Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Pentingipun Nindaaken
Amal Shalih
Ustadz Sadmonodadi
الْحَمْدُ لِلهِ
الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً
وَهُوَ اْلعَزِيزُ اْلغَفُوْرُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ
لاَ شَرِيْكَ لَهُ، يُحْيِي وَيُمِيْتُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ،
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلبَشِيْرُ النَّذِيْرُ
وَالسِّرَاجُ الْمُنِيْرُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ
وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ:أَيُّهَا
النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ مَا خُلِقْتُمْ عَبَثاً،
وَأنَّ اللهَ جَعَلَ هَذِهِ الدُّنْيَا دَارَ عَمَلٍ وَالْآخِرَةَ دَارَ جَزَاءٍ.
Jama’ah
rahimakumullah!
Mangga
kita sami ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nganthah-athahaken amal
shaleh lan saestu-estu nilaraken maksiat. Anamung kanthi iman lan amal shaleh
manungsa saged nggayuh kesaenan gesang donya lan akheratipun. Kosok wangsulipun
maksiat badhe nyebabaken gesang karaos rupeg, kebak was-was lan panandhang.
Jama’ah rahimakumullah!
Gesang kita wonten donya punika mboten
salaminipun – kullu nafsiin dzaaiqatul maut. Setunggal wekdal kita badhe
pejah, nilaraken donya punika tumuju
dhumateng akherat. Tiyang pejah badhe pisah kaliyan punapa kemawon. Sedaya ingkang kita gadhahi ing donya punika
kita tilar sedaya. Kulawarga, bandha, kalenggahan lan sedaya pepaes donya
punika badhe katilaraken. Ingkang ngetutaken amanung amalipun. Ngendika
Rasulullah SAW :
يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلاَثَةٌ فَيَرْجِعُ
اثْنَانِ وَيَبْقَى مَعَهُ وَاحِدٌ؛ يَتْبَعُهُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ
فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ
وَيَبْقَى عَمَلُهُ
“Ana telu perkara
kang ngetutake mayit, sing loro kang bali lan siji kang tetep ngetutake.
Kulawarga, bandha lan amale padha ngetutake; ananging kulawarga lan bandhane bakal
bali, ewadene amale bakal terus bebarengan”.
Jama’ah rahimakumullah!
Amal
kita sami, sae punapa awon, badhe nyarengi ing dalem lampah kita tumuju Allah. Wonten
ing setunggal hadits shahih, Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam ngendika
bilih amal shaleh punika ing alam kubur badhe maujud dados tiyang ingkang bagus
praupanipun, endah pangagemipun lan wangi ambetipun. Priyantun wau suka
tetulung lan panglipur sadangune gesang kubur kita. Wondene amal maksiyat maujud dados makhluk ingkang nggegirisi,
kejem lan mboten eca ambenipun. Makhluk nggegirisi punika ingkang sacara kejem nyiksa manungsa ingkang remen
nindaaken maksiyat.
Mboten ngemungaken gesang wonten kubur,
amal ugi ingkang badhe ndumugeaken kita sami dhumateng nikmat swarga utawi
siksa neraka. Amal shaleh tansah suka panglipur lan nulungi kita sami ngadhepi
prastawa-prastawa nggegirisi ing wekdal-wekdal yaumul ba'ats, yaumul mahsyar, yaumul hisab, yaumul
mizan lan yaumul jaza. Kosok wangsulipun amal-amal maksiyat badhe
ngrekaosaken lampah manungsa ing
wekdal-wekdal punika lan pungkasanipun badhe njorokaken manungsa dosa dhumateng
neraka.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Kita sami mukmin-muslim kaparingan
kebebasan kangge milih rencang ingkang kados punapa ingkang badhe kita dadosaken
rencang ing alam akhirat : priyantun ingkang sae lan tansah suka pitulungan lan
panglipur utawi makhluk ingkang nggegirisi lan kejemipun kepati-pati?.
Menawi kita sami kepengin nggadhahi rencang
ingkang sae lan tansah suka panglipur saking sedaya raos kawatir, temtu kita
sami kedah njejegaken iman lan taqwa. Kabagyan gesang akhirat kedah kaikhtiari
kandi ngathah-athahaken amal shaleh. Ngencengaken habluminallah kados dene nindaaken shalat, shiyam haji haji,
sesarangen punika nyaeaken sesambetan kaliyan manungsa ing antawisipun suka
tetedhan, remen tetulung lan suka nasehat dhumateng asanes.
Tetiyang ingkang mboten kersa rerekaosan
nindaaken amal shaleh temtu kemawon mboten samesthinipun nggadhahi
pangajeng-ajeng saged gesang sekeca wonten akhirat. Tetiyang ingkang aras-arasan
njejegaken shalat, mboten nindaaken shiyam, tiyang ingkang medhit, mboten kersa
tetulung, remen ndumugeakan kapitunan menggahing asanes, tetiyang wau
nyawisaken pasiksan kangge pribadhinipun piyambak. Amal-amal sayyiat ingkang katindaaken wonten donya punika ing
akhirat samangke dados mahkluk ingkang badhe misakit manungsa dosa wau.
Sidang
Jum’at rahimakumullah!
Kuciwanipun mboten sekedhik mukmin muslim
ingkang sami lena ing bab punika. Kathah mukmin-muslim ingkang nggadhahi
keyakinan wontenipun gesang akhirat anamung lampah padintenanipun mboten
nyocogi kaliyan kapitadosanipun. Kathah mukmin muslim ingkang kirang
menggalihaken ngengingi gesang akherat, sahengga kathah mukmin muslim ingkang
sembrono ing dalem gesangipun. Mangertos bilih amal shaleh punika mujudaken sangu
kangge perlunipun nggayuh swarga, ananging aras-arasan nindaaken ibadah.
Kathah tiyang Islam ingkang kirang sae
anggenipun njejegaken sholat, mboten kersa ngaos, mboten maos al-Qur’an, mboten
remen weweh, mboten remen tetlulung, mboten remen ndumugeaken kesaenan
dhumateng tiyang sanes, mboten ngepenaken anggenipun ndidik kulawarganipun
kanthi ilmu-ilmu agami dan sanes-sanes tumindak nilaraken dhawuh agami. Sesarengan
punika tetiyang punika entheng nindaaken awisan agami : goroh, apus-apus,
mendhet darbekipun asanes, ndumugeaken piawon dhumateng asanes, adu-adu, lan sanes-sanes tumindak awon. Tiyang-tiyang
punika ing akherat samangke badhe manggih raos kuciwa ingkang sanget.
Jama’ah
Jum’at rahimakumullah.
Menawi
tiyang-tiyang muslim saestu-estu anggenipun nyinau al-Qur’an, temtu badhe
mangertoasi bilih saestu kathah dhawuh kangge nindaaken amal sholeh murih
pikantuk kesaenan donya akherat. Setunggal saking dhawuh-dhawuh wau kacetha ing
dalem surah a-Kahfi ayat 30 :
إِنَّ
الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ إِنَّا لَا نُضِيعُ أَجْرَ مَنْ
أَحْسَنَ عَمَلًا
“Sejatine
dheweke kang padha iman lan ngamal shaleh, mesthi wae Ingsun ora bakal nyiak-nyiakake
ganjarane wong kang luwih bagus amale”.
Ing
serat al-Zalzalah ayat 6—8 Allah
ngendika :
يَوْمَئِذٍ يَصْدُرُ
النَّاسُ أَشْتَاتًا لِيُرَوْا أَعْمَالَهُمْ (6) فَمَنْ يَعْمَلْ
مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ (7) وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ (8)
“Ana ing dina iku manungsa padha metu saka kuburane
kanthi kahanan kang prenca-prenca supaya diweruhake marang dhewekne kabeh
(piwales) sekabehe panggaweyan kang wus padha den lakoni. Sapa wonge kang
nglakoni kebagusan sabobot wiji sawi wae, mesthi dheweke bakal weruh
(piwalese). Lan sapa wonge kang nglakoni piala (ngamal ala) sabobot wiji sawi,
mesthi dhewekne bakal weruh (piwalese)”
Jama’ah
rahimakumullah!
Kawuningana, Allah
ndadosaken donya punika pinangka margi tumuju dhumateng akhirat. Donya punika
sanes akhiring gesang kita, ananging amanung mujudaken margi sakderengipun kita
nglampahi gesang ingkang saestu, gesang ingkang langgeng ingkang mboten wonten
akhiripun nun inggih gesang akherat. Miturut kanjeng Rasul, donya punika
papan kangge nanem, panenipun wonten akhirat (ad-dunya mazratul aakhirah).
Sok sintena tiyang ngisi gesang punika kangge thaat
dhumateng Allah kanthi nyawijeaken ing Allah, lan netepi sunnah Rasulullah, piyambaaken badhe pikantuk
kesaenan gesang ing akherat. Tiyang-tiyang wau badhe pikantuk pinwales sae awit
amal shalehipun ing donya. Tetiyang wau badhe kaparingan nugraha ingkang
kacekapan gesang, mboten nate nandhang
sisah, mboten nate sakit, mboten nate sepuh lan mboten nate kekirangan.
Saklaminipun.
Kosok wangsulipun, tetiyang ingkang ngginaaken gesang
donyanipun kangge nuruti hawa nefsu lan ajakanipun syetan, tetiyang wau badhe
wangsul wonten ngarsanipun Allah kanthi mustaka tumungkul. Tetiyang ingkang
mboten nyrawungi Allah ing donyanipun, mboten badhe dipun srawungi Allah ing
akherat. Tiyang ingkang remen tumindak ina ing donya badhe kainakaken
gesangipun ing akherat. Sampun pun cawisaken tumrap para tetiyang ngkang
mlengos ing agami arupi pasiksan ingkan
awrat, ingkang awratipun mboten saged kagambaraken dening pikiranipun manungsa.
Mugi-mugi Allah ngiyataken iman kita
sami lan kepareng ngenthengaken kita sami nindaaken kathah-kathahipun amal
shaleh. Amiin ya rabbal ‘alamiin.
أَقُولُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِجَمِيعِ
الْمُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ يَغْفِرْ لَكُمْ، وَتُوبُوا إِلَيْهِ يَتُبْ
عَلَيْكُمْ، إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ
Khutbah 2
الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ،
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ مَالِكِ يَوْمِ الدِّيْنِ، وَأَشْهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَعَثَهُ بَالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ
رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْن ، صَلَّى الله عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحَابَتِهِ
أَجمَعِيْنَ.
ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى
رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ
عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ
وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ،
وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي
الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا
يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ
الصَّلاَةَ.
Posting Komentar