Teks Khutbah Jumat Singkat

Nderek Lampahipun

Rasulullah SAW

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ , اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ ,  أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun sahingga wonten siang menika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang menika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

Jamaah jumah rahimakumullah

Miyosipun Nabi Muhammad saw asring kita sebat maulidunnabiyi. Ananging kita mboten badhe mengeti miyosipun nabi Muhammad kadosdene ingkang dipun lampahi umat- umat sakderengipun islam, amargi pengetan kasebat mboten dipun dawuhaken dumateng kita sedaya kaum muslimin. Pengetan ingkang kita maksud injih menika nyinau lampah pangesanganipun nabi Muhammad SAW lajeng kita dadosaken tuladha wonten ing panggesangan kita.

Ngendika Allah ing surah Al Ahzab:21

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا

“Yekti Rasulullah iku dadi tetuladan kang becik tumrap sira kabeh, yaiku kanggo wong kang ngarep- arep sowan marang Allah lan dina akhir lan akeh elinge marang Allah”.

Ngendika ugi Allah ing surah Ali Imran: 31

قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ

“Dhawuha sira Muhammad: manawa sira pancen dhemen ing Allah, mara padha andereka ing aku, Allah bakal remen marang sira kabeh lan paring pangapura marang dosa- dosanira kabeh, lan Allah Maha Pangapura lan Maha Asih”.

Jamaah jumah rahimakumullah

Allah SWT sampun paring dawuh, sinten ingkang ngersaaken gesangipun wilujeng, ayem, bahagia, mila kedhah nderek lampah panggesanganipun nabi  Muhammad SAW. Ngendika Allah ing Surah Al Hasyr; 7

وَمَا آتَاكُمُ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانْتَهُوا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ

Lan sira pada nampaa apa wae kang dadi dawuhe Rasulullah, lan pada ninggalna apa wae kang dadi larangane Rasulullah, Lan pada wedia sira marang Allah jalaran satemene Allah iku abot panyiksane”.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kadosdene ingkang sami- sami kita raosaken, bilih kita sedaya sampun gesang wonten ing jaman materialistik, sedaya dipun ukur kanti materi. Sedaya manungsa sami lelomban nguyak banda dunya. Ukuran sukses dipun tingali sepinten saget ngempalaken banda. Srawung ugi dipun ukur kanti banda. Piwucal agami tansaya dipun tilar, ibadah sampun mboten dipun lampahi, hukum halal lan haram ugi sampun mboten dipun gatosaken. Sahingga kebahagiaan ingkang dipun idam- idamaken menika raosipun semu, katah tiyang rumaos kapusan polahipun piyambak.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kinten- kinten lampah gesang materialistik menika menapa badhe kita lampahi terus- terusan? Punapa kita sedaya sami kesupen bilih junjungan kita nabi Muhammad SAW jan- janipun sampun maringi lampah gesang ingkang utama. Lampah gesang ingkang eca sekeca lan badhe mbekta sedaya manungsa tumuju kabahagiaan ingkang estu. Lampah gesang ingkang turun temurun dipun tuntunaken para nabi lan rasul, inggih menika lampah gesang islam.

Mila wonten ing wulan miyosipun nabi Muhammad SAW menika, khatib ngajak sumangga kita sedaya nderek lampah gesangipun junjungan kita nabi Muhammad SAW. Mugi- mugi kanti kita tansah nderek panjenenganipun nabi Muhammad SAW, Allah tansah maringi kita panggesangan ingkang sekeca, bahagia lan pinaringkan kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

 

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Download PDF

Post a Comment

أحدث أقدم