Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Sabar Ngadhepi Musibah

Ustadz Sadmonodadi

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ هَدَى مَنْ شَاءَ اِلَى الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ.

اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ  أَجْمَعِيْنَ. اَمَّابَعْدُ : يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ.   قَالَ تَعَالَى: وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ

Jama’ah rahimaukumullah!

Syukur lan pangalembana anamung kunjuk dhumateng Allah SWT, Dzat ingkang nyipta manungsa, nyekapi kabetahan donyanipun lan ingkang kuwaos mundhut wangsul gesang wau. Dzat Maha paring piwucal alladzi ngalama bil qalam, Dzat ingkang paring piwucal punapa ingkang mboten dipun mangertosi dening manungsa ngalamal insaana ma lam ya’lam.

Shalawat saha salam gugi tansah kaparingna dhumateng Kanjeng rasul SAW, dhumateng kulawarga Nabi, dhumateng para shahabat, para tabiin, tabiit-tabiin, lan mugi sumrambah dhumateng kula panjenengan sami.

Jama’ah rahimaukumullah!

Dinten-dinten punika kita midhanget prastawa ingkang ngrebat kawigatosan masyarakat ing antawisipun  banjir, longsor lan ugi longsong. Ingkang nembe kewawon kedadosan inggih punika lindu tektonik ing Cianjur kanng kanyata  nyebabaken panandhangipun penduduk, ndumugeaken  rerisak lan mbekta korban manungsa: tatu-tau utawi tilar donya.

Jama’ah rahimaukumullah!

Musibah estunipun prastawa limrah ing donya punika.  Sampun dados sunatullah, ing dalem gesang lan ngudi pagesangan ing donya punika manungsa satunggaling wekdal mesthi badhe nandhang musibah : ageng utawi alit.  Mboten wonten tiyang ingkang tansah eca-sekeca, tansah pikantuk kesaenan lan karemenan ing dalem sedaya gesangipun.

Allah ngendika ing dalem Al-Qur’an Surah Al-Baqarah ayat 155 :

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ

Saktemene Ingsun mesthi nyoba ing sira kabeh kelawan karibetan sawatara saka rasa kuwatir lan luwe, lan kekurangan bandha, pepati lan kekurangan woh-wohan. Lan paringana kabar gumbira marang wong-wong kang padha sabar”.

Lan punapa kemawon musibah ingkang tumanduk dhumateng manungsa, miturut kapitadosan Islam, sedaya anamung kersanipun Allah. Allah piyambak ingkang ngersaaken wontenipun mushibah wau : sanes amargi kajeng sela, tosan aji, dhemit, gendruwo, nyi blorong utawi mak lampir.

مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ وَمَن يُؤْمِن بِاللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ

 Ora ana sawiji musibah apa wae kang kedadeyan kejaba amarga kersane Allah. Lan sapa wange kang iman marang Allah, mangka Allah bakal paring hidayah marang atine. Lan Allah Maha Priksa samubarang lir”. (QS At Taghaabun: 11)

Kaum muslimin rahimakumullah!

Pacoben makaten kaparingaken dhumateng manungsa kangge nitik sinten tiyang-tiyang ingkang saestu sabar  lan kangge mangertosi sinten tiyang-tiyang ingkang duraka. Dhawuh Dalem Allah ing surah Al-Ankabut ayat 2 nyebataken :

أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوا أَنْ يَقُولُوا ءَامَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ

 “Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap ‘Aku percaya ing Allah’ iku banjur ora diparingi pacoban?”

وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ

Lan temen wus Ingsung paring coba wong-wong kang sadurunge wong-wong mau, mangka temen Allah mangerteni wong-wong kang bener lan temen Allah Maha Priksa wong-wong kang padha apus-apus”.

 Kaum muslimin rahimakumullah!

Nyarujuki kaliyan ayat-ayat kasebat, ngadhepi musibah, saben-saben muslim kadawuhan sabar. Sabar ing pangertosan, kita bilih musibah punika kersanipun Allah, hakipun Allah. Agami paring piwucal bilih sedaya perkawis punika saking ngarsanipun Allah SWT kados kacetha ing surah taghabun ingkang kasebat ngajeng :

مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ

Ora ana sawiji musibah apa wae kang kedadeyan kejaba amarga kersane Allah

Awit saking punika, saben-saben muslim badhe ngonduraken sedaya mu-sibah sewau anamung dhumateng Allah kewala. Ingkang makaten pu-nika jumbuh kaliyan pangandikan Allah ing surah Al-Baqarah ayat 156 :

الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ

 “Wong-wong (kang sabar) menawa nandhang musibah ngucap :’Saktemene aku kabeh kagungane Allah, lan saktmene marang Allah aku bakal bali’”.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Emanipun wonten tiyang ingkang kirang trep anggenipun mahami ayat 156 saking surah Al-Baqarah ingkang ungelipun inna lillahi wa innna ilahi raji’un. Kathah tiyang ingkang mahami bilih waosan innalillahi wa innailahi rojiun punika kawaos anamung nalika wonten sripah,  kaucap kangge mbikak pengumuman lelayu.

Kamangka, waosani inna lillahi wa innna ilahi raji’un nedahaken raos pasrah lan sumendhe dhumateng kersanipun Allah. Waosan punika ugi mujudaken pengakenan ingkang saestu bilih kita sedaya (sehat kita, cekap kita, lodhang kita, arta bandha kita, putra wayah kita, wekdal kita) wonten astanipun Allah. Manungsa, syetan lan makhluk-makhluk sanes mboten nggadhahi kuwaos punapa-punapa. (Inna lillah) Sedaya kagunganipun Allah, lan menawi  Allah sampun ngersaaken sedaya badhe wangsul dhumateng ngarsanipun Allah (wa inailaihi rajiun) mangka mboten wonten ingkang saged ngalang-alangi.

Kaum muslimin!

Kathah sedherek-sedherek kita ingkang wasis ngucap innalillahi wa inna ilahi raajiun ananging kirang saget mahami artos lan maknanipun. Lan menawiya faham artosipun  taksih kathah ingkang cak-cakipun lampah dereng nyarujuki kaliyan dhawuhipun agami, nyulayani kaliyan aqidah agami Islam.

Ucapipun innalillah wa innalihi raajiun, ananging cak-cakanipun manah lan lampah nylewa saking ikrar punika. Mitadosi musibah awit saking pokalipun makhluk halus, awit saking amuking jin, awit saking kuwaosing syetan.  Nyocogi kaliyan kapitadosan wau, sebagian sedherek-sedherek kita muslim lajeng kumawantun sami nilar pitedah agami, kumawantun nerjang awisan Allah ingkang utami, nrajang pokok-pokok agami nun inggih : pados perlindhungan sasanesipun Allah, pados pepujan sasanesipun Allah. Amargi ajrih lan ngawatiraken gesangipun lan kawilujenganipun, minta sraya dhumateng makhluk sasanesipun Allah!.

Temtu patrap ingkang makaten badhe damel dukanipun Allah. Lan pantes Allah duka. Kados pundi mboten duka, awit Allah Dzat ingkang nyipta, nggesangaken, nyekapi kabetahan lan ngupakara gesangipun manungsa, dipun kawonaken kaliyan makhluk ingkang saestu mboten nggadhahi andhil ing dalem nyipta, nggesangaken lan nyekapi kabetahanipun manungsa.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Menawi manungsa tetep sabar nalika pikantuk musibah, tetap tawakkal wonten Ngarsa dalem Allah, Allah badhe damel gampil anggenipun luwar saking sedaya reribet, badhe kaguguraken dosa-dosanipun lan katambah-tambah nugrahanipun Allah!

مَا مِنْ مُسْلِمٍ يُشَاكُ شَوْكَةً فَمَا فَوْقَهَا إِلَّا كُتِبَتْ لَهُ بِهَا دَرَجَةٌ وَمُحِيَتْ عَنْهُ بِهَا خَطِيئَةٌ

Saben-saben muslim kang kena eri utawa luwih saka iku, mangka karana iku bakal angkat drajade lan diilangi dosane sawiji”. (H.R. Bukhari Muslim)

وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِينَ صَبَرُوا أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُ

“Lan saktemene Ingsun bakal paring piwales marang wong-wong kang sabar kanthi ganjaran kang luwih becik tinimbang kang wus padha ditindaake”.  (Q.S. An-Nahl 96)

Ing ayat sanes Allah ugi paring janji kasaenan tumrap tiyang-tiyang ingkang sabar :

أُولَئِكَ يُؤْتَوْنَ أَجْرَهُمْ مَرَّتَيْنِ بِمَا صَبَرُوا وَيَدْرَءُونَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ

 “Dhewekne padha diparingi ganjaran kaping pindho awit nggone sabar, lan dhewekne nyirnaake alane kanthi tumindak becik, lan sabageyan saka rejeki peparing Ingsun padha diblanjakake”. (Q.S. Al-Qashash 54).

Kaum muslimin rahimakumullah!

Mungkasi khutbah punika, pinangka sedherek, kula ngemutaken dhumateng panjenengan sami, para mukmin-muslim mliginipun ingkang ngrawuhi Jumat punika, sampun kirang pangatos-atos anggen kita sami mlampah ing donya punika. Sampun ngantos kapilut syetan ingkang kanyata bujuking sakalangkung dening alus. Manawi kula panjenengan sami saged kagodha dening bujuking syetan temtu kita sami badhe kajlomprong dumateng kawontenan cilaka. Ing donya kita sami badhe manggihi margi ingkang rupeg,  kawontenan ingkang mboten nentremake. Ing akhirat kita kita sami kedah ngadhepi pengadilanipun Allah.

Kejawi menawi kita sami sampun mboten mitadosi dhumateng kuwaosipun Allah, menawi kita sami sampun nggorohaken gesang akherat, mangga kersa.  Kula anamung saged ngaturaken sekedhik pangandikanipun Allah ing dalem hadits qudsi : isy maa syi’ta, fainnaka mayyitun.  Uripa sira sakarepira, ananging satemene sira bakal mati.

أَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.

Khutbah 2

لْحَمْدُ للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ  وَاَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.  اَللّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا شُنَا وَ أَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا دُنَا, وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ.  اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ   وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ  والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ   والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ   والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ  إِثْمٍ والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ   والفَوْزَ بِالجَنَّةِ   والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ  النار. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama