Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Pentingipun Nindaaken

Amal Shalih

Ustadz Sadmonodadi

الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً وَهُوَ اْلعَزِيزُ اْلغَفُوْرُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، يُحْيِي وَيُمِيْتُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلبَشِيْرُ النَّذِيْرُ وَالسِّرَاجُ الْمُنِيْرُ، صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا. أَمَّا بَعْدُ:أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ مَا خُلِقْتُمْ عَبَثاً، وَأنَّ اللهَ جَعَلَ هَذِهِ الدُّنْيَا دَارَ عَمَلٍ وَالْآخِرَةَ دَارَ جَزَاءٍ.

Jama’ah rahimakumullah!

Mangga kita sami ningkataken taqwa dhumateng Allah kanthi nganthah-athahaken amal shaleh lan saestu-estu nilaraken maksiat. Anamung kanthi iman lan amal shaleh manungsa saged nggayuh kesaenan gesang donya lan akheratipun. Kosok wangsulipun maksiat badhe nyebabaken gesang karaos rupeg, kebak was-was lan panandhang.  

Jama’ah rahimakumullah!

Gesang kita wonten donya punika mboten salaminipun – kullu nafsiin dzaaiqatul maut. Setunggal wekdal kita badhe pejah, nilaraken donya punika  tumuju dhumateng akherat. Tiyang pejah badhe pisah kaliyan punapa kemawon.  Sedaya ingkang kita gadhahi ing donya punika kita tilar sedaya. Kulawarga, bandha, kalenggahan lan sedaya pepaes donya punika badhe katilaraken. Ingkang ngetutaken amanung amalipun. Ngendika Rasulullah SAW :

يَتْبَعُ الْمَيِّتَ ثَلاَثَةٌ فَيَرْجِعُ اثْنَانِ وَيَبْقَى مَعَهُ وَاحِدٌ؛ يَتْبَعُهُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَعَمَلُهُ فَيَرْجِعُ أَهْلُهُ وَمَالُهُ وَيَبْقَى عَمَلُهُ

“Ana telu perkara kang ngetutake mayit, sing loro kang bali lan siji kang tetep ngetutake. Kulawarga, bandha lan amale padha ngetutake; ananging kulawarga lan bandhane bakal bali, ewadene amale bakal terus bebarengan”.   

 

Jama’ah rahimakumullah!

Amal kita sami, sae punapa awon, badhe nyarengi ing dalem lampah kita tumuju Allah. Wonten ing setunggal hadits shahih, Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wassalam ngendika bilih amal shaleh punika ing alam kubur badhe maujud dados tiyang ingkang bagus praupanipun, endah pangagemipun lan wangi ambetipun. Priyantun wau suka tetulung lan panglipur sadangune gesang kubur kita. Wondene amal maksiyat  maujud dados makhluk ingkang nggegirisi, kejem lan mboten eca ambenipun. Makhluk nggegirisi punika  ingkang  sacara kejem nyiksa manungsa ingkang remen nindaaken maksiyat.

Mboten ngemungaken gesang wonten kubur, amal ugi ingkang badhe ndumugeaken kita sami dhumateng nikmat swarga utawi siksa neraka. Amal shaleh tansah suka panglipur lan nulungi kita sami ngadhepi prastawa-prastawa nggegirisi ing wekdal-wekdal yaumul ba'ats, yaumul mahsyar, yaumul hisab, yaumul mizan lan yaumul jaza. Kosok wangsulipun amal-amal maksiyat badhe ngrekaosaken lampah manungsa  ing wekdal-wekdal punika lan pungkasanipun badhe njorokaken manungsa dosa dhumateng neraka.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kita sami mukmin-muslim kaparingan kebebasan kangge milih rencang ingkang kados punapa ingkang badhe kita dadosaken rencang ing alam akhirat : priyantun ingkang sae lan tansah suka pitulungan lan panglipur utawi makhluk ingkang nggegirisi lan kejemipun kepati-pati?.

Menawi kita sami kepengin nggadhahi rencang ingkang sae lan tansah suka panglipur saking sedaya raos kawatir, temtu kita sami kedah njejegaken iman lan taqwa. Kabagyan gesang akhirat kedah kaikhtiari kandi ngathah-athahaken amal shaleh. Ngencengaken habluminallah  kados dene nindaaken shalat, shiyam haji haji, sesarangen punika nyaeaken sesambetan kaliyan manungsa ing antawisipun suka tetedhan, remen tetulung lan suka nasehat  dhumateng asanes.

Tetiyang ingkang mboten kersa rerekaosan nindaaken amal shaleh temtu kemawon mboten samesthinipun nggadhahi pangajeng-ajeng saged gesang sekeca wonten akhirat. Tetiyang ingkang aras-arasan njejegaken shalat, mboten nindaaken shiyam, tiyang ingkang medhit, mboten kersa tetulung, remen ndumugeakan kapitunan menggahing asanes, tetiyang wau nyawisaken pasiksan kangge pribadhinipun piyambak.  Amal-amal sayyiat  ingkang katindaaken wonten donya punika ing akhirat samangke dados mahkluk ingkang badhe misakit manungsa dosa wau.

Sidang Jum’at rahimakumullah! 

Kuciwanipun mboten sekedhik mukmin muslim ingkang sami lena ing bab punika. Kathah mukmin-muslim ingkang nggadhahi keyakinan wontenipun gesang akhirat anamung lampah padintenanipun mboten nyocogi kaliyan kapitadosanipun. Kathah mukmin muslim ingkang   kirang menggalihaken ngengingi gesang akherat, sahengga kathah mukmin muslim ingkang sembrono ing dalem gesangipun. Mangertos bilih amal shaleh punika mujudaken sangu kangge perlunipun nggayuh swarga, ananging aras-arasan nindaaken ibadah.

Kathah tiyang Islam ingkang kirang sae anggenipun njejegaken sholat, mboten kersa ngaos, mboten maos al-Qur’an, mboten remen weweh, mboten remen tetlulung, mboten remen ndumugeaken kesaenan dhumateng tiyang sanes, mboten ngepenaken anggenipun ndidik kulawarganipun kanthi ilmu-ilmu agami dan sanes-sanes tumindak nilaraken dhawuh agami. Sesarengan punika tetiyang punika entheng nindaaken awisan agami : goroh, apus-apus, mendhet darbekipun asanes, ndumugeaken piawon dhumateng asanes, adu-adu,  lan sanes-sanes tumindak awon. Tiyang-tiyang punika ing akherat samangke badhe manggih raos kuciwa ingkang sanget.

Jama’ah  Jum’at rahimakumullah.

Menawi tiyang-tiyang muslim saestu-estu anggenipun nyinau al-Qur’an, temtu badhe mangertoasi bilih saestu kathah dhawuh kangge nindaaken amal sholeh murih pikantuk kesaenan donya akherat.  Setunggal saking dhawuh-dhawuh wau kacetha ing dalem surah a-Kahfi ayat 30 :

إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ إِنَّا لَا نُضِيعُ أَجْرَ مَنْ أَحْسَنَ عَمَلًا

Sejatine dheweke kang padha iman lan ngamal shaleh, mesthi wae Ingsun ora bakal nyiak-nyiakake ganjarane wong kang luwih bagus amale”.

Ing serat al-Zalzalah ayat  6—8 Allah ngendika :

يَوْمَئِذٍ يَصْدُرُ النَّاسُ أَشْتَاتًا لِيُرَوْا أَعْمَالَهُمْ (6) فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ (7) وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ (8)

Ana ing dina iku manungsa padha metu saka kuburane kanthi kahanan kang prenca-prenca supaya diweruhake marang dhewekne kabeh (piwales) sekabehe panggaweyan kang wus padha den lakoni. Sapa wonge kang nglakoni kebagusan sabobot wiji sawi wae, mesthi dheweke bakal weruh (piwalese). Lan sapa wonge kang nglakoni piala (ngamal ala) sabobot wiji sawi, mesthi dhewekne bakal weruh (piwalese)”

Jama’ah rahimakumullah!

Kawuningana, Allah ndadosaken donya punika pinangka margi tumuju dhumateng akhirat. Donya punika sanes akhiring gesang kita, ananging amanung mujudaken margi sakderengipun kita nglampahi gesang ingkang saestu, gesang ingkang langgeng ingkang mboten wonten akhiripun nun inggih gesang akherat.  Miturut kanjeng Rasul, donya punika papan kangge nanem, panenipun wonten akhirat (ad-dunya  mazratul aakhirah).

Sok sintena tiyang ngisi gesang punika kangge thaat dhumateng Allah kanthi nyawijeaken ing Allah, lan netepi  sunnah Rasulullah, piyambaaken badhe pikantuk kesaenan gesang ing akherat. Tiyang-tiyang wau badhe pikantuk pinwales sae awit amal shalehipun ing donya. Tetiyang wau badhe kaparingan nugraha ingkang kacekapan gesang, mboten nate  nandhang sisah, mboten nate sakit, mboten nate sepuh lan mboten nate kekirangan. Saklaminipun.  

Kosok wangsulipun, tetiyang ingkang ngginaaken gesang donyanipun kangge nuruti hawa nefsu lan ajakanipun syetan, tetiyang wau badhe wangsul wonten ngarsanipun Allah kanthi mustaka tumungkul. Tetiyang ingkang mboten nyrawungi Allah ing donyanipun, mboten badhe dipun srawungi Allah ing akherat. Tiyang ingkang remen tumindak ina ing donya badhe kainakaken gesangipun ing akherat. Sampun pun cawisaken tumrap para tetiyang ngkang mlengos ing agami arupi  pasiksan ingkan awrat, ingkang awratipun mboten saged kagambaraken dening pikiranipun manungsa.

Mugi-mugi Allah ngiyataken iman kita sami lan kepareng ngenthengaken kita sami nindaaken kathah-kathahipun amal shaleh. Amiin ya rabbal ‘alamiin.

أَقُولُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِجَمِيعِ الْمُسْلِمِينَ، فَاسْتَغْفِرُوهُ يَغْفِرْ لَكُمْ، وَتُوبُوا إِلَيْهِ يَتُبْ عَلَيْكُمْ، إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

Khutbah 2

الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ مَالِكِ يَوْمِ الدِّيْنِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَعَثَهُ بَالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْن ، صَلَّى الله عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحَابَتِهِ أَجمَعِيْنَ.  

ثُمَّ اعْلَمُوْا فَإِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ فَقَالَ: {إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا}.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَةَ.

 

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF  


Post a Comment

أحدث أقدم