Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Mampir Ngombe

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib berwasiat sumangga kita tingkataken taqwa dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Agami islam maringi pitedah bilih gesang wonten alam dunya puniko namung sekedap. Kita sedaya sejatosipun nembe sami kesahan tumuju setunggal panggenan pungkasan  inggih puniko kampung akhirat. Bebasan tiyang ingkang kesahan, gesang kita sakpunika sejatosipun namung mampir ngombe lajeng mangkih mesti nerasaken lampah malih. Mila kita kedah waspada wekdal kita mapir ngombe punika mboten dangu. Wekdal ingkang mboten dangu punika kedah kita ginaaken sak sahe sahenipun. Allah dawuh wonten ing al- quran:

قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيلٌ وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ لِمَنِ اتَّقَىٰ وَلَا تُظْلَمُونَ فَتِيلًا

Artosipun : Dhawuha sira (Muhammad): Kabungahan ing dunya iku mung sedela, lan akhirat iku luwih becik tumrap wong- wong kang pada taqwa lan sira kabeh ora bakal dikaniyaya sa-thithik- thithika( An Nisa: 77).

Imam Ibnu Katsir paring pangandikan magepokan ayat kasebat, bilih ayat punika paring piwucal tumrap tiyang mukmin supados leres anggenipun ngayahi panggesangan wonten dunya lan supados langkung yakin lan langkung remen dumateng akhirat. Wonten akhirat tiyang mukmin mboten bade dipun aniyaya tegesipun; amal ibadahipun bade dipun ganjar kanti ganjaran ingkang sampurna sahingga tiyang- tiyang kasebat mboten rumaos rugi. (Tafsir Al- Quranul Azim).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Para Ulama paring pangandikan bilih tanda tiyang ingkang leres anggenipun mampir ngombe ing antawisipun:

1.     Istiqamah nindakaken amal shalih.

Kalebet tiyang ingkang leres gesangipun inggih punika menawi saget njagi amal kanthi istiqamah utawi ajeg.

Ngendika rasulullah SAW:

فَإِنَّ خَيْرَ الْعَمَلِ أَدْوَمُهُ وَإِنْ قَلَّ

“Satemene amal kang becik iku kang katindaake kanti ajeg senajan mung sethithik” (HR.Muslim)

Imam An Nawawi ngendika: “Amalan kang sethithik ananging ajeg dilakoni bakal diganjar kanthi ganjaran kang gede lan matikel-tikel, (Syarh An Nawawi ‘ala Muslim 3/133)

Ibnu Rajab Al Hambali ngendika: “Allah bnaget anggone tresna marang wong kang nindakake amal kanti istiqamah. Ganjaran kang bakal diparingake Panjenengane Allah marang wong kang istiqamah iku beda banget kalawan ganjarane wong kang ngamal anaging mung sepisan (ora ajeg)”  Fathul Baari lii Ibni Rajab, 1/84)

Mila tanda tiyang punika leres anggenipun mampir ngombe menawi saget istiqamah nindakaken sedaya amalan sae ingkang wajib utawi sunah.

 2.     Pinaringan Husnul Khatimah

Tanda saklajengipun bilih tiyang punika leres gesangipun nalika kaparingan husnul khatimah. Ngendika Rasulullah SAW:

” مَنْ كَانَ آخِرُ كَلاَمِهِ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ دَخَلَ الْجَنَّةَ ‏”

“sing sapa wonge akhir pangucape iku Laa ilaha illallah mesti mlebu surga” (HR.Abu Dawud)

Salah setunggal tandanipun husnul khatimah inggih menika menawi saget ngucap Laa ilaha Illallah ing akhir hayat. Perlu kawuningan, kita sedaya mboten saget instan ngucap kalimat tauhid punika ing akhir hayat kita masing- masing. Ananging mbetahaken usaha ingkang dipun sebat ilmu, iman lan amal. Mila menawi kita sedaya ngersaaken husnul khatimah kedahipun estu anggenipun sinau ilmu agami, estu anggenipun ningkataken iman lan estu njagi amal shalih.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring istiqamah lan khusnul khatimah dhumateng kita sedaya. Amiin .

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا، اَللَّهُمَّ وَفِّقْهُمْ لِمَا فِيْهِ صَلَاحُهُمْ وَصَلَاحُ اْلإِسْلَامِ وَالْمُسْلِمِيْنَ اَللَّهُمَّ أَبْعِدْ عَنْهُمْ بِطَانَةَ السُّوْءِ وَالْمُفْسِدِيْنَ وَقَرِّبْ إِلَيْهِمْ أَهْلَ الْخَيْرِ وَالنَّاصِحِيْنَ يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Indonesia ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :




 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama