Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa
Jawa
Wohing
Taqwa
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ
يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ
وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ.
قَالَ
اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا
اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat
dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing
sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita
tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Panjenenganipun Allah punika Dzat ingkang sampun
nitahaken anak turunipun adam wonten ing dunya. Saksampunipun Adam lan putra
wayahipun tinitah, Allah nyawisaken tuntunan kanthi nurunaken kitab lan ngutus
para rasul. Kitab- kitabipun Allah lan para rasulipun pinangka pedoman supados
anak turunipun Adam pinaringan margi ingkang leres lan tinebih saking margi
sesat. Sedaya kitab lan rasulipun ngajak supados kita sedaya nindakaken
dhawuhipun Allah lan nebihi laranganipun. Sinten ingkang mituhu dhumateng
piwucal kitab lan rasul punika dipunsebat tiyang ingkang taqwa. Tumrap tiyang-
tiyang ingkang taqwa punika Allah badhe paring kautaman ingkang katah,
ingantawisipun:
1.
Allah nutupi kaluputan lan ngapura dosa- dosa
Dosa lan kalepatan punika setunggal perkawis ingkang
mesti dipun lampahi anak adam. Mboten wonten setunggal kemawon anak turunipun
adam ingkang mboten nate tumindak lepat. Sejatosipun dosa lan kalepatan punika
ingkang dados penyebab gesang kita mboten sekeca. Amargi dosa lan kalepatan
nyebabaken gesang kita susah lan tebih saking katentreman. Mila salah setunggal
margi kagem nggayuh katentreman inggih punika kanthi ngatah- ngatahi nyuwun
pangapura dhumateng Allah SWT. Menawi kita estu anggenipun nyuwun pangapura
kanthi njagi ketaqwaan, Allah mesti badhe maringi pangapura. Ngendika Allah ing
surat Al- Anfal ayat 29:
يٰٓاَيُّهَا
الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا
وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ
الْعَظِيْمِ
“He para wong mukmin, menawa sira taqwa marang Allah
yekti Allah bakal paring marang sira kabeh furqan (pamisah perkara kang bener
kalawan kang luput). Lan Panjenengane bakal nutupi kaluputanira lan ngapura
dosa- dosanira. Saktemene Allah iku kagungan kanugrahan kang agung.” (Al- Anfal:29)
Ngendika
Allah SWT ing surat At- Thalaq ayat 2 lan 3:
وَمَنْ يَّتَّقِ
اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّه مَخْرَجًا…
وَّيَرْزُقْهُ
مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ
“Lan sapa wonge taqwa ing Allah temen Panjenegane
bakal anggampangake dalane. (02) Lan Panjenegane Allah bakal paring rejeki saka
dalan kang ora kinira-ira (03)” (At- Thalaq: 2 lan 3)
Saking kalih ayat punika Allah SWT ngajaraken dhateng kita supados yakin dene sedaya ingkang tinitah wonten alam dunia punika awit kuasanipun Allah. Kita mboten pareng kuatir, alit manahipun lan was-was babagan punapa kemawon. Menawi kita nderek pitedahipun Allah SWT mesti panggesangan kita badhe pikantuk kesaenan ing babagan punapa kemawon.
Ngendika
Allah ing surat Ali- Imran: 15
لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا عِنْدَ رَبِّهِمْ
جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَاَزْوَاجٌ
مُّطَهَّرَةٌ وَّرِضْوَانٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِۚ
“Tumrap wong kang pada taqwa, besuk
ana ing ngarsane Allah pengerane bakal padha anduweni surga kang endah kali-
kaline mili ing sangisore, ana ing kono pada langgeng lan pada anduweni jodho
kang suci sarta oleh karidlane Allah. Lan Allah iku Maha Mirsani marang kabeh
kawulane.” (Ali- Imran:15).
Hadirin jamaah jumah
Mekaten seperangan wohipun
njagi taqwa dhumateng Allah SWT. Mugi Allah tansah paring hidayah dhumateng
kita sedaya sahingga kita saget nindakaken dawuh- dawuhipun lan nebihi
larangan- laranganipun. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kedua
الحَمْدُ
للهِ
رَبِّ
العَالمِيْنَ
وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ
عَلَى
أَشْرَافِ
الأَنْبِيَاءِ
وَالمرْسَلِيْنَ
نَبِيِّنَا
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِهِ
وَصَحْبِهِ
أَجْمَعِيْنَ
يَا
أَيُّهَا
النَّاسُ
اتَّقُوا
رَبَّكُمُ
الَّذِي
خَلَقَكُمْ
مِنْ
نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ
وَخَلَقَ
مِنْهَا
زَوْجَهَا
وَبَثَّ
مِنْهُمَا
رِجَالًا
كَثِيرًا
وَنِسَاءً
وَاتَّقُوا
اللَّهَ
الَّذِي
تَسَاءَلُونَ
بِهِ
وَالْأَرْحَامَ
إِنَّ
اللَّهَ
كَانَ
عَلَيْكُمْ
رَقِيبًا
اِنَّ
اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ
عَلىَ
النَّبِىْ
يَاَ
يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
صَلَّيْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
بَارَكْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللهُمَّ
اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ
وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ
سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ
إِنَّا
نَسْأَلُكَ
الهُدَى
وَالتُّقَى
وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
Posting Komentar