Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Sabar Ngadhepi Musibah
Ustadz Sadmonodadi
إِنَّ
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ
بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي
اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُاَنْ لاَاِلهَ اِلاَّاللهُ هَدَى مَنْ شَاءَ
اِلَى الصِّـرَاطِ الْمُسْـتَقِيْمِ, وَاَشْـهَدُاَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ
خَيْرُدَاعٍ اِلَى الطَّـرِيْقِ الْقَوِيْمِ.
اَللّهُـمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَمَّابَعْدُ :
يَااَيُّهَـاالنَّاسُ ! اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ
تُرْحَمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى:
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ
الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ الَّذِينَ إِذَا
أَصَابَتْهُمْ مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ
Jama’ah rahimaukumullah!
Syukur lan pangalembana anamung kunjuk dhumateng Allah
SWT, Dzat ingkang nyipta manungsa, nyekapi kabetahan donyanipun lan ingkang
kuwaos mundhut wangsul gesang wau. Dzat Maha paring piwucal alladzi ngalama
bil qalam, Dzat ingkang paring piwucal punapa ingkang mboten dipun
mangertosi dening manungsa ngalamal insaana ma lam ya’lam.
Shalawat saha salam gugi tansah kaparingna dhumateng
Kanjeng rasul SAW, dhumateng kulawarga Nabi, dhumateng para shahabat, para
tabiin, tabiit-tabiin, lan mugi sumrambah dhumateng kula panjenengan sami.
Jama’ah rahimaukumullah!
Dinten-dinten punika kita midhanget prastawa ingkang
ngrebat kawigatosan masyarakat ing antawisipun
banjir, longsor lan ugi longsong. Ingkang nembe kewawon kedadosan inggih
punika lindu tektonik ing Cianjur kanng kanyata
nyebabaken panandhangipun penduduk, ndumugeaken rerisak lan mbekta korban manungsa: tatu-tau
utawi tilar donya.
Jama’ah rahimaukumullah!
Musibah estunipun prastawa limrah ing
donya punika. Sampun dados sunatullah,
ing dalem gesang lan ngudi pagesangan ing donya punika manungsa satunggaling
wekdal mesthi badhe nandhang musibah : ageng utawi alit. Mboten
wonten tiyang ingkang tansah eca-sekeca, tansah pikantuk kesaenan lan karemenan
ing dalem sedaya gesangipun.
Allah ngendika ing dalem Al-Qur’an Surah Al-Baqarah ayat
155 :
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ
الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ
“Saktemene
Ingsun mesthi nyoba ing sira kabeh kelawan karibetan sawatara saka rasa kuwatir
lan luwe, lan kekurangan bandha, pepati lan kekurangan woh-wohan. Lan paringana
kabar gumbira marang wong-wong kang padha sabar”.
Lan punapa kemawon musibah ingkang tumanduk
dhumateng manungsa, miturut kapitadosan Islam, sedaya anamung kersanipun Allah.
Allah piyambak ingkang ngersaaken wontenipun mushibah wau : sanes amargi kajeng
sela, tosan aji, dhemit, gendruwo, nyi blorong utawi mak lampir.
مَا
أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ وَمَن يُؤْمِن بِاللَّهِ يَهْدِ
قَلْبَهُ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
“ Ora ana sawiji musibah
apa wae kang kedadeyan kejaba amarga kersane Allah. Lan sapa wange kang iman
marang Allah, mangka Allah bakal paring hidayah marang atine. Lan Allah Maha
Priksa samubarang lir”. (QS At Taghaabun: 11)
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Pacoben makaten kaparingaken dhumateng manungsa kangge nitik sinten
tiyang-tiyang ingkang saestu sabar lan
kangge mangertosi sinten tiyang-tiyang ingkang duraka. Dhawuh Dalem Allah ing
surah Al-Ankabut ayat 2 nyebataken :
أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوا أَنْ يَقُولُوا ءَامَنَّا
وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ
“Apa para manungsa duwe pangira menawa wis
ngucap ‘Aku percaya ing Allah’ iku banjur ora diparingi pacoban?”
وَلَقَدْ
فَتَنَّا الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ
الْكَاذِبِينَ
“ Lan temen wus Ingsung
paring coba wong-wong kang sadurunge wong-wong mau, mangka temen Allah
mangerteni wong-wong kang bener lan temen Allah Maha Priksa wong-wong kang
padha apus-apus”.
Kaum muslimin rahimakumullah!
Nyarujuki
kaliyan ayat-ayat kasebat, ngadhepi musibah, saben-saben muslim kadawuhan
sabar. Sabar ing pangertosan, kita bilih musibah punika kersanipun Allah,
hakipun Allah. Agami paring piwucal
bilih sedaya perkawis punika saking ngarsanipun Allah SWT kados kacetha ing
surah taghabun ingkang kasebat ngajeng :
مَا أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ إِلَّا
بِإِذْنِ اللَّهِ
“Ora ana sawiji musibah apa wae
kang kedadeyan kejaba amarga kersane Allah”
Awit
saking punika, saben-saben muslim badhe ngonduraken sedaya mu-sibah sewau
anamung dhumateng Allah kewala. Ingkang makaten pu-nika jumbuh kaliyan
pangandikan Allah ing surah Al-Baqarah ayat 156 :
الَّذِينَ إِذَا أَصَابَتْهُمْ
مُصِيبَةٌ قَالُوا إِنَّا لِلَّهِ وَإِنَّا إِلَيْهِ رَاجِعُونَ
“Wong-wong (kang sabar) menawa nandhang
musibah ngucap :’Saktemene aku kabeh kagungane Allah, lan saktmene marang Allah
aku bakal bali’”.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Emanipun wonten tiyang ingkang kirang trep
anggenipun mahami ayat 156 saking surah Al-Baqarah ingkang ungelipun inna
lillahi wa innna ilahi raji’un. Kathah tiyang ingkang mahami bilih waosan
innalillahi wa innailahi rojiun punika kawaos anamung nalika wonten
sripah, kaucap kangge mbikak pengumuman
lelayu.
Kamangka, waosani inna lillahi wa innna
ilahi raji’un nedahaken raos pasrah lan sumendhe dhumateng kersanipun
Allah. Waosan punika ugi mujudaken pengakenan ingkang saestu bilih kita sedaya
(sehat kita, cekap kita, lodhang kita, arta bandha kita, putra wayah kita,
wekdal kita) wonten astanipun Allah. Manungsa, syetan lan makhluk-makhluk sanes
mboten nggadhahi kuwaos punapa-punapa. (Inna lillah) Sedaya kagunganipun
Allah, lan menawi Allah sampun
ngersaaken sedaya badhe wangsul dhumateng ngarsanipun Allah (wa inailaihi
rajiun) mangka mboten wonten ingkang saged ngalang-alangi.
Kaum
muslimin!
Kathah
sedherek-sedherek kita ingkang wasis ngucap innalillahi wa inna ilahi
raajiun ananging kirang saget mahami artos lan maknanipun. Lan menawiya
faham artosipun taksih kathah ingkang
cak-cakipun lampah dereng nyarujuki kaliyan dhawuhipun agami, nyulayani kaliyan
aqidah agami Islam.
Ucapipun innalillah
wa innalihi raajiun, ananging cak-cakanipun manah lan lampah nylewa saking
ikrar punika. Mitadosi musibah awit saking pokalipun makhluk halus, awit saking
amuking jin, awit saking kuwaosing syetan.
Nyocogi kaliyan kapitadosan wau, sebagian sedherek-sedherek kita muslim lajeng
kumawantun sami nilar pitedah agami, kumawantun nerjang awisan Allah ingkang
utami, nrajang pokok-pokok agami nun inggih : pados perlindhungan sasanesipun
Allah, pados pepujan sasanesipun Allah. Amargi ajrih lan ngawatiraken
gesangipun lan kawilujenganipun, minta sraya dhumateng makhluk sasanesipun
Allah!.
Temtu patrap ingkang
makaten badhe damel dukanipun Allah. Lan pantes Allah duka. Kados pundi mboten
duka, awit Allah Dzat ingkang nyipta, nggesangaken, nyekapi kabetahan lan ngupakara
gesangipun manungsa, dipun kawonaken kaliyan makhluk ingkang saestu mboten
nggadhahi andhil ing dalem nyipta, nggesangaken lan nyekapi kabetahanipun
manungsa.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Menawi manungsa tetep sabar nalika pikantuk musibah,
tetap tawakkal wonten Ngarsa dalem Allah, Allah badhe damel gampil anggenipun
luwar saking sedaya reribet, badhe kaguguraken dosa-dosanipun lan
katambah-tambah nugrahanipun Allah!
مَا
مِنْ مُسْلِمٍ يُشَاكُ شَوْكَةً فَمَا فَوْقَهَا إِلَّا كُتِبَتْ لَهُ بِهَا
دَرَجَةٌ وَمُحِيَتْ عَنْهُ بِهَا خَطِيئَةٌ
“Saben-saben muslim kang kena eri utawa luwih saka iku,
mangka karana iku bakal angkat drajade lan diilangi dosane sawiji”. (H.R.
Bukhari Muslim)
وَلَنَجْزِيَنَّ الَّذِينَ صَبَرُوا أَجْرَهُمْ بِأَحْسَنِ مَا كَانُوا يَعْمَلُ
“Lan saktemene Ingsun bakal paring piwales marang
wong-wong kang sabar kanthi ganjaran kang luwih becik tinimbang kang wus padha
ditindaake”.
(Q.S. An-Nahl 96)
Ing
ayat sanes Allah ugi paring janji kasaenan tumrap tiyang-tiyang ingkang sabar :
أُولَئِكَ يُؤْتَوْنَ أَجْرَهُمْ
مَرَّتَيْنِ بِمَا صَبَرُوا وَيَدْرَءُونَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ وَمِمَّا
رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ
“Dhewekne padha diparingi ganjaran kaping
pindho awit nggone sabar, lan dhewekne nyirnaake alane kanthi tumindak becik,
lan sabageyan saka rejeki peparing Ingsun padha diblanjakake”. (Q.S.
Al-Qashash 54).
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Mungkasi khutbah punika, pinangka sedherek,
kula ngemutaken dhumateng panjenengan sami, para mukmin-muslim mliginipun
ingkang ngrawuhi Jumat punika, sampun kirang pangatos-atos anggen kita sami
mlampah ing donya punika. Sampun ngantos kapilut syetan ingkang kanyata bujuking
sakalangkung dening alus. Manawi kula panjenengan sami saged kagodha dening
bujuking syetan temtu kita sami badhe kajlomprong dumateng kawontenan cilaka.
Ing donya kita sami badhe manggihi margi ingkang rupeg, kawontenan ingkang mboten nentremake. Ing
akhirat kita kita sami kedah ngadhepi pengadilanipun Allah.
Kejawi menawi kita sami sampun mboten
mitadosi dhumateng kuwaosipun Allah, menawi kita sami sampun nggorohaken gesang
akherat, mangga kersa. Kula anamung
saged ngaturaken sekedhik pangandikanipun Allah ing dalem hadits qudsi : isy
maa syi’ta, fainnaka mayyitun. Uripa
sira sakarepira, ananging satemene sira bakal mati.
أَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ
وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.
Khutbah
2
لْحَمْدُ
للهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْـهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّاللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْـهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى خَاتَمِ اْلأَ نْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. قَالَ تَعَالَى: يَا
أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ
إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ
عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
رَبَّنَا
ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ
مِنَ الْخَاسِرِينَ. اَللّهُمَّ أَصْلِحْ
لَنَا دُنْيَانَا الَّتِيْ فِيْهَا مَعَا شُنَا وَ أَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ
فِيْهَا مَعَا دُنَا, وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. اللهمَّ ارْزُقْنَا الصَّبْرَ عَلى الحَقِّ
وَالثَّبَاتَ على الأَمْرِ والعَاقِبَةَ الحَسَنَةَ والعَافِيَةَ مِنْ كُلِّ بَلِيَّةٍ
والسَّلاَمَةَ مِنْ كلِّ إِثْمٍ والغَنِيْمَةَ مِنْ كل بِرٍّ والفَوْزَ بِالجَنَّةِ والنَّجَاةَ مِنَ النَّارِ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. رَبَّنا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الاخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النار. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق