Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Gotong Royong

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah, ajrih lan taat dhumateng Panjenenganipun Allah, nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanthi taqwa kita sedaya pikantuk kabegjan lan kamulyan wonten dunya ngantos akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Kita sedaya wajib bersyukur awit sampun kaparingan kanikmatan ingkang agung inggih punika nikmat islam. Islam punika agami ingkang sampurna lan komplit. Sedaya perkawis ingkang sae ugi mbekta manfaat ing dunya lan akhirat sampun kateranganken kanthi cetha. Mekaten ugi sedaya perkawis ingkang awon ugi mbekta kacilakan wonten dunya lan akhirat sampun katerangaken kanthi cetha ugi. Salah setunggal perkawis ingkang dipun dhawuhaken islam kanthi cetha wonten ing madyaning pasrawungan inggih menika gotong- royong utawi ta’awun. Tiyang mukmin punika tiyang ingkang remen gotong- royong lan caos pitulungan dumateng sinten kemawon. Kanthi gotong- royong gesang ing tengah masyarakat badhe keraos ayem tentrem. Ngendika Allah ing surah Al Maidah: 2:

وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ

 “Lan pada tulung-tinulunga sira ana ing laku kabecikan lan taqwa. Ananging aja pada tulung- tinulung ana ing laku dosa lan memungsuhan. Lan pada taqwaa sira marang Allah satemene Allah iku abot panyiksane.( Al Maidah: 2).

Ibnul Qayyim rahimahullah ngendika: “ayat kang minulya iku njelasake tanda becike iman, yaiku bisa kabuktekake kanthi srawung ing masyarakat, kanthi seneng tulung tinulung lan seneng nyambung paseduluran. Pasrawungan lan tulung- tinulungan iku wajib katindakake dening saben mukmin kanthi tujuan ngarep- arep ridlane Allah Ta’ala. Menawa ing tengah- tengah masyarakat bisa kasembadan perkara kang mengkono iku mula bakal nuwuhake katentreman lan kabahagiaan.” (Ar-Risâlah at-Tabûkiyyah :30).

Al-Mawardi rahimahullah ngendika: “Allah Ta’ala ngajak umat manungsa tulung- tinulungan ing kabecikan bebarengan tulung- tinulungan ing ketaqwaan, sebab ketaqwaan iku dadi sebab ridlane Allah. Lan tulung- tinulungan iku dadi sebab bungahe manungsa, Mula menawa bungahe manungsa iku bebarengan ridlane Allah temen bakal dadi kabahagiaan lan kanikmatan kang sampurna.” (Al-Jâmi’ li Ahkâmil-Qur`ân: 45)

Abdurrahman bin Nashir As-Sa’di ngendika: “Wong alim wajib tetulung utawa paring pambiyantu kanthi ilmune, wong sugih wajib tetulung kanthi bandhane. Lan wajib tumrap wong- wong muslim paring pambiyantu marang muslim liyane.” (Taisîrul Karîmir Rahmân:182).

Ngendika Rasulullah SAW:

مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا نَفَّسَ اللَّهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ يَسَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا سَتَرَهُ اللَّهُ فِى الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ وَاللَّهُ فِى عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِى عَوْنِ أَخِيهِ

“Sapa wonge aweh pitulungan kalawan susahe wong mukmin ana ing dunya mula Allah bakal paring pitulungan kalawan kasusahane ing dina kiyamat. Lan sapa wonge aweh pambiyantu kalawan karepotan wong mukmin ana ing dunya mula Allah bakal paring pambiyantu kalawan karepotane ana ing dunya lan akhirat. Lan sapa wonge nutupi cacate wong muslim mula Allah bakal nutupi cacate deweke ing dunya lan akhirat. Lan Allah bakal paring pitulungan marang sawijine wong, menawa wong iku gelem aweh pitulungan marang sedulure.”(HR.Muslim).

Jamaah jumah rahimakumullah

Estu katah sanget kautaman saking gotong- royong lan remen tulung tinulungan ing madyaning pasrawungan ingkang sampun kababar saking ayat, hadits lan ugi pangandikan para ulama. Gotong- royong punika pinangka sebab panggesangan saget guyup rukun ayem lan tentrem. Gotong- royong punika saget nuwuhaken raos katresnan ing antawisipun warga masyarakat. Gotong- royong punika pinangka sebab masyarakat bade majeng lan sejahtera panggesanganipun.  Gotong- royong ugi pinangka sebab Allah nurunaken rahmat lan kabahagiaan ing tengah- tengah masyarakat.

Mila sampun sakmestinipun kita sedaya kaum muslimin tansah nindakaken piwucal ingkang minulya punika. Sumangga kita sesarengan caos tuladha dhumateng masyarakat menggah gesang gotong- royong lan tulung tinulungan. Mugi Allah SWT tansah maringi kita pitedah sahingga kita saget istiqamah nindakaken ajaran- ajaran islam ingkang minulya. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :




Post a Comment

Lebih baru Lebih lama