Allah ngendika:
وَمَن يَتَّقِ ٱللَّهَ يَجۡعَل لَّهُ
ۥ مَخۡرَجً۬ا (٢) وَيَرۡزُقۡهُ مِنۡ حَيۡثُ لَا يَحۡتَسِبُۚ …
“Sing
sapa wonge taqwa ing Allah, Panjenengane bakal anggampangake dalane wong iku.
Lan bakal paring rejeki saka kang ora kinira- ira…
(QS. At Thalaq: 2 dan3)
2.
Nindakaken sedaya kesaenan
kagem kemajengan nagari
Sampun
dados kewajiban sedaya warga masyarakat Indonesia bilih cara syukur awit
kaparingan kamardikan inggih menika kanthi nindakaken sedaya kesaenan kagem
kemajengan nagari kita Indonesia. Para sesepuh lan pahlawan sampun berkorban
kagem kita sedaya putra wayah Indonesia. Mila putra wayah ingkang sae kedahipun
nglajenganken pangorbanan para sesepuh kanthi njgagi kamardikan lan majenganken
pembangunan Indonesia. Katitahaken dados Punapa kemawon kita wonten ing nagari
Indonesia menika kedhah tumindak sae, menawi dados rakyat nggih kedhah dados
rakyat ingkang sae, menawi dados pimpinan kedhahipun ugi pimpinan ingkang sae.
Mekaten ugi, punapa kemawon pakaryan ingkang kita lampahi kedhah dipun niyati
kagem kemajengan bangsa lan tumindak sae dhumateng sesami. Menawi sedaya warga
masyarakat saget guyup rukun mekaten, insyaalah kita sedaya badhe tansaya
pinaringan keberkahan lan kemakmuran. Allah ngendika:
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا
لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ . . .
“Mangka saumpama wong- wong penduduking
Negara mau gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti deweke ingsun bukaake rejeki
saka langit lan bumi . . . (QS. Al A’raf:96).
Ibnu Katsir ngendika: “yaiku menawa wong- wong iku atine iman
marang dawuhe para rasul, percaya, nurut banjur taqwa ing Allah kanti nindakake
ketaatan lang ninggalake perkara kang diharamake. Mula Allah bakal paring
rejeki: “yaiku banyu udan saka langit lan tetuwuhan saka sakjroning bumi.”
(Tafsir Alquran Al Azim).
Sederek sedaya sebangsa lan
setanah air
Mila kanthi menika sumangga
kita sedaya ningkataken ketaqwaan dhumateng Allah lan nindakaken sedaya
kesaenan kagem kemajengan lan kemakmuran nagari kita Indonesia. Mugi Allah
tansah paring rahmat, berkah lan sedaya kesaenan dhumateng kita sedaya. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
إرسال تعليق