Dedagangan ingkang Mbatheni
Ustadz Sadmonodadi
إنَّ
الحَمْدَ لله، نَحْمَدُه، ونَسْتَعِيْنُه، ونَسْتَغْفِرُهُ، ونَعُوْذُ بِهِ مِن
شُرُورِ أنْفُسِنَا، وَمِنْ سَيِّئَاتِ أعْمَالِنا، مَنْ يَهْدِه الله فَلا
مُضِلَّ لَهُ، ومن يُضْلِلْ، فَلا هَادِي لَهُ.أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ
وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ مُحَمَّدًا عبْدُه ورَسُولُه.اَللَّهُمَّ
صَلِّى عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدًى اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ
! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ, يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا
اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jama’ah
rahimakumullah!
Syukur lan
pangalembana anamung kunjuk dhumateng Allah SWT, Dzat ingkang nyipta manungsa,
nyekapi kabetahan donyanipun lan ingkang kuwaos mundhut wangsul gesang wau.
Dzat ingkang paring piwucal punapa ingkang mboten dipun mangertosi dening
manungsa 'aaalamal insaana maa lam ya’lam.
Shalawat saha
salam gugi tansah kaparingna dhumateng Kanjeng rasul SAW, dhumateng kulawarga
Nabi, dhumateng para shahabat, para tabiin, tabiit-tabiin, lan mugi sumrambah
dhumateng kula panjenengan sami.
Mangga kita
sami ningkataken taqwa kita sami kanthi ngathah-athahaken ibadah dhumateng
Allah lan nebihi dosa lan maksiyat.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Ing dalem Al-Qur’an, Allah ngibarataken gesang punika
kados dene tiyang ingkang dedagangan. Allah sampun maringi kathah nikmat
minangka modal utawi pawitan arupi wekdal, kesehatan, ilmu, arta-bandha,
purta-wayah lan sanes-sanes nikmat ingkang
saged kablanjaaken wonten donya punika. Jamak limrahipun ing dalem dedagangan
wonten saperangan tiyang pikantuk bebathen kathah menapa sekedhik, saperangan
sanes nandhang kapitunan. Sedaya gumantung kaliyan kados pundi anggenipun mblanjaaken
nikmat peparingipun Allah wau.
Jama'ah Jum'at ingkang kawula mulyaaken!
Wonten sawatawis tiyang nelasaken gesangipun kangge
ngoyak arta bandha lan kanikmatan kadonyan sanesipun. Tiyang-tiyang punika
kraos gumbira saben-saben mirsani tambahipun arta bandhanipun lan kasedyan
nafsunipun. Tiyang-tiyang sewau ngukur sedaya tumindakipun adhedhasar tuna lan
bathi secara materi. Setunggaling perkawis badhe katindaaken menawi ndumugeaken
bebathen. Kosok wangsulipun perkawis sanes badhe kasingkiri menawi anamung
damel kapitunan tumrap arta bandha lan kepentinganipun.
Saya tambah sugih setunggal tiyang biasanipun saya
tambah mempeng anggenipun numpuk bandha. Saking mempengipun, kadangkala ngantos
nyupeakaten norma lan kaidah ingkang lumampah ing masyarakat. Ing dalem luru
bandha-donya tiyang-tiyang sutresna donya, mboten maelu malih menapa piyambakipun
ngapusi, goroh, malsu dokumen, utawi ngrugeaken asanes. Ingkang wonten
pikiranipun, anamung kados pundi pikantuk bandha sak kathah-kathahipun.
Ngengingi perkawis punika Kanjeng Rasul nate ngendika :
مَا ذِئْبَانِ جَائِعَانِ أ ُرْسِلاَ فِى غَنَمٍ بِأ
َفْسَدَ لَهَا مِنْ حِرْصِ الْمَرْءِ عَلَى الْمَالِ وَالشَّرَفِ لِدِيْنِهِ. (روه الترمذي)
“Wong kang rakus bandha lan kalungguhan bakal
luwih ngrusak agamane tinimbang loro khewan galak lan luwe kang diculake ing
antarane domba”. (HR.
Tirmidzi)
Jama'ah Jum'at rahimakumullah!
Tumrap tiyang-tiyang pinter ingkang mboten adhedhasar
ilmu agami, mbok menawi nganggep tiyang ingkang kados mekaten wajar-wajar
kemawon. Awit menungsa punika nggadhahi naluri remen dumateng ingkang eca,
sekeca, ngremenaken lan mbatheni dumateng awakipun piyambak. Dening ilmu jiwa
modern, perkawis punika dipun anggep pinangka perkawis ingkang wajar, lan
tiyang ingkang nglampahi mboten badhe nandang sakit manah utawi sakit
pikiranipun.
Ananging ndherek tuntunan agami tiyang-tiyang ingkang ingkang nelasaken
umuripun kangge ngoyak keremenanipun piyambak; tiyang-tiyang ungkang
mblanjaaken badan, tenaga, pikiran lan arta bandhanipun anamung kangge nguja
hawa nefsunipun, tiyang-tiyang sewau wonten ing dalem kapitunan. Tiyang-tiyang
sewau tuna awit manahipun mboten tentrem, emosinipun gampang muntab amargi
cecepangan gesangipun mboten kukuh. Tiyang-tiyang wau tuna awit gesangipun sumpeg lan rupeg amargi donyanipun anamung
sak wiyaripun kepentinganipun piyambak, kabahagyanipun anamung winates sak
marem hawa nefsunipun.. Tetiyang wau tuna amargi mboten saged ngraosaken
tentremipun taqarub lan dhedhepe dumateng Allah, mboten saged ngarosaken endahipun nindaaken amal shaleh lan mboten
saged ngraosaken nikmatipun tetulung
dumateng asanes. Sedaya wau kapitunan ing donya.
Ing alam akherat samangke, tiyang-tiyang ingkang tebih
saking iman dumateng Allah, tetiyang ingkang ketungkul mbujung keremenan lan
nyupeaken nindaaken amal shaleh tiyang-tiyang sewau badhe pikantuk pagesangan
ingkang awrat. Pangandikanipun Allah ing surah Al-Lail ayat 8 – 11 :
وَأَمَّا مَنْ
بَخِلَ وَاسْتَغْنَى (8) وَكَذَّبَ بِالْحُسْنَى (9) فَسَنُيَسِّرُهُ
لِلْعُسْرَى (10) وَمَا يُغْنِي عَنْهُ مَالُهُ إِذَا
تَرَدَّى (11)
“Dene
wong-wong kang bakhil lan rumangsa cukup, lan dheweke nggorohake ganjaran kang
luwih becik (swarga), temen dheweke bakal Ingsun sedhiyaake dalan kang rekasa.
Bandhane wong mau ora bakal bisa nulungi dheweke, menawa dheweke uwis
kecemplung neraka”.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Supados gesang punika mboten nandang kapitunan agami
suko piwucal kados ingkang kacetha ing dalem Al-Qur’an surah Fathir ayat 29 –
30 :
إِنَّ الَّذِينَ
يَتْلُونَ كِتَابَ اللهِ وَأَقَامُوا الصَّلاَةَ وَأَنْفَقُوا مِمَّا
رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلاَنِيَةً يَرْجُونَ تِجَارَةً لَنْ تَبُورَ (29) لِيُوَفِّيَهُمْ أُجُورَهُمْ وَيَزِيدَهُمْ مِنْ
فَضْلِهِ إِنَّهُ غَفُورٌ شَكُورٌ(30)
“Satemene
wong-wong kang maca Kitabullah, lan padha nindaake shalat, sarta nginfakake
saperangan saka rejeki peparinge Allah kelawan dhedhelikan lan terang-terangan,
wong-wong mau ngarep-arep dedagangan kang ora tuna, supaya Allah nyampurnaake
ganjaran marang wong-wong mau saka kanugrahan peparinge. Yekti Allah Maha
Paring Pangapura lan Maha Syukur”.
Kanthi gamblang
Allah mratelaaken perkawis ingkang kedah dipun tindaaken supados gesang mboten
pikantuk kapitunan, inggih punika:
Sepisan, cecepengan dumateng Al-Qur’an
Al-Qur'an
punika pitedah ingkang badhe mbekta tiyang mukmin tumuju kesaenan gesang
ing donya lan akhirat. Allah ngendika :
إِنَّ هَذَا الْقُرْءَانَ يَهْدِي لِلَّتِي هِيَ أَقْوَمُ وَيُبَشِّرُ الْمُؤْمِنِينَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ أَجْرًا كَبِيرًا
‘Satemene
al-Quran iku menehi pituduh marang (dalan) kang luwih lempeng lan menehi kabar
seneng marang wong-wong mukmin kang nindaake amal saleh menawa tumrap dheweke
kaparingan ganjaran kang gedhe”. (Q.S. al-Isaraa’ ayat 9)
Al-Qur’an nedahaken dhumateng menungsa margi ingkang ndumugekaken
dhumateng kasentosaning iman, kasarasan jiwa lan raga, kautamen bale griya
tuwin katentreman masyarakat. Semanten ugi, al-Qur'an paring pepenget pundi
lampah-lampah ingkang tundhonipun badhe ndumugeaken kacilakan lan kasengsaran
tumrap menungsa awit saking punika kedah dipun tebihi. Kanthi gegondhelan
tuntunan agami kita badhe pikantuk kamulyan sae ing dalem hubungani kaliyan
Allah (hablumminallahi) sae ing dalem sesambetan kaliyan sesami titah (hablumminannas).
Kaping kalih, murih gesang mboten tuna tiyang iman kedah nindaaken
shalat
Shalat punika kewajiban utami menggahing mukmin. Shalat
mujudaken amal ingkang sepisanan dipun hisab. Menawi shalatipun sae mangka
nyebabaken amal sanesipun dados sae.
Kosok wangsulipun, manawi shalatipun awon badhe mahanani awonipun sedaya
amalipun. Ngendika Rasulullah shallallahu 'alaihi wassalam :
إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ
الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلَاتُهُ فَإِنْ صَلُحَتْ فَقَدْ
أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسِرَ
”Amale kawula kang pisanan dihisab ing
dina kiamat yaiku sholat, menawa sholate bagus, dheweke pikoleh bathi sukses,
menawa sholate cicir dheweke arep getun lan tuna". (HR. Ath-Thabrani)
Saestu
shalat punika ageng sanget manfaatipun tumrap kesehatan mental. Kanthi shalat, saged
nebihaken raos ragu-ragu lan was-was. Kanthi shalat kita saged ndhawahaken
pilihan kanthi mantep. Shalat nebihaken kita saking gangguan jiwa. Kanthi
shalat ugi derajad kita badhe dipun angkat dumateng papan ingkang pinuji.
Kaping tiga, murih gesang ngasilaken bebathen inggih punika
nginfakaken saperangan rejeki saking peparingipun Allah SWT.
Supados gesang mboten nandang rugi Allah ugi paring
dhawuh supados kita ngenthengaken mbayar zakat, paring infak lan shadaqah.
Kanthi saperangan arta bandha ingkang dipun blanjaaken kangge kemashlahatan
sesami punika, badhe nebihaken saking sifat-sifat medhit, lan nggampilaken
nyukuri nikmatipun Allah, sahengga pepuntonipun saged nyuceaken jiwa lan
nggesangaken manah.
Zakat ugi nuwuhaken raos ayem lan tentrem, boten
anamung tumrap ingkang nampi, ananging ugi dumateng ingkang mbayar zakat, infaq
lan shadaqah. Sifat hasud (drengki) lan meri saged tuwuh ing manahipun
tiyang-tiyang ingkang kesrakat, nalika mirsani setunggaling tiyang ingkang
gesang leluwihan tanpa kersa tetulung dumateng sedherekipun ingkang kesrakat
sewau. Sifat drengki lan meri sewau saged nuwuhaken memengsahan ingkang
tundhonipun nyebabaken raos was-was lan nebihaken katentreman tumrap
tiyang-tiyang ingkang nggadhahi arta bandha.
Jama'ah Jum'at rahimakumullah!
Tiyang-tiyang ingkang tansah gegondhelan Al-Qur’an,
nindaaken shalat tuwin nginfakaken saperangan saking arta bandhanipun punika
dipun ibarataken kados bakul ingkang mboten nandang rugi. Tetiyang wau badhe
pikantuk kesaenan ing donya lan akherat. Tetiyang wau badhe pikantuk magfirah
saking Allah, kaparingan ganjaran ingkang sakalangkung sampurna lan badhe
katambah-tambah nugraha saking Ngarsa Dalem Allah.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا
ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ
Khutbah 2
اَلْحَمْدُ للهِ حَمْدًا
كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْـهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا
أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا
صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ
أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اَللَّهُمَّ
أَرِنَا
الْحَقَّ
حَقًّا
وَارْزُقْنَا
اتِّبَاعَهُ،
وَأَرِنَا
الْبَاطِلَ
باَطِلاً
وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ.
رَبَّنَا
لاَ
تُزِغْ
قُلُوْبَنَا
بَعْدَ
إِذْ
هَدَيْتَنَا
وَهَبْ
لَنَا
مِن
لَّدُنْكَ
رَحْمَةً
إِنَّكَ
أَنتَ
الْوَهَّابُ.
رَبَّنَا
آتِنَا
فِي
الدُّنْيَا
حَسَنَةً
وَفِي
الآخِرَةِ
حَسَنَةً
وَقِنَا
عَذَابَ
النَّارِ.
وَالْحَمْدُ
لِلَّهِ
رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ
-------------
إرسال تعليق