Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Musibah Lan Bencana Alam

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.  اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kita ningkataken takwa dhumateng Allah, ajrih lan taat dhumateng ngarsanipun Allah, kanti nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun. Amargi kanthi takwa kita sedaya badhe pikantuk ridla  lan kabegjan wonten dunya ngantos akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Nembe kewala kita sami midanget pawartos musibah lindu ing Cianjur ugi banjir wonten pundi- pundi panggenan. Pawartos punika temtunipun ndadosaken kaprihatosan tumrap kita sami. Islam sampun paring keterangan bilih kalebet sunatullah, kita sedaya rikalanipun gesang mesthi badhe manggihi pacoben, ujian ugi musibah. Ngendika Allah ing surah Al- Baqarah: 155.

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ

 “Lan satemene Ingsung bakal nyoba ing sira kabeh kalawan sawatara kekuatiran lan kaluwen lan kekurangan bandha lan kekurangan kadhang mitra sarta kekurangan woh- wohan, Mula sira wenehana bebungah marang wong- wong kang kuat sabar.” (Al- Baqarah: 155)

Ayat punika nedahaken bilih manungsa kedah ngalami musibah kados ingkang dipun sebat, ananging Allah SWT ugi bade paring bebungah kagem tiang tiyang ingkang sami sabar.

Wonten ing ayat sanes Allah SWT ugi paring pangandikan:

 مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَمَنْ يُؤْمِنْ بِاللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُ ۚ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ

Ora ana wong kang kataman coba mesthi kalawan idzine Allah. Dene sing sapa iman marang Allah, Allah bakal nuduhake atine wong iku. Allah iku nguningani sakabehing perkara.” (At- Taghabun;11).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Pacoben punika perkawis ingkang mboten saget dipun singkiri, amargi sampun dados pepesti tumrap tiyang mukmin. Malah kepara pacoben punika dipun paringaken Allah kagem tanda bukti bilih Allah tresna dhumateng tiyang- tiyang mukmin. Ngendika Rasulullah:

مَنْ يُرِد اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُصِبْ مِنْهُ

“Sapa wonge dikersaake Allah kabecikan marang deweke, mula Allah bakal paring pacoba (musibah)” (HR.Bukhari).

Mila ingkang kedhah kita lampahi punika sanes nyingkiri pacoben ananging nyawisaken kesabaran ing ndalem nampi pacoben. Menawi kita sedaya sabar lan ridla dhumateng sedaya pacoben ingkang Allah paringaken dhumateng kita estu saget njalari kesaenan panggesangan kita dunya lan akhirat. Ngendika Rasulullah:

"Nggumunake kabeh urusane wong mukmin saktemene kabeh perkarane wong mukmin iku becik, lan ora ana sing mengkono iku kejaba  tumrap wong mukmin. Lamun oleh perkara apik deweke syukur, lan syukur iku banget becike mungguhe deweke. Lan lamun ketaman perkara kang ala (musibah) deweke sabar, lan sabar iku banget becike." (HR. Muslim)

 Jamaah jumah rahimakumullah

Lajeng kewajiban kita pinangka tiyang- tiyang ingkang midanget bilih sanak sederek kta nembe nandang musibah temtunipun kedhah caos pambiyantu arupi punapa kemawon kagem ngenteng- entengi sanak sederek ingkang nembe mboten sekeca. Allah SWT dhawuh wonten ing Surat Al Maidah: 2

وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ

 “Lan pada tulung-tinulunga sira ana ing laku kabecikan lan taqwa. Ananging aja pada tulung- tinulung ana ing laku dosa lan memungsuhan. Lan pada taqwaa sira marang Allah satemene Allah iku abot panyiksane.

Mila sumangga kita sesarengan nderek caos pambiyantu sakmampu kita, saget kanti tenaga, bandha lan ugi doa. Mugi- mugi sanak sederek ingkang nembe nandang musibah pinaringan sabar ugi enggal- enggal pinaringan kesehatan lan kesaenan. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


 

Post a Comment

أحدث أقدم