Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Tanda Allah Nresnani Kawulanipun

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ . وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ . اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa kanthi nindakaken dhawuhipun Allah lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Kita asring mireng sanak sederek ngendika: “Alhamdulillah, Allah tasih tresna dhumateng kula.” Utawi “Alhamdulillah kula dipun tresnani Allah”. Sejatosipun Kadospundi tanda Allah nresnani kawulanipun punika?.

Seperangan tiyang kagunggan pemanggih nalika jabatanipun tansaya inggil, utawi bandanipun tansaya katah, usahanipun lancar punika tanda tresnanipun Allah. Lajeng napa bentenipun kaliyan firaun, haman lan qarun? Tiyang- tiyang kasebat mboten kirang bandanipun, jabatanipun, ananging punapa fir’aun, haman lan qarun dipun tresnani Allah?. Temtu jawabanipun mboten, malah firaun, haman lan qarun punika kalebet tokoh ingkang dipun murkai Allah.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sejatosipun punapa tanda Allah nresnani kawulanipun?

1.     Dipun dadosaken tiyang ingkang paham agami

Paham tuntunan agami mujudaken salah setunggal tanda bilih tiyang kasebat dipun tresnani Allah. Ngendika Rasulullah SAW:

مَن يُرِدِ اللهُ به خيرًا يُفَقِّهْه في الدينِ

“Sapa wonge dikersaake Allah kebecikan ing deweke, mula dipahamake ing urusan agama” (HR. Bukhari lan Muslim)

Salah setunggal tanda bilih Allah tresna dhumateng tiyang saget katitik tiyang kasebat sregep sinau ilmu agami, remen dhumateng majlis- majlis ilmu, ugi remen srawung kaliyan tiyang- tiyang ingkang ngudi ilmu. Sahingga kanti remen ngudi ilmu tiyang kasebat paham dawuh lan laranganipun Allah, paham perkawis ingkang halal lan haram lan paham perkawis ingkang haq ugi bathil. Allah ngendika ing Al- quran:

يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ ۚ

 

Allah bakal ngluhurake para wong mukmin saka sira kabeh, apa dene wong kang kaparingan ilmu kalawan pirang- pirang derajat…”. (Al Mujaadilah: 11)

2.     Dipun gampilaken nindakaken amal shalih.

Kalebet tanda bilih Allah nresnani kawulanipun inggih punika badhe kaparingan hidayah, sahingga gampil nindakaken sedaya amal shalih. Ngendika Rasulullah ing setunggal hadits:

“Menawa Allah ngersaake kabecikan marang sawiji wong, mula Allah anggawe gelem ngamal.” Sahabat nyuwun pirsa: “Punapa maksudipun andamel purun ngamal?” Panjenenganipun rasul ngendika: “Allah mbuka atine wong iku sahingga deweke sregep nindakake amal shalih sadurunge deweke mati, sahingga wong liya pada ridha marang deweke”. (HR. Ahmad lan Al Hakim).

Mila kalebet tanda Allah nresnani kawulanipun Allah badhe andamel kawula kasebat sregep nindakaken amal shalih kadosdene: njagi ibadah shalat wajib lan shalat sunah, remen tindak shalat jamaah wonten ing masjid, remen nindakaken shalat lail lan shalat sunnah sanesipun. Mekaten ugi tiyang kasebat remen nindakaken shiyam, remen shadaqah lan ibadah sanesipun.

3.     Dipun paringi ujian

Tanda salajengipun menawi Allah tresna dhumateng kawulanipun badhe dipun paring ujian. Ujian punika kagem natar kadospundi imanipun kawula kasebat. Menawi kawula kasebat estu iman dhateng Allah mesti Allah badhe paring ujian. Menawi imanipun kiyat mila ujianipun inggih awrat, ananging menawi imanipun ringkih mila ujianipun inggih namung entheng.  Ngendika Rasulullah:

مَنْ يُرِد اللَّهُ بِهِ خَيْرًا يُصِبْ مِنْهُ

 “Sapa wonge dikersaake Allah kabecikan marang deweke, mula Allah bakal paring musibah (ujian)” (HR.Bukhari).

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken, mugi- mugi kita sedaya kalebet tiyang- tiyang ingkang dipun tresnani Allah SWT. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Indonesia ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

DOWNLOAD  

Post a Comment

أحدث أقدم