Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa Jawa
Njagi Lisan
Ust. Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ قَالَ اللهُ تَعَالَى
فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat
dumateng sedaya umat ipun
saengga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing
sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita
tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah
jumah rahimakumullah
Allah SWT nitahaken manungsa
wonten ing alam dunya menika kanthi dipun paringi mawerni- werni kanikmatan. Salah
setunggal kanikmatan kasebat inggih menika kanikmatan lisan. Kanthi lisan saget
dados sarana nggayuh kesaenan ananging ugi saget dados penyebab kacilakan. Mila
supados lisan menika saget nglantaraken manungsa tumuju kesaenan Allah dawuh
supados kita sedaya tansah njagi lisan. Allah ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ
وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا (70) يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ
ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا (71)
“He para wong mukmin, sira pada taqwaa marang Allah lan
pada ngucapa kalawan ucapan kang bener. Temen Allah bakal ambecikake tindak-ira
lan ngapura dosa- dosa ira, lan sing sapa wonge nderek marang Allah lan
utusane, temen deweke oleh kabegjan kanga gung”. (QS. Al-Ahzab;70-71)
Jamaah
jumah rahimakumullah
Lisan
menawi dipun ginakaken kanthi
sae mesti bade mbekta keslametan lan kamulyan. Ananging menawi mboten dipun
ginakaken kanthi sae mila bade
mbekta
kacilakan. Nabi
Muhammad SAW paring pangandikan:
إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مِنْ رِضْوَانِ
اللَّهِ لاَ يُلْقِى لَهَا بَالاً ، يَرْفَعُ اللَّهُ بِهَا دَرَجَاتٍ،
“Saktemene ana
sawijine kawula kang deweke ngucap kanthi ucapan kang andadekake Allah ridha kamangka ucapan iku
mung sepele, sahingga Allah ngangkat derajate kawula iku amarga ucapane”. (HR.
Bukhari:6478)
Kanjeng
nabi nglajengaken pangandikanipun:
وَإِنَّ الْعَبْدَ
لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مِنْ سَخَطِ اللَّهِ لاَ يُلْقِى لَهَا بَالاً
يَهْوِى بِهَا فِى جَهَنَّمَ
“Lan Saktemene ana sawijine kawula kang
deweke ngucap kanthi ucapan kang andadekake
Allah murka, kamangka ucapan iku mung sepele, sahingga Allah nyiksa kawula iku ana
ing jahanam”. (HR. Bukhari:6478)
Wonten hadits sanes ingkang dipun riwayataken imam muslim kanjeg nabi Muhammad ngendika:
إِنَّ الْعَبْدَ لَيَتَكَلَّمُ بِالْكَلِمَةِ مَا يَتَبَيَّنُ مَا
فِيهَا يَهْوِى بِهَا فِى النَّارِ ….
“Sektemene ana sakwijine kawula kang deweke ngucap kanthi
ucapan kang ora dipikirake bahayane, banjur nyebabake deweke
disiksa ana ing neraka. . .” (HR. Muslim no. 2988)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila kia sedaya wajib njagi lisan, ampun ngantos lisan menika
dados penyebab kacilakan tumrap kita. Amargi katah sanget
dosa- dosa ingkang dipun sebabaken dening lisan.
Para ulama paring keterangan menggah contoh dosa- dosa lisan ingkang sampun
lumrah wonten ing masyarakat kita, kadosdene: pitnah, adu domba, ngina utawi ngolok- olok, ghibah utawi gosip lan sanes-
sanesipun. Nabi Muhammad ngendika:
عَنْ أَبِى هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم-
قَالَ « أَتَدْرُونَ مَا الْغِيبَةُ ». قَالُوا اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَعْلَمُ.
قَالَ « ذِكْرُكَ أَخَاكَ بِمَا يَكْرَهُ ». قِيلَ أَفَرَأَيْتَ إِنْ كَانَ فِى
أَخِى مَا أَقُولُ قَالَ « إِنْ كَانَ فِيهِ مَا تَقُولُ فَقَدِ اغْتَبْتَهُ
وَإِنْ لَمْ يَكُنْ فِيهِ فَقَدْ بَهَتَّهُ »
“Saking Abu Hurairah
radhiyallahu ‘anhu, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika: sira apa
pada ngerti apa kang den arani ghibah
iku? Para sahabat wangsulan: Allah lan rasulipun ingkang pirsa..” Rasulullah
ngendika:: “yaiku sira nyritakake sedulurmu kalawan perkara kang ora disenengi
(menawa diceritake)”. Para sahabat wangsulan: “lha kadospundi
menawi ingkang kita criosaken puniko panci leres?” Rasulullah ngendika: “menawa
kang
sira critakake iku
panci bener mula sira temen wus tumindak
ghibah, ananging menawa ora bener temen sira
wus tumindak pitnah”. (HR. Muslim
no. 2589).
Imam Nawawi paring
pangandikan: Ghibah iku nyebutake eleke sedulurmu nalika deweke ora ana sandingmu. (Syarh Shahih Muslim, 16: 129).
Ghibah menika dipun haramaken lan
kalebet dosa ageng. (Subulus Salam 4: 333),
Rasulullah
ugi njelasaken:
“Sing sapa wonge zalim
marang wong liya kanti ngrusak kehormatane (Ghibah) utawa njupuk hak milike
mula kudu njaluk halal saka
tumindak zalime iku ana ing dina iki. Sakdurunge tumeka dina kiyamat sing ora manfaat
meneh dinar utawa dirham. Ana ing dina kiyamat iku menawa deweke nduwe amal shalih mula bakal dijupuk
seukuran kezalimane. Menawa
wus entek amal shalihe
mula dosa- dosane wong kang
dizalimi bakal
dijupuk banjur diwenehake deweke”.
(HR. Bukhari no. 2449, hadits Abu Hurairah.)
Mekaten
khutbah jumat siang menika, khatib ngajak sumangga kita sedaya tansah njagi
lisan saking perkawis ingkang dipun larang agami. Mugi Allah tansah paring
hidayah sahingga
kita saget lumampah wonten ing margi ingkang dipun ridhai Allah Ta’ala. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping kalih
الحَمْدُ
للهِ
رَبِّ
العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ
عَلَى
أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِهِ
وَصَحْبِهِ
أَجْمَعِيْنَ .
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ .اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
إرسال تعليق