Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Njagi Lisan

Ust. Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Allah SWT nitahaken manungsa wonten ing alam dunya menika kanthi dipun paringi mawerni- werni kanikmatan. Salah setunggal kanikmatan kasebat inggih menika kanikmatan lisan. Kanthi lisan saget dados sarana nggayuh kesaenan ananging ugi saget dados penyebab kacilakan. Mila supados lisan menika saget nglantaraken manungsa tumuju kesaenan Allah dawuh supados kita sedaya tansah njagi lisan. Allah ngendika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا (70) يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا (71)

He para wong mukmin, sira pada taqwaa marang Allah lan pada ngucapa kalawan ucapan kang bener. Temen Allah bakal ambecikake tindak-ira lan ngapura dosa- dosa ira, lan sing sapa wonge nderek marang Allah lan utusane, temen deweke oleh kabegjan kanga gung”. (QS. Al-Ahzab;70-71)

Jamaah jumah rahimakumullah

Lisan menawi dipun ginakaken kanthi sae mesti bade mbekta keslametan lan kamulyan. Ananging menawi mboten dipun ginakaken kanthi sae mila bade mbekta kacilakan. Nabi Muhammad SAW paring pangandikan:

إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مِنْ رِضْوَانِ اللَّهِ لاَ يُلْقِى لَهَا بَالاً ، يَرْفَعُ اللَّهُ بِهَا دَرَجَاتٍ،

Saktemene ana sawijine kawula kang deweke ngucap kanthi ucapan kang  andadekake Allah ridha kamangka ucapan iku mung sepele, sahingga Allah ngangkat derajate kawula iku amarga ucapane”. (HR. Bukhari:6478)

Kanjeng nabi nglajengaken pangandikanipun:

وَإِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مِنْ سَخَطِ اللَّهِ لاَ يُلْقِى لَهَا بَالاً يَهْوِى بِهَا فِى جَهَنَّمَ

“Lan Saktemene ana sawijine kawula kang deweke ngucap kanthi ucapan kang  andadekake Allah murka, kamangka ucapan iku mung sepele, sahingga Allah nyiksa kawula iku ana ing jahanam”. (HR. Bukhari:6478)

Wonten hadits sanes ingkang dipun riwayataken imam muslim kanjeg nabi Muhammad ngendika:

إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مَا يَتَبَيَّنُ مَا فِيهَا يَهْوِى بِهَا فِى النَّارِ ….

Sektemene ana sakwijine kawula kang deweke ngucap kanthi ucapan kang ora dipikirake bahayane, banjur nyebabake deweke disiksa ana ing neraka. . .” (HR. Muslim no. 2988)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila kia sedaya wajib njagi lisan, ampun ngantos lisan menika dados penyebab kacilakan tumrap kita. Amargi katah sanget dosa- dosa ingkang dipun sebabaken dening lisan. Para ulama paring keterangan menggah contoh dosa- dosa lisan ingkang sampun lumrah wonten ing masyarakat kita, kadosdene: pitnah, adu domba, ngina utawi ngolok- olok, ghibah utawi gosip lan sanes- sanesipun. Nabi Muhammad ngendika:
عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- قَالَ « أَتَدْرُونَ مَا الْغِيبَةُ ». قَالُوا اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَعْلَمُ. قَالَ « ذِكْرُكَ أَخَاكَ بِمَا يَكْرَهُ ». قِيلَ أَفَرَأَيْتَ إِنْ كَانَ فِى أَخِى مَا أَقُولُ قَالَ « إِنْ كَانَ فِيهِ مَا تَقُولُ فَقَدِ اغْتَبْتَهُ وَإِنْ لَمْ يَكُنْ فِيهِ فَقَدْ بَهَتَّهُ »

“Saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: sira apa pada ngerti apa kang den arani  ghibah iku? Para sahabat wangsulan: Allah lan rasulipun ingkang pirsa..” Rasulullah ngendika:: “yaiku sira nyritakake sedulurmu kalawan perkara kang ora disenengi (menawa diceritake)”. Para sahabat wangsulan: “lha kadospundi menawi ingkang kita criosaken puniko panci leres?” Rasulullah ngendika: “menawa kang  sira critakake iku panci bener mula sira temen wus tumindak ghibah, ananging menawa ora bener temen sira wus tumindak  pitnah”. (HR. Muslim no. 2589).

Imam Nawawi paring pangandikan: Ghibah iku nyebutake eleke sedulurmu nalika deweke ora ana sandingmu. (Syarh Shahih Muslim, 16: 129).

Ghibah menika dipun haramaken lan kalebet dosa ageng. (Subulus Salam 4: 333),

Rasulullah ugi njelasaken:

“Sing sapa wonge zalim marang wong liya kanti ngrusak kehormatane (Ghibah) utawa njupuk hak milike mula kudu njaluk halal saka tumindak zalime iku ana ing dina iki. Sakdurunge tumeka dina kiyamat sing ora manfaat meneh dinar utawa dirham. Ana ing dina kiyamat iku menawa deweke nduwe amal shalih mula bakal dijupuk seukuran kezalimane. Menawa wus entek amal shalihe mula dosa- dosane wong kang dizalimi bakal dijupuk banjur diwenehake deweke”. (HR. Bukhari no. 2449, hadits Abu Hurairah.)

  Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat siang menika, khatib ngajak sumangga kita sedaya tansah njagi lisan saking perkawis ingkang dipun larang agami. Mugi Allah tansah paring hidayah sahingga kita saget lumampah wonten ing margi ingkang dipun ridhai Allah Ta’ala. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ .

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ .اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF  

  


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama