Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Guyup Rukun

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ,  أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Islam ngajak umatipun tumuju panggesangan ingkang ayom ayem, guyup rukun. Islam dawuh dhumateng sedaya pemelukipun bilih wonten pundi panggenan supados remen ngajak sanak kadang lan sedaya warga masyarakat ngupadi kerukunan lan katentreman gesang bermasyarakat. Mila islam paring tuntunan supados guyup rukun saget kalampah ing madyaning pasrawungan, sedaya warga masyarakat kedah kersa nglampahi unggah- ungguh ingkang dipun tuntunaken islam, ing antawisipun:

 

1.     Ngurmati tiyang sanes.

Panggesangan masyarakat bade guyup rukun menawi saben kita saget ngurmati lan ngajeni tiyang sanes. Ngurmati tiyang sanes mujudaken akhlaq ingkang dipun dawuhaken islam. Sadangunipun kanjeng nabi Muhammad SAW gesang, panjenenganipun sampun paring tuladha babagan ngurmati dumateng tiyang sanes. Menawi sedaya warga masyarakat sami kersa ngurmati dhumateng tiyang sanes, estu badhe kawujud suasana gesang ingkang guyup rukun ayem tentrem. Mila islam ngajak supados kita sedaya nebihi tumindak awon ingkang saget ngrisak suasana katentreman. Nyana ala, moyoki, nenacad lan sanes- sanesipun kedah dipun tebihi awit sedaya wau saget andadosaken masyarakat congkrah lan mengsahan. Ngendika Allah SWT:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا يَسْخَرْ قَوْمٌ مِّنْ قَوْمٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُوْنُوْا خَيْرًا مِّنْهُمْ وَلَا نِسَاۤءٌ مِّنْ نِّسَاۤءٍ عَسٰٓى اَنْ يَّكُنَّ خَيْرًا مِّنْهُنَّۚ وَلَا تَلْمِزُوْٓا اَنْفُسَكُمْ وَلَا تَنَابَزُوْا بِالْاَلْقَابِۗ بِئْسَ الِاسْمُ الْفُسُوْقُ بَعْدَ الْاِيْمَانِۚ وَمَنْ لَّمْ يَتُبْ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الظّٰلِمُوْنَ

“He para wong mukmin, sira aja memoyoki segolongan marang golongan liyane, mbokmanawa golongan kang dipoyoki luwih becik tinimbang golongan kang memoyoki, lan maneh para wong wadon aja pada anggeguyu marang wong wadon liyane, mbok Manawa wong wadon kang digeguyu iku luwih becik tinimbang kang anggeguyu, lan sira aja nyacad marang awakira dewe, lan maneh sira aja parab pinaraban kalawan paraban kang ala. Ala- alane jeneng iku fasek sawuse iman, lan sing sapa ora gelem tobat mangka wong kang mengkono iku sajatine kagolong wong kang tumindak nganiyaya. (Q. S. Al Hujurat: 11).

 

2.     Tulung tinulung

Perkawis kaping kalih ingkang saget dados sarana nggayuh panggesangan guyup rukun inggih menika tulung tinulung utawi taawun . Saestu, mboten wonten tiyang ingkang saget gesang piyambakan wonten ing alam dunya menika, lumrahipun saben tiyang mesti mbetahaken pitulungan tiyang sanes. Tulung tinulung wonten ing madyaning pasrawungan pinangka sarana ingkang saget nyaketaken manah lan ndadosaken raos tresna dumateng tiyang sanes. Menawi ing ndalem setunggaling masyarakat, pendudukipun sampun kulinten tulung tinulungan mila estu bade kawujud masyarakat ingkang guyup rukun. Allah SWT dhawuh wonten ing Surat Al Maidah: 2

وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ

 “Lan pada tulung-tinulunga sira ana ing laku kabecikan lan taqwa. Ananging aja pada tulung- tinulung ana ing laku dosa lan memungsuhan. Lan pada taqwaa sira marang Allah satemene Allah iku abot panyiksane.

Rasulullah SAW ngendika:

وَاللَّهُ فِى عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِى عَوْنِ أَخِيهِ

“Allah bakal aweh pitulungan marang sawijine wong, menawa wong iku gelem aweh pitulungan marang sedulure”. (H.R. Muslim:2699)

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Menika seperangan perkawis ingkang saged andadosaken panggesangan kita sedaya tansah guyup rukun. Mugi-mugi Allah SWT tansah maringi hidayah dhumateng kita sedaya sahingga kita saget nindakaken tuntunan minulya gesang kemasyarakatan. Amin.

 

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF  




Post a Comment

أحدث أقدم