Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa
Jawa
Gotong Royong
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ
لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا
أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ
إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah, ajrih lan
taat dhumateng
Panjenenganipun
Allah, nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi kanthi taqwa kita sedaya pikantuk kabegjan lan
kamulyan wonten dunya ngantos akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kita sedaya wajib bersyukur awit sampun kaparingan
kanikmatan ingkang agung inggih punika nikmat islam. Islam punika agami ingkang
sampurna lan komplit. Sedaya perkawis ingkang sae ugi mbekta manfaat ing dunya
lan akhirat sampun kateranganken kanthi cetha. Mekaten ugi sedaya perkawis
ingkang awon ugi mbekta kacilakan wonten dunya lan akhirat sampun katerangaken
kanthi cetha ugi. Salah setunggal perkawis ingkang dipun dhawuhaken islam
kanthi cetha wonten ing madyaning pasrawungan inggih menika gotong- royong
utawi ta’awun. Tiyang mukmin punika tiyang ingkang remen gotong- royong lan
caos pitulungan dumateng sinten kemawon. Kanthi gotong- royong gesang ing
tengah masyarakat badhe keraos ayem tentrem. Ngendika Allah ing surah Al
Maidah: 2:
وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا
تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ
شَدِيْدُ الْعِقَابِ
“Lan pada tulung-tinulunga sira ana ing laku kabecikan lan taqwa. Ananging aja pada tulung- tinulung
ana ing laku dosa lan memungsuhan. Lan pada taqwaa sira marang Allah satemene Allah
iku abot panyiksane.( Al
Maidah: 2).
Ibnul Qayyim rahimahullah ngendika: “ayat kang minulya iku njelasake tanda
becike iman, yaiku bisa kabuktekake kanthi srawung ing masyarakat, kanthi
seneng tulung tinulung lan seneng nyambung paseduluran. Pasrawungan lan tulung-
tinulungan iku wajib katindakake dening saben mukmin kanthi tujuan ngarep- arep
ridlane Allah Ta’ala. Menawa
ing tengah- tengah masyarakat bisa kasembadan perkara kang mengkono iku mula
bakal nuwuhake katentreman lan kabahagiaan.” (Ar-Risâlah
at-Tabûkiyyah :30).
Al-Mawardi
rahimahullah ngendika: “Allah Ta’ala
ngajak umat manungsa tulung- tinulungan ing kabecikan bebarengan tulung-
tinulungan ing ketaqwaan, sebab ketaqwaan iku dadi sebab ridlane Allah. Lan
tulung- tinulungan iku dadi sebab bungahe manungsa, Mula menawa bungahe
manungsa iku bebarengan ridlane Allah temen bakal dadi kabahagiaan lan
kanikmatan kang sampurna.” (Al-Jâmi’ li Ahkâmil-Qur`ân: 45)
Abdurrahman
bin Nashir As-Sa’di ngendika: “Wong alim wajib
tetulung utawa paring pambiyantu kanthi ilmune, wong sugih wajib tetulung
kanthi bandhane. Lan wajib tumrap wong- wong muslim paring pambiyantu marang
muslim liyane.” (Taisîrul Karîmir Rahmân:182).
Ngendika
Rasulullah SAW:
مَنْ نَفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ
كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا نَفَّسَ اللَّهُ عَنْهُ كُرْبَةً مِنْ كُرَبِ
يَوْمِ الْقِيَامَةِ وَمَنْ يَسَّرَ عَلَى مُعْسِرٍ يَسَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِ فِى
الدُّنْيَا وَالآخِرَةِ وَمَنْ سَتَرَ مُسْلِمًا سَتَرَهُ اللَّهُ فِى الدُّنْيَا
وَالآخِرَةِ وَاللَّهُ فِى عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِى عَوْنِ
أَخِيهِ
“Sapa wonge aweh pitulungan kalawan susahe
wong mukmin ana ing dunya mula Allah bakal paring pitulungan kalawan kasusahane
ing dina kiyamat. Lan sapa wonge aweh pambiyantu kalawan karepotan wong mukmin
ana ing dunya mula Allah bakal paring pambiyantu kalawan karepotane ana ing
dunya lan akhirat. Lan sapa wonge nutupi cacate wong muslim mula Allah bakal
nutupi cacate deweke ing dunya lan akhirat. Lan Allah bakal paring pitulungan
marang sawijine wong, menawa wong iku gelem aweh pitulungan marang sedulure.”(HR.Muslim).
Jamaah jumah rahimakumullah
Estu
katah sanget kautaman saking gotong- royong lan remen tulung tinulungan ing
madyaning pasrawungan ingkang sampun kababar saking ayat, hadits lan ugi
pangandikan para ulama. Gotong- royong punika pinangka sebab panggesangan saget
guyup rukun ayem lan tentrem. Gotong- royong punika saget nuwuhaken raos
katresnan ing antawisipun warga masyarakat. Gotong- royong punika pinangka
sebab masyarakat bade majeng lan sejahtera panggesanganipun. Gotong- royong ugi pinangka sebab Allah
nurunaken rahmat lan kabahagiaan ing tengah- tengah masyarakat.
Mila
sampun sakmestinipun kita sedaya kaum muslimin tansah nindakaken piwucal
ingkang minulya punika. Sumangga kita sesarengan caos tuladha dhumateng
masyarakat menggah gesang gotong- royong lan tulung tinulungan. Mugi Allah SWT
tansah maringi kita pitedah sahingga kita saget istiqamah nindakaken ajaran-
ajaran islam ingkang minulya. Aamiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق