Berikut ini kami posting khutbah Jumat Bahasa Jawa tentang hari kemerdekaan, tema ini kami angkat dalam rangka memperingati Hari Ulang Tahun Kemerdekaan Indonesia yang ke - 77. Semoga bermanfaat, Baarokallahufiikum.


Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Spesial HUT-RI 77

Mardika Saking Pambujuking

Nafsu lan Syetan

Ustadz Sadmonodadi

 

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ هَدَى مَنْ شَاءَ اِلَى الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ.

اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ  أَجْمَعِيْنَ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ

قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ : أَعُوذُ بالله مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحِيمِ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمنوا اِتَّقَوْا اللهَ حَقِّ ثِقَاتِهِ ولاتموتن إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Alhamdulillah syukur lan pangalembana konjuk dhumateng Ngarsa Dalem Allah subhanu wa ta'ala ingkang sampun paring kesehatan lan iman mahanani kita saged nindaaken ibadah Jum'at ing siyang punika. Kasugengan lan kasantosan mugi tansah kaparingna dhumateng Rasulullah  shalallahu 'alaihi wassalam, dhumateng kulawarga Rasul, dhumateng para shahabat lan mugi-mugi lumeber dhumateng kita sami.

Murwakani khutbah punika, khatib ngajak jama'ah Jum'at sedaya mangga kita sami ningkataken taqwa dhumateng Allah ta'ala. Caranipun kanthi saestu-estu nindaaken dhawuh  lan nilaraken punapa kemawon ingkang dipun awisi. Kanthi makaten mugi-mugi kita sami kacathet minangka ewonipun kawula ingkang bekti. 

Jama'ah Jum'at  rahimakumullah!

Sekedap malih bangsa Indonesia badhe mengeti Dinten Ulang Tahun Kamardikan Indonesia ingkang kaping 77. Temtu kita sami mboten kesupen  ngaturaken panuwun awit nugraha ingkang agung punika. Awit kamardikan punika mujudaken kori kangge nggayuh cita-cita ngedegaken  negari inggih punika :  melindungi segenap bangsa Indonesia, memajukan kesejahteraan umum, mencerdaskan kehidupan bangsa serta ikut melaksanakan ketertiban dunia berdasarkan kemerdekaan, perdamaian abadi, dan keadilan sosial.

Jama'ah rahimakumullah!

Miterat al-Qur'an, negari adil makmur kados ingkang dipun impi punika nembe saged kagayuh menawi pendudukipun sami taqwa. Allah ngendika ing dalem serat al A'raf ayat 96 :

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرَى اَمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَ الْاَرْضِ

Artinya: "Menawa penduduk sawiji negeri pada iman lan taqwa, mesthi bakal Ingsun bukaake   tumrap penduduke barakah saka langit lan bumi".  

Tiyang-tiyang ingkang takwa mujudaken tiyang ingkang remen nindaaken kesaenan, ajak-ajak dhumateng ingkang ma'ruf lan nilaraken ingkang mungkar. Anamung kanthi temen-temen berjuang  ing margi kesaenan wau badhe saged  kagayuh baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur – negari adil makmur kebak maghfirahipun Allah  subhanahu wa Ta’ala..

Awit saking punika dipun perloaken ikhtiar tanpa kendhat mbangun penduduk Indonesia murih menjadi tiyang-tyang takwa. Saestu Allah subhanahu wa ta'ala mboten badhe ngewahi kawontenan setunggal kaum tumuju kawontenan ingkang langkung sae menawi kaum wau mboten kersa ngewahi kawontenan ingkang wonten ing pribadhi-pribadhinipun piyambak. Ngendikanipun Allah ing serat ar-Ra’d ayat 11 :

اِنَّ اللهَ لاَ يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّى يُغَيِّرُ مَا بِأَنْفُسِهِمْ

Artosipun : "Setuhune  Allah ora bakal ngowahi kahanan sawiji kaum nganti kaum mau ngowahi kahanan kang ana ing pribadhi-pribadhine dhewe".

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Estunipun wonten kalih pepalang tumuju taqwallah. Kalih pepalang kasebat inggih punika : 

Sepisan  hawa nefsu.

Hawa nefsu punika mujudaken peparing  ingkang dipun paesaken Allah ing dalem pribadhi setunggal tiyang. Nafsu diperloaken murih manusia saged njagi gesangipun. Nefsu dhahar dipun perloaken murih manungsa saged nglebetaken nutrisi ingkang dipun betahaken badan. Nafsu seks njagi kalajengan turunipun. Nefsu dhumateng arta bandha, saestu nyebabaken manungsa mempeng anggenipun mbudi daya ngolah alam raya punika kangge kacekapanipun manungsa.

Kuciwanipun menawi mboten dipun kendaleni, nefsu  saged ngrisak gesang; sae gesang pribadhi, sae gedang kemasyarakatan. Ingkang makaten Allah sampun ngengetaken ing dalem al-Quran serat Yusuf ayat 53 :

إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّي إِنَّ رَبِّي غَفُورٌ رَحِيمٌ

Satemene nafsu iku tansah ngajak marang ala, kejaba nafsu kang oleh rahmat saka Pangeranku”.

Ing ayat sanesipun Allah ugi ngengetaken bilih nefsu punika badhe mbekta dhumateng kawontenan sasar. Allah ta'ala ngendika :

وَإِنَّ كَثِيرًا لَيُضِلُّونَ بِأَهْوَائِهِمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِينَ

“Lan temen akeh-akehe manungsa arep nyasarake wong liya nganggo hawa nefsune tanpa ilmu. Satemen Allah, Piyambake kang luwih priksa wong-wong kang ngluwihi wates,"  (QS. Al-An’am: 119)

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kaping kalih, ingkang ngalang-alangi manungsa tumuju takwa inggih punika syetan.

Syetan tansah ngajak manungsa tumuju dhumateng kathah-kathahipun maksiyat. Allah ngendika  :

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ

“He wong-wong kang padha iman,  aja sira melu laku-lakune syetan."  (QS. An-Nur: 21).

Ing sanes ayat dipun pratelaaken bilih syetan (sae ingkang kedadosan saking jin utawi manungsa) tansah mbisiki manungsa murih nindakna maksiyat lan ngalang-alangi manungsa nindaaken kesaenan. Allah ngendika :

اَلشَّيْطٰنُ يَعِدُكُمُ الْفَقْرَ وَيَأْمُرُكُمْ بِالْفَحْشَاۤءِ ۚ وَاللّٰهُ يَعِدُكُمْ مَّغْفِرَةً مِّنْهُ وَفَضْلًا ۗ وَاللّٰهُ وَاسِعٌ عَلِيْمٌ ۖ

 “Syetan njajeaken fakir kanggone sira kabeh lan mrentahake marang mungkar. Wondene Allah njanjeake pangapura lan nugraha saka Piyambake Allah. Allah Maha Jembar  lan Maha Priksa". (QS. Al-Baqarah: 268)

Kaum Muslimin rahimakumullah!

Mardika saking dipun jajah bangsa sanes kedah dipun tututi kanthi mardika saking pambujukipun  nefsu lan syetan. Menawi mboten, mangka Indonesia anamung badhe dipun kebaki tiyang-tiyang ingkang ngudi mareming nefsu lan tiyang-tiyang ingkang remen maksiyat. Lan menawi kathah-kathahipun warga bangsa mliginipun para pemimpin lan para-para ingkang nyepeng kuwaos anamung ngudi kacekapan nefsunipun lan remen nindaaken  maksiyat mangka gegayuhan pagesangan ingkang adil-makmur,  sejahtera, kebak maghfirahipun Allah saya tebih jangkanipun.

Pramila penting menggahipun tiyang iman tansah nggesangaken semangat kangge dakwah Islam. Tansah tumindak sae, ajak-ajak dhumateng kesaenan lan ajak-ajak nilaraken perkawis ingkang bathil. Sedaya punika kedah dados kesadaran kathah-kathahipun warga bangsa sakderengipun sedaya kebacut, sakderengipun negari punika bangkrut.

Mugi-mugi Allah mbikak kathah-kathahipun maghfirah awit sedaya kirang kita lan paring gampil ing sedaya urusan sae kita sami.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

Khutbah 2

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.  أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

قَالَ اللهُ تَعَالَى فْي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ  وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ .وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.

اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa spesial HUT RI ke 77 ini dengan format PDF melalui tautan link berikut:

Post a Comment

أحدث أقدم