Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Wohing Taqwa

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
 أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Puji syukur sumangga tansah kita kunjukaken dhumateng Allah Ta’ala ingkang sampun paring rahmat dumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kita tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat ugi salam mugi tansah katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah manggih kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.


Jamaah jumah rahimakumullah

Panjenenganipun Allah punika Dzat ingkang sampun nitahaken anak turunipun adam wonten ing dunya. Saksampunipun Adam lan putra wayahipun tinitah, Allah nyawisaken tuntunan kanthi nurunaken kitab lan ngutus para rasul. Kitab- kitabipun Allah lan para rasulipun pinangka pedoman supados anak turunipun Adam pinaringan margi ingkang leres lan tinebih saking margi sesat. Sedaya kitab lan rasulipun ngajak supados kita sedaya nindakaken dhawuhipun Allah lan nebihi laranganipun. Sinten ingkang mituhu dhumateng piwucal kitab lan rasul punika dipunsebat tiyang ingkang taqwa. Tumrap tiyang- tiyang ingkang taqwa punika Allah badhe paring kautaman ingkang katah, ingantawisipun:

1.   Allah nutupi kaluputan lan ngapura dosa- dosa

Dosa lan kalepatan punika setunggal perkawis ingkang mesti dipun lampahi anak adam. Mboten wonten setunggal kemawon anak turunipun adam ingkang mboten nate tumindak lepat. Sejatosipun dosa lan kalepatan punika ingkang dados penyebab gesang kita mboten sekeca. Amargi dosa lan kalepatan nyebabaken gesang kita susah lan tebih saking katentreman. Mila salah setunggal margi kagem nggayuh katentreman inggih punika kanthi ngatah- ngatahi nyuwun pangapura dhumateng Allah SWT. Menawi kita estu anggenipun nyuwun pangapura kanthi njagi ketaqwaan, Allah mesti badhe maringi pangapura. Ngendika Allah ing surat Al- Anfal ayat 29:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ وَاللّٰهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيْمِ

He para wong mukmin, menawa sira taqwa marang Allah yekti Allah bakal paring marang sira kabeh furqan (pamisah perkara kang bener kalawan kang luput). Lan Panjenengane bakal nutupi kaluputanira lan ngapura dosa- dosanira. Saktemene Allah iku kagungan kanugrahan kang agung.” (Al- Anfal:29)

 2.   Pinaringan margi kang sekeca lan rejeki kang mboten kinira

Ngendika Allah SWT ing surat At- Thalaq ayat 2 lan 3:

وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّه مَخْرَجًا

وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ

Lan sapa wonge taqwa ing Allah temen Panjenegane bakal anggampangake dalane. (02) Lan Panjenegane Allah bakal paring rejeki saka dalan kang ora kinira-ira (03)” (At- Thalaq: 2 lan 3)

Saking kalih ayat punika Allah SWT ngajaraken dhateng kita supados yakin dene sedaya ingkang tinitah wonten alam dunia punika awit kuasanipun Allah. Kita mboten pareng kuatir, alit manahipun lan was-was babagan punapa kemawon. Menawi kita nderek pitedahipun Allah SWT mesti panggesangan kita badhe pikantuk kesaenan ing babagan punapa kemawon.

 3.   Pinaringan Surga ingkang langgeng

Ngendika Allah ing surat Ali- Imran: 15

لِلَّذِيْنَ اتَّقَوْا عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنّٰتٌ تَجْرِيْ مِنْ تَحْتِهَا الْاَنْهٰرُ خٰلِدِيْنَ فِيْهَا وَاَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَّرِضْوَانٌ مِّنَ اللّٰهِ ۗ وَاللّٰهُ بَصِيْرٌۢ بِالْعِبَادِۚ

“Tumrap wong kang pada taqwa, besuk ana ing ngarsane Allah pengerane bakal padha anduweni surga kang endah kali- kaline mili ing sangisore, ana ing kono pada langgeng lan pada anduweni jodho kang suci sarta oleh karidlane Allah. Lan Allah iku Maha Mirsani marang kabeh kawulane.” (Ali- Imran:15).

Hadirin jamaah jumah

Mekaten seperangan wohipun njagi taqwa dhumateng Allah SWT. Mugi Allah tansah paring hidayah dhumateng kita sedaya sahingga kita saget nindakaken dawuh- dawuhipun lan nebihi larangan- laranganipun. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ


Khutbah Kedua

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :

DOWNLOAD



Post a Comment

أحدث أقدم