Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Bahayanipun Dosa Jariyah
Ustadz Sadmonodadi
اَلسَّـــلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ
وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قال الله : يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا
اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ .اَمَّابَعْدُ: اَيُّهَـاالنَّاسُ
! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.
Jama’ah Jum’at rahimakumullah!
Sedaya
pangalembana konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah Ingkang Maha Mirah lan Maha
Peparing, Piyambakipun Allah ingkang kagungan kasugihan, kaagungan lan
kasaenan, ingkang paring pitedah murih kita sami iman. Allah sampun
ngunggulaken agami Islam aben-ajeng kaliyan agami sanesipun. Allah ugi sampun
paring nugraha ingkang agung sanget amargi sampun ngutus makhlukipun ingkang
paling mulya lan paling utami nun inggih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi
wassalam. Kawilujengan saha karaharjan mugi tansah lumeber dhumateng
Rasulullah shalllallahu ‘alaihi wassalam, dhumateng keluarganipun, para
sahabat lan dhumateng umatipun ingkang tansah setya ngantos akhir zaman.
Mangga
kita sami taqwa dhumateng Allah. Anamung kanthi taqwa kita saged nggayuh
kesaenan gesang donya lan akhirat.
Hadhirin rahimakumullah!
Estunipun
ingkang dipun cathet dening Allah saking gesang kita, mboten anamung amal-amal
ingkang tindaaken, ananging ugi tilas-tilas saking amal wau. Allah Subhanahu wa
Ta’ala ngendika ing surah Yassin ayat 12 :
“إِنَّا نَحْنُ نُحْيِي الْمَوْتَى وَنَكْتُبُ مَا
قَدَّمُوا وَآثَارَهُمْ وَكُلَّ شَيْءٍ أَحْصَيْنَاهُ فِي إِمَامٍ مُبِينٍ”
“Satemene
Ingsun nguripake wong-wong kang wus mati lan Ingsun nyatheti apa kang wus padha
dilakoni dening dheweke kabeh lan tilas-tilase dheweke kabeh kang wus padha
ditinggalake. Lan samubarang apa wae kang Ingsun kumpulake ana sajrone kitab
kang gedhe lan cetha (Lauhul Mahfudz).
Tiyang
ingkang nindaaken amal sae, Allah badhe nyathet amal sae wau saha perkawis-perkawis
ingkang nututi kesaenan saking amal wau.
Menawi kesaenan ingkang dipun tindaaken setunggal tiyang njalari tiyang sanes
kersa nindaaken kesaenan, mangka tiyang ingkang miwiti kesaenan wau pikantuk
kesaenan ingkang kados ingkang katampi dening tiyang kathah ingkang tiru-tiru
wau.
Awit
saking punika, Islam suka panjurung dhumateng umatipun supados nindaaken amal
ingkang ndumugeaken kesaenan ingkang kathah tumrap masyarakat. Amargi
piyambakipun kaparingan ganjaran saking amal saenipun katambah ganjaranpun tetiyang ingkang niroaken
kesaenanipun.
Makaten
ugi, tiyang ingkang tumindak
maksiat utawi dosa piyambakipun pikantuk
dosa saking tumindakipun, katambah piawon sanes ingkang lair amargi saking
maksiat ingkang katindaaken. Sadangune piawon ingkang nututi lampah dosa punika
taksih wonten, piyambakipun teterasan badhe pikantuk kintunan dosanipun.
Ma’asyiral
muslimin rahimakumullah!
Wonten
sambetipun kaliyan keterangan ngajeng, ing dalem Islam wonten istilah amal
jariyah. Jinis amal ingkang ganjaranipun badhe terus mili dhumateng ingkang
nglampahi, sinaosa piyambakipun sampun seda. Tiyang ingkang nindaaken amal
punika tansah pikantuk kiriman ganjaran, sadangune amal ingkang katindaaken taksih dipun pendhet manfaatipun dening kaum
muslimin sanesipun kangge ningkataken thaat. Setunggal hadits ingkang dados
dasar wontenipun amal jariyah inggih
punika hadits saking Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu, bilih Rasulullah
shalallahu ‘alaihi wassalam ngendika :
إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ: مِنْ
صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، وَعِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، وَوَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ
“Menawa
manngsa mati, amale bakal pedhot, kejaba 3 perkara : sedekah jariyah, ilmu sing
manfaat lan anak shaleh kang ndongakake”. (H.R. Nasa’i lan Imam Turmudzi)
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Saksanesipun
sedekah jariyah, ing dalem Islam ugi wonten dosa ingkang sifatipun sami kaliyan
amal jariyah inggih punika dosa jariyah. Dosa ingkang tansah kakintunaken
dhumateng ingkang nglampahi, senadyan tiyangipun sampun seda. Dosa ingkang
tansah badhe katempuhaken dhumateng tiyang wau, sinaosa piyambakipun sampun
mboten nindaaken tumindak dosa wau.
Tentu
saestu nrenyuhaken nasibipun tiyang punika. Nalikanipun sedaya tiyang sami
mbetahaken pitulungan arupi ganjaran saking amal-amal shalehipun, ing alam
barzah tiyang wau malah dipun grujuk dening dosa lan dosa malih. Saged dipun
angen-angen, kados pundi getunipun tiyang
ingkang nggadhahi dosa jariyah punika.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Tiyang
ingkang nindaaken dosa jariyah punika saged kapantha dados tiga :
Sepisan,
golongan tiyang ingkang ajak-ajak sasar lan maksiyat.
Punika
panthanipun tiyang-tiyang ingkang ajak-ajak masyarakat tumindak maksiyat.
Kelompokipun para juru dakwah amar munkar nahi ma’ruf. Golonganipun
tetiyang ingkang dipun ancam dening Rasulullah :
لاَ تُقْتَلُ نَفْسٌ ظُلْمًا إِلَّا كَانَ عَلَى ابْنِ آدَمَ الأَوَّلِ كِفْلٌ
مِنْ دَمِهَا
“Sapa
wae kang ngajak marang perkara sasar, dheweke pikoleh dosa, kaya dene dosane
wong kang tiru-tiru, ora disuda sethithika wae”.
(H.R. Muslim)
Kelebet
golongan punika para tetiyang ingkang nyebaraken aliran sasar. Kalebet golongan
punika tiyang-tiyang ingkang ngajak-ajak dhumateng syirik, ajak-ajak dhumateng
khurafat lan tahayul, tiyang-tiyang ingkang ajak-ajak masyarakat ngrembakaaken
budaya jahiliyah, tiyang-tiyang ingkang ngajak-ajak nyimpang saking pitedah
agami. Kelebet golongan punika, tetiyang ingkang ngajak mengsahi tiyang iman,
mengsahi tiyang-tiyang ingkang cecepengan agaminipun Allah, ngalang-alangi
tiyang nindaaken dhawuh Allah utawi ngolok-olok agami lan tiyang-tiyang ingkang
sami iman.
Tiyang-tiyang
wau pikantuk dosa saking tumindakipun lan dipun tambah dosanipun tiyang-tiyang
ingkang ndherek sasaripun. Sinaosa sampun pindah alam kubur, piyambakipun taksih
pikantuk kintunan dosa sadangunipun taksih wonten ingkang nindaaken ajakanipun.
Tiyang-tiyang punika marisi dosa jariyah.
Jama'ah rahimakumullah!
Kalih,
tiyang ingkang mboten secara langsung ngajak-ajak tumindak dosa, ananging
tumindak maksiatipun nyebabaken tiyang sanes tumut-tumut nindaaken dosa.
Tiyang-tiyang
punika nindaaken dosa tumrap pribadhinipun, ananging piyambakipun lajeng nyariosaken dhumateng tiyang sanes,
utawi tumindak dosanipun dipun mangertosi tiyang sanes, lajeng tiyang kathah
sami tiru-tiru, saestunipun tiyang wau sampun nukulaken dosa jariyah. Sinaosa
tiyang wau mboten secara lesan ajak-ajak tiyang sanes tumindak dosa, ananging
amargi saking tumindak maksiyatipun sampun undang-undang tiyang sanes tiru-tiru
nindaaken dosa, mangka tiyang wau pikantuk bageyan saking dosanipu tiyang
ingkang tiru-tiru wau.
Ing
dalem hadits ingkang dipun riwayataken Imam Muslim Rasulullah shallallahu
‘alaihi wassalam ngendika :
مَنْ سَنَّ فِي الْإِسْلَامِ سُنَّةً سَيِّئَةً، كَانَ عَلَيْهِ وِزْرُهَا
وَوِزْرُ مَنْ عَمِلَ بِهَا مِنْ بَعْدِهِ، مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ
أَوْزَارِهِمْ شَيْء
“Sapa
kang miwiti sawiji tumindak ala ing dalem Islam, mangka dheweke pikoleh dosa
saka tumindak ala iku, lan dosa saka saben-saben wong kang nindaake piala iku
marga pokale, tanpa disuda sithik-sithika saka dosane wong-wong mau”.
Temtu
saged dipun penggalihaken, tiyang-tiyang ingkang nyipta pangagem ingkang
ngetingalaken aurat, lajeng sumebar lan dipun tiru dening masyarakat kathah,
piyambakipun temtu panen dosa. Sinaosa mboten ajak-ajak tiyang kathah ngagem
pakeyan ingkang mameraken aurat, ananging ngemuti piyambakipun ingkang miwiti,
salajengipun kathah ingkang tiru-tiru, piyambakipun pikantuk setoran dosa
saking sedaya tiyang ingkang tiru-tiru.
Sami
kaliyan tiyang ingkang nindaaken tumindak awon lajeng sumebar ing masyarakat
liwat TV, radio utawi koran, lajeng tiyang kathah sami niru-niru maksiyat wau,
mangka piyambakipun badhe pikantuk dosa jariyah. Sinaosa piyambakipun mboten
nggadhahi niat nyebaraken tumindak maksiatipun lan mboten ugi nggadhahi niat
ajak-ajak.
Makaten
ugi manawi wonten tiyang ingkang apus-apus, ngrasani (ghibah), mitenah,
ngendika trocoh, main, madon, madat lan sanes-sanes tumindak maksiyat lajeng
tiyang kathah sami tiru-tiru mangka piyambakipun pikantuk dosa amargi dosa
ingkang pun lampahi dipun tambah kaliyan dosanipun tiyang-tiyang ingkang sami
tiru-tiru. Saya kathah tiyang ingkang tumindak maksiyat amargi tiru-tiru, saya
kathah dosa ingkang kasokaken dhumateng tiyang ingkang miwiti. Sinaosa sampun
tilar donya, menawi taksih wonten tiyang-tiyang ingkang tiru-tiru, dosanipun
tetap mili dhumateng ingkang miwiti.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Kaping tiga,
kelompok tiyang ingkang memfasilitasi lan nggampilaken kelampahanipun tumindak
maksiyat.
Kalebet
tiyang ingkang marisi dosa jariyah inggih punika tiyang ingkang nyawisaken
fasilitas kemaksiyatan. Fasilitas punika saeged arupi papan, alat saha ragad
kangge nindaaken maksiyat. Kalebet panthan punika, tiyang-tiyang ingkang nyawisaken
media sahengga kemaksiyatan wau sumebar jembar.
Makaten
ugi, para panguwaos ingkang ngedalaken peraturan lan kebijakan ingkang
nyebabaken ngrembakanipun kemaksiyatan, ngrembakaaken budaya jahiliyah lan
nggampilaken mengsahipun Allah ngalang-alangi dakwah Islam badhe pikantuk
kiriman dosa ingkang agengipun nyocogi kaliyan agengipun rerisak amargi
peraturan lan kebijakan awon punika.
Jama'ah Jum'at rahimakumullah!
Mugi-mugi
Allah nebihaken kita sami tumindak awon lan paring kekiyatan dhumateng kita
tansah lumampah ing margi takwa.
بَارَكَ
اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإيَّاكُمْ ِبمَا
ِفيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذكْر ِالْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ
تِلاَوَتَهُ إنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ
KHUTBAH
2
اَلْحَمْدُ ِللهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا
أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى
خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ
تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا
اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ
مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ
مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ
أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
إرسال تعليق