Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Miyosipun Nabi Muhammad SAW
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, أَمَّا بَعْدُ, فَيَا
عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. قَالَ اللهُ تَعَالَى
فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Khutbah Awal
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur
sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang
sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun sahingga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu,
widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW
ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten
kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti
nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa
panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal
akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Nabi Muhammad miyos ing kitha Mekah dinten Senin tanggal 12 wulan
Rabiul Awal warsa Gajah utawi 20 April 571
Masehi. Dipun sebat warsa gajah amargi ing tahun
miyosipun Muhammad wonten pasukan gajah saking nagari Yaman ingkang dipun
pandegani dening Abrahah badhe ngrubuhaken ka’bah kados kaserat ing
al-quran surat Al- Fiil. Ibunipun
Muhammad asma Aminah, dene ramanipun asma Abdullah. Kang rama sampun tilar
dunya rikala Muhammad tasih wonten kandungan, lan ibunipun tilar dunya rikala
Muhammad umur 6 tahun. Muhammad yatim piatu lajeng dipun momong simbah
kakungipun asma Abdul Mutthalib. Nembe 2 tahun, simbah kakungipun ugi tilar
dunya lajeng Muhammad dipun momong bapa pamanipun ingkang asma Abu
Thalib.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wiwit nderek bapa pamanipun, Muhammad sampun mandiri malah
asring caos pambiyantu
ing pakaryanipun Abu Thalib, kadosdene angen mendo,
dedagangan lan sakpiturutipun. Muhammad lajeng kawentar
dados lare ingkang temen, jujur, prigel lan anggadahi unggah ungguh ingkang
minulya. Sahingga sedaya warga masyarakat paring paraban
“al- amin” piyayi ingkang pinitados.
Umur 25 tahun Muhammad mbangun bale gegriya daup kaliyan Khadijah. Khadijah
menika garwa ingkang shalihah, bekti dateng kang garwa lan remen caos
pambiyantu dumateng sedaya pakaryanipun Muhammad. Muhammad pakaryanipun
ngemong masyarakat, tetulung dateng sesami
gesang lan ajak- ajak dateng margi kesaenan.
Yuswa 40 tahun muhammad pikantuk wahyu saking Allah SWT
wonten ing gua hira, lajeng dipun utus pinangka nabi lan rasul ingkang
pungkasan. Allah ngutus Muhammad SAW dados nabi lan rasul
ingkang pungkasan menika pinangka bukti bilih panjenengangipun Allah estu welas
asih dumateng umat manungsa. Ngedika Allah:
وَمَآ اَرْسَلْنٰكَ اِلَّا رَحْمَةً لِّلْعٰلَمِيْنَ
“Lan
ingsun ora ngutus sira, kejaba supaya dadi rahmat marang alam jagat raya”
(Qs. Al- Anbiya: 107)
Jamaah jumah rahimakumullah
Muhammad dipun utus supados ngajak manungsa ing ndalem agami tauhid injih menika islam. Islam
tegesipun tunduk lan patuh dumateng Allah SWT. Islam ngajak sedaya manungsa
tumuju pangibadahan ingkang leres, manembah namung dumatheng Allah SWT lan
nilaraken sedaya kemusyrikan ing ndalem pangibadahan. Ngendika Allah:
وَلَقَدْ
اُوْحِيَ اِلَيْكَ وَاِلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكَۚ لَىِٕنْ اَشْرَكْتَ
لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُوْنَنَّ مِنَ الْخٰسِرِيْنَ
“Lan temen wus kawahyoake marang sira Muhammad
lan marang rasul sadurungenira, menawa sira nyekutoake Allah (musyrik) temen
bakal lebur kabeh amalira, lan temen sira bakal dadi golongane wong- wong kang
padha rugi”. (Az Zumar: 65)
Jamaah jumah rahimakumullah
Nabi Muhammad SAW menika saksampurna-sampurnanipun
manungsa lan sakmulya-mulyanipun utusan Allah SWT. Panjenenganipun ugi ingkang
paling edi peni pasuryanipun, paling inggil pekertinipun. , lan paling ageng
jasanipun dhumateng kula lan panjenengan sami. Nabi Muhammad SAW menika utusanipun
Allah SWT ingkang paling sabar, paling asih dhateng umatipun lan paling kathah
pendherekipun tinimbang sedaya nabi sanesipun. Ngendika Allah:
وَاِنَّكَ لَعَلٰى خُلُقٍ عَظِيْمٍ
“Lan
satemene sira iku kadunungan budi pekerti kang luhur”. (Qs. Al Qalam: 4)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten seperangan kisah
miyosipun nabi Muhammad SAW ingkang khatib aturaken wonten ing mimbar khutbah
jumat siang menika. Mugi- mugi kanthi sinau sejarah ingkang minulya menika kita
sedaya langkung kenal dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW. Ing pangajab mugi
Allah SWT tansah paring hidayah dumateng kita sedaya
sahingga kita saget cecepengan dumateng pitedahipun kanjeng nabi Muhammad SAW,
lan saget istiqamah nindakaken sedaya tuntunanipun.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا
أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا
رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ
مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا
وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا
كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا
اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ
بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ
اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ
رَقِيبًا
اِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ
عَلىَ النَّبِىْ يَاَ
يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى
آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ
حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا
بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ
إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى
وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا
مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي
الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا
عَذَابَ النَّارِ
إرسال تعليق