Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa
Jawa
Musibah Lan Bencana Alam
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ
إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga kita ningkataken takwa dhumateng Allah, ajrih lan
taat dhumateng
ngarsanipun
Allah, kanti nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun. Amargi kanthi takwa kita sedaya badhe pikantuk ridla lan kabegjan wonten dunya ngantos akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Nembe kewala kita sami midanget pawartos musibah lindu
ing Cianjur ugi banjir wonten pundi- pundi panggenan. Pawartos punika
temtunipun ndadosaken kaprihatosan tumrap kita sami. Islam sampun paring
keterangan bilih kalebet sunatullah, kita sedaya rikalanipun gesang mesthi badhe manggihi pacoben,
ujian ugi musibah. Ngendika Allah ing surah Al- Baqarah: 155.
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ
الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ
Ayat punika nedahaken bilih
manungsa kedah ngalami musibah kados ingkang dipun sebat, ananging Allah SWT
ugi bade paring bebungah kagem tiang tiyang ingkang sami sabar.
Wonten ing ayat sanes Allah
SWT ugi paring pangandikan:
“Ora
ana wong kang kataman coba mesthi kalawan idzine Allah. Dene sing sapa iman
marang Allah, Allah bakal nuduhake atine wong iku. Allah iku nguningani
sakabehing perkara.” (At- Taghabun;11).
Pacoben punika perkawis ingkang
mboten saget dipun singkiri, amargi sampun dados pepesti tumrap tiyang mukmin.
Malah kepara pacoben punika dipun paringaken Allah kagem tanda bukti bilih
Allah tresna dhumateng tiyang- tiyang mukmin. Ngendika Rasulullah:
مَنْ يُرِد اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُصِبْ مِنْهُ
“Sapa
wonge dikersaake Allah kabecikan marang deweke, mula Allah bakal paring pacoba
(musibah)” (HR.Bukhari).
Mila ingkang kedhah kita lampahi punika sanes
nyingkiri pacoben ananging nyawisaken kesabaran ing ndalem nampi pacoben.
Menawi kita sedaya sabar lan ridla dhumateng sedaya pacoben ingkang Allah
paringaken dhumateng kita estu saget njalari kesaenan panggesangan kita dunya
lan akhirat. Ngendika Rasulullah:
"Nggumunake kabeh urusane wong mukmin saktemene kabeh perkarane wong
mukmin iku becik, lan ora ana sing mengkono iku kejaba tumrap wong mukmin. Lamun oleh perkara apik deweke
syukur, lan syukur iku banget becike mungguhe deweke. Lan lamun ketaman perkara
kang ala (musibah) deweke sabar, lan sabar iku banget becike." (HR. Muslim)
Lajeng
kewajiban kita pinangka tiyang- tiyang ingkang midanget bilih sanak sederek kta
nembe nandang musibah temtunipun kedhah caos pambiyantu arupi punapa kemawon
kagem ngenteng- entengi sanak sederek ingkang nembe mboten sekeca. Allah SWT dhawuh wonten ing
Surat Al Maidah: 2
وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى
الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ
“Lan pada tulung-tinulunga sira ana ing laku kabecikan
lan taqwa. Ananging aja pada tulung- tinulung ana ing laku dosa lan
memungsuhan. Lan pada taqwaa sira marang Allah satemene Allah iku abot
panyiksane.
Mila sumangga kita sesarengan
nderek caos pambiyantu sakmampu kita, saget kanti tenaga, bandha lan ugi doa.
Mugi- mugi sanak sederek ingkang nembe nandang musibah pinaringan sabar ugi
enggal- enggal pinaringan kesehatan lan kesaenan. Amiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ
للهِ
رَبِّ
العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ
عَلَى
أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِهِ
وَصَحْبِهِ
أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ
اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ
عَلىَ
النَّبِىْ
يَاَ
يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
صَلَّيْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
بَارَكْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللهُمَّ
اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ
وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ
سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ
إِنَّا
نَسْأَلُكَ
الهُدَى
وَالتُّقَى
وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
رَبَّنَا
هَبْ
لَنَا
مِنْ
أَزْوَاجِنَا
وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ
أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَا
آتِنَا
فِي
الدُّنْيَا
حَسَنَةً
وَفِي
الْآخِرَةِ
حَسَنَةً
وَقِنَا
عَذَابَ
النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar