Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Bahayanipun Dosa Jariyah

Ustadz Sadmonodadi

اَلسَّـــلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.     قال الله : يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ .اَمَّابَعْدُ: اَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.

Jama’ah Jum’at  rahimakumullah!

Sedaya pangalembana konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah Ingkang Maha Mirah lan Maha Peparing, Piyambakipun Allah ingkang kagungan kasugihan, kaagungan lan kasaenan, ingkang paring pitedah murih kita sami iman. Allah sampun ngunggulaken agami Islam aben-ajeng kaliyan agami sanesipun. Allah ugi sampun paring nugraha ingkang agung sanget amargi sampun ngutus makhlukipun ingkang paling mulya lan paling utami nun inggih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wassalam. Kawilujengan saha karaharjan mugi tansah lumeber dhumateng Rasulullah shalllallahu ‘alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, para sahabat lan dhumateng umatipun ingkang tansah setya ngantos akhir zaman.

Mangga kita sami taqwa dhumateng Allah. Anamung kanthi taqwa kita saged nggayuh kesaenan gesang donya lan akhirat.

Hadhirin rahimakumullah!

Estunipun ingkang dipun cathet dening Allah saking gesang kita, mboten anamung amal-amal ingkang tindaaken, ananging ugi tilas-tilas saking amal wau. Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika ing surah Yassin ayat 12 :

إِنَّا نَحْنُ نُحْيِي الْمَوْتَى وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوا وَآثَارَهُمْ وَكُلَّ شَيْءٍ أَحْصَيْنَاهُ فِي إِمَامٍ مُبِينٍ

Satemene Ingsun nguripake wong-wong kang wus mati lan Ingsun nyatheti apa kang wus padha dilakoni dening dheweke kabeh lan tilas-tilase dheweke kabeh kang wus padha ditinggalake. Lan samubarang apa wae kang Ingsun kumpulake ana sajrone kitab kang gedhe lan cetha (Lauhul Mahfudz).

Tiyang ingkang nindaaken amal sae, Allah badhe nyathet amal sae wau saha perkawis-perkawis ingkang nututi kesaenan  saking amal wau. Menawi kesaenan ingkang dipun tindaaken setunggal tiyang njalari tiyang sanes kersa nindaaken kesaenan, mangka tiyang ingkang miwiti kesaenan wau pikantuk kesaenan ingkang kados ingkang katampi dening tiyang kathah ingkang tiru-tiru wau. 

Awit saking punika, Islam suka panjurung dhumateng umatipun supados nindaaken amal ingkang ndumugeaken kesaenan ingkang kathah tumrap masyarakat. Amargi piyambakipun kaparingan ganjaran saking amal saenipun  katambah ganjaranpun tetiyang ingkang niroaken kesaenanipun.

Makaten ugi, tiyang ingkang  tumindak maksiat  utawi dosa piyambakipun pikantuk dosa saking tumindakipun, katambah piawon sanes ingkang lair amargi saking maksiat ingkang katindaaken. Sadangune piawon ingkang nututi lampah dosa punika taksih wonten, piyambakipun teterasan badhe pikantuk kintunan dosanipun.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah!

Wonten sambetipun kaliyan keterangan ngajeng, ing dalem Islam wonten istilah amal jariyah. Jinis amal ingkang ganjaranipun badhe terus mili dhumateng ingkang nglampahi, sinaosa piyambakipun sampun seda. Tiyang ingkang nindaaken amal punika tansah pikantuk kiriman ganjaran, sadangune amal ingkang katindaaken  taksih dipun pendhet manfaatipun dening kaum muslimin sanesipun kangge ningkataken thaat. Setunggal hadits ingkang dados dasar  wontenipun amal jariyah inggih punika hadits saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, bilih Rasulullah shalallahu ‘alaihi wassalam ngendika :

إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ: مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

Menawa manngsa mati, amale bakal pedhot, kejaba 3 perkara : sedekah jariyah, ilmu sing manfaat lan anak shaleh kang ndongakake”. (H.R. Nasa’i lan Imam Turmudzi)

Kaum muslimin rahimakumullah!

Saksanesipun sedekah jariyah, ing dalem Islam ugi wonten dosa ingkang sifatipun sami kaliyan amal jariyah inggih punika dosa jariyah. Dosa ingkang tansah kakintunaken dhumateng ingkang nglampahi, senadyan tiyangipun sampun seda. Dosa ingkang tansah badhe katempuhaken dhumateng tiyang wau, sinaosa piyambakipun sampun mboten nindaaken tumindak dosa wau.

Tentu saestu nrenyuhaken nasibipun tiyang punika. Nalikanipun sedaya tiyang sami mbetahaken pitulungan arupi ganjaran saking amal-amal shalehipun, ing alam barzah tiyang wau malah dipun grujuk dening dosa lan dosa malih. Saged dipun angen-angen, kados pundi getunipun tiyang  ingkang nggadhahi dosa jariyah punika.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Tiyang ingkang nindaaken dosa jariyah punika saged kapantha dados tiga :

Sepisan, golongan tiyang ingkang ajak-ajak sasar lan maksiyat.

Punika panthanipun tiyang-tiyang ingkang ajak-ajak masyarakat tumindak maksiyat. Kelompokipun para juru dakwah amar munkar nahi ma’ruf. Golonganipun tetiyang ingkang dipun ancam dening Rasulullah :

لاَ تُقْتَلُ نَفْسٌ ظُلْمًا إِلَّا كَانَ عَلَى ابْنِ آدَمَ الأَوَّلِ كِفْلٌ مِنْ دَمِهَا

“Sapa wae kang ngajak marang perkara sasar, dheweke pikoleh dosa, kaya dene dosane wong kang tiru-tiru, ora disuda sethithika wae”. (H.R. Muslim)

Kelebet golongan punika para tetiyang ingkang nyebaraken aliran sasar. Kalebet golongan punika tiyang-tiyang ingkang ngajak-ajak dhumateng syirik, ajak-ajak dhumateng khurafat lan tahayul, tiyang-tiyang ingkang ajak-ajak masyarakat ngrembakaaken budaya jahiliyah, tiyang-tiyang ingkang ngajak-ajak nyimpang saking pitedah agami. Kelebet golongan punika, tetiyang ingkang ngajak mengsahi tiyang iman, mengsahi tiyang-tiyang ingkang cecepengan agaminipun Allah, ngalang-alangi tiyang nindaaken dhawuh Allah utawi ngolok-olok agami lan tiyang-tiyang ingkang sami iman.

Tiyang-tiyang wau pikantuk dosa saking tumindakipun lan dipun tambah dosanipun tiyang-tiyang ingkang ndherek sasaripun. Sinaosa sampun pindah alam kubur, piyambakipun taksih pikantuk kintunan dosa sadangunipun taksih wonten ingkang nindaaken ajakanipun. Tiyang-tiyang punika marisi dosa jariyah.

 

Jama'ah rahimakumullah!

Kalih, tiyang ingkang mboten secara langsung ngajak-ajak tumindak dosa, ananging tumindak maksiatipun nyebabaken tiyang sanes tumut-tumut nindaaken dosa.

Tiyang-tiyang punika nindaaken dosa tumrap pribadhinipun, ananging piyambakipun  lajeng nyariosaken dhumateng tiyang sanes, utawi tumindak dosanipun dipun mangertosi tiyang sanes, lajeng tiyang kathah sami tiru-tiru, saestunipun tiyang wau sampun nukulaken dosa jariyah. Sinaosa tiyang wau mboten secara lesan ajak-ajak tiyang sanes tumindak dosa, ananging amargi saking tumindak maksiyatipun sampun undang-undang tiyang sanes tiru-tiru nindaaken dosa, mangka tiyang wau pikantuk bageyan saking dosanipu tiyang ingkang tiru-tiru wau.

Ing dalem hadits ingkang dipun riwayataken Imam Muslim Rasulullah shallallahu ‘alaihi wassalam ngendika :

مَنْ سَنَّ فِي الْإِسْلَامِ سُنَّةً سَيِّئَةً، كَانَ عَلَيْهِ وِزْرُهَا وَوِزْرُ مَنْ عَمِلَ بِهَا مِنْ بَعْدِهِ، مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أَوْزَارِهِمْ شَيْء

“Sapa kang miwiti sawiji tumindak ala ing dalem Islam, mangka dheweke pikoleh dosa saka tumindak ala iku, lan dosa saka saben-saben wong kang nindaake piala iku marga pokale, tanpa disuda sithik-sithika saka dosane wong-wong mau”.

Temtu saged dipun penggalihaken, tiyang-tiyang ingkang nyipta pangagem ingkang ngetingalaken aurat, lajeng sumebar lan dipun tiru dening masyarakat kathah, piyambakipun temtu panen dosa. Sinaosa mboten ajak-ajak tiyang kathah ngagem pakeyan ingkang mameraken aurat, ananging ngemuti piyambakipun ingkang miwiti, salajengipun kathah ingkang tiru-tiru, piyambakipun pikantuk setoran dosa saking sedaya tiyang ingkang tiru-tiru.

Sami kaliyan tiyang ingkang nindaaken tumindak awon lajeng sumebar ing masyarakat liwat TV, radio utawi koran, lajeng tiyang kathah sami niru-niru maksiyat wau, mangka piyambakipun badhe pikantuk dosa jariyah. Sinaosa piyambakipun mboten nggadhahi niat nyebaraken tumindak maksiatipun lan mboten ugi nggadhahi niat ajak-ajak.

Makaten ugi manawi wonten tiyang ingkang apus-apus, ngrasani (ghibah), mitenah, ngendika trocoh, main, madon, madat lan sanes-sanes tumindak maksiyat lajeng tiyang kathah sami tiru-tiru mangka piyambakipun pikantuk dosa amargi dosa ingkang pun lampahi dipun tambah kaliyan dosanipun tiyang-tiyang ingkang sami tiru-tiru. Saya kathah tiyang ingkang tumindak maksiyat amargi tiru-tiru, saya kathah dosa ingkang kasokaken dhumateng tiyang ingkang miwiti. Sinaosa sampun tilar donya, menawi taksih wonten tiyang-tiyang ingkang tiru-tiru, dosanipun tetap mili dhumateng ingkang miwiti.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Kaping tiga, kelompok tiyang ingkang memfasilitasi lan nggampilaken kelampahanipun tumindak maksiyat.

Kalebet tiyang ingkang marisi dosa jariyah inggih punika tiyang ingkang nyawisaken fasilitas kemaksiyatan. Fasilitas punika saeged arupi papan, alat saha ragad kangge nindaaken maksiyat. Kalebet panthan punika, tiyang-tiyang ingkang nyawisaken media sahengga kemaksiyatan wau sumebar jembar.

Makaten ugi, para panguwaos ingkang ngedalaken peraturan lan kebijakan ingkang nyebabaken ngrembakanipun kemaksiyatan, ngrembakaaken budaya jahiliyah lan nggampilaken mengsahipun Allah ngalang-alangi dakwah Islam badhe pikantuk kiriman dosa ingkang agengipun nyocogi kaliyan agengipun rerisak amargi peraturan lan kebijakan awon punika.  

Jama'ah Jum'at rahimakumullah!

Mugi-mugi Allah nebihaken kita sami tumindak awon lan paring kekiyatan dhumateng kita tansah lumampah ing margi takwa.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ

KHUTBAH 2

اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ.  اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 -------

Silahkan download dan sebarluaskan naskah khutbah jum'at singkat bahasa  Jawa format PDF melalui tautan link berikut:



Download PDF  

 

 


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama