Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa
Jawa
Mampir Ngombe
Ustadz Wismanto
Khutbah
Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ
وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ
يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dumateng Allah Ta’ala ingkang
sampun paring kenikmatan dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu,
widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dumateng
nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing
dinten kiyamah.
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib berwasiat sumangga kita tingkataken taqwa
dumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti
taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Agami islam maringi pitedah bilih gesang wonten alam dunya puniko namung
sekedap. Kita sedaya sejatosipun nembe sami kesahan tumuju setunggal panggenan
pungkasan inggih puniko kampung akhirat.
Bebasan tiyang ingkang kesahan, gesang kita sakpunika sejatosipun namung mampir ngombe lajeng mangkih mesti
nerasaken lampah malih. Mila kita kedah waspada wekdal kita mapir ngombe punika mboten dangu. Wekdal
ingkang mboten dangu punika kedah kita ginaaken sak
sahe sahenipun. Allah dawuh wonten ing al- quran:
قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيلٌ
وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ لِمَنِ اتَّقَىٰ وَلَا تُظْلَمُونَ فَتِيلًا
Artosipun : Dhawuha
sira (Muhammad): Kabungahan ing dunya iku mung sedela, lan akhirat iku luwih becik tumrap wong- wong kang pada taqwa lan sira kabeh ora bakal dikaniyaya sa-thithik-
thithika” ( An Nisa: 77).
Imam Ibnu Katsir paring pangandikan magepokan ayat kasebat, bilih ayat
punika paring piwucal tumrap tiyang mukmin supados leres
anggenipun ngayahi panggesangan wonten dunya lan supados langkung yakin lan
langkung remen dumateng akhirat. Wonten akhirat tiyang mukmin mboten bade dipun
aniyaya tegesipun; amal ibadahipun bade dipun ganjar kanti ganjaran ingkang
sampurna sahingga tiyang- tiyang kasebat mboten rumaos rugi. (Tafsir Al-
Quranul Azim).
Para Ulama paring
pangandikan bilih tanda tiyang ingkang leres anggenipun mampir ngombe ing
antawisipun:
1.
Istiqamah nindakaken amal shalih.
Kalebet tiyang ingkang leres
gesangipun inggih punika menawi saget njagi amal kanthi istiqamah utawi ajeg.
Ngendika rasulullah SAW:
فَإِنَّ خَيْرَ الْعَمَلِ
أَدْوَمُهُ وَإِنْ قَلَّ
“Satemene amal kang becik
iku kang katindaake kanti ajeg senajan mung sethithik” (HR.Muslim)
Imam An Nawawi ngendika: “Amalan kang sethithik ananging ajeg dilakoni
bakal diganjar kanthi ganjaran kang gede lan matikel-tikel, (Syarh An Nawawi ‘ala Muslim
3/133)
Ibnu
Rajab Al Hambali ngendika: “Allah bnaget
anggone tresna marang wong kang nindakake amal kanti istiqamah. Ganjaran kang
bakal diparingake Panjenengane Allah marang wong kang istiqamah iku beda banget
kalawan ganjarane wong kang ngamal anaging mung sepisan (ora ajeg)” Fathul Baari lii Ibni Rajab, 1/84)
Mila
tanda tiyang punika leres anggenipun mampir ngombe menawi saget istiqamah
nindakaken sedaya amalan sae ingkang wajib utawi sunah.
Tanda
saklajengipun bilih tiyang punika leres gesangipun nalika kaparingan husnul
khatimah. Ngendika Rasulullah SAW:
”
مَنْ كَانَ آخِرُ كَلاَمِهِ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ دَخَلَ الْجَنَّةَ ”
“sing sapa wonge akhir pangucape iku Laa ilaha
illallah mesti mlebu surga” (HR.Abu Dawud)
Salah
setunggal tandanipun husnul khatimah inggih menika menawi saget ngucap Laa
ilaha Illallah ing akhir hayat. Perlu kawuningan, kita sedaya mboten saget
instan ngucap kalimat tauhid punika ing akhir hayat kita masing- masing.
Ananging mbetahaken usaha ingkang dipun sebat ilmu, iman lan amal. Mila menawi
kita sedaya ngersaaken husnul khatimah kedahipun estu anggenipun sinau ilmu
agami, estu anggenipun ningkataken iman lan estu njagi amal shalih.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah
jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring istiqamah lan
khusnul khatimah dhumateng kita sedaya. Amiin .
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ
للهِ
رَبِّ
العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ
عَلَى
أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِهِ
وَصَحْبِهِ
أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا
أَيُّهَا
النَّاسُ
اتَّقُوا
رَبَّكُمُ
الَّذِي
خَلَقَكُمْ
مِنْ
نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ
مِنْهَا
زَوْجَهَا
وَبَثَّ
مِنْهُمَا
رِجَالًا
كَثِيرًا
وَنِسَاءً
وَاتَّقُوا
اللَّهَ
الَّذِي
تَسَاءَلُونَ
بِهِ
وَالْأَرْحَامَ
إِنَّ
اللَّهَ
كَانَ
عَلَيْكُمْ
رَقِيبًا
اِنَّ
اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ
عَلىَ
النَّبِىْ
يَاَ
يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
صَلَّيْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
بَارَكْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللهُمَّ
اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ
وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ
سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ
إِنَّا
نَسْأَلُكَ
الهُدَى
وَالتُّقَى
وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
اَللَّهُمَّ
أَصْلِحْ
وُلَاةَ
أُمُوْرِنَا،
اَللَّهُمَّ
وَفِّقْهُمْ
لِمَا
فِيْهِ
صَلَاحُهُمْ
وَصَلَاحُ
اْلإِسْلَامِ
وَالْمُسْلِمِيْنَ
اَللَّهُمَّ
أَبْعِدْ
عَنْهُمْ
بِطَانَةَ
السُّوْءِ
وَالْمُفْسِدِيْنَ
وَقَرِّبْ
إِلَيْهِمْ
أَهْلَ
الْخَيْرِ
وَالنَّاصِحِيْنَ
يَا
رَبَّ
الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا
هَبْ
لَنَا
مِنْ
أَزْوَاجِنَا
وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ
أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَا
آتِنَا
فِي
الدُّنْيَا
حَسَنَةً
وَفِي
الْآخِرَةِ
حَسَنَةً
وَقِنَا
عَذَابَ
النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Indonesia ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق