Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Nebihi Guneman Ala

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ , يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Islam ngajak sedaya umatipun nderek tindak lampah kanjeng nabi Muhammad SAW. Amargi ngabekti dhumateng Allah punika kedah dipun lampahi kanthi nderek kanjeng Nabi, inggih punika nglampahi pituduh ingkang sampun kaserat wonten kitab hadits. Umat islam ingkang estu mituhu dhateng pituduhipun kanjeng Nabi, yekti badhe pikantuk kamulyan ingkang agung. Ngendika Allah ing al- quran:

وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

 “… lan sing sapa wonge nderek marang Allah lan utusane, temen deweke oleh kabegjan kang agung”. (QS. Al-Ahzab;71)

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Setunggal perkawis ingkang asring dipun emutaken kanjeng nabi dhateng umatipun ingih punika wigatinipun njagi guneman. Guneman punika dados pertanda sae awonipun iman tetiyang. Tiyang ingkang imanipun sae mesti gunemanipun sae, kosok wangsulipun menawi wonten tiyang ingkang gunemanipun awon bukti imanipun dereng sae. Ngendika kanjeng nabi:

لَا يَسْتَقِيمُ إِيمَانُ عَبْدٍ حَتَّى يَسْتَقِيمَ قَلْبُهُ ، وَلَا يَسْتَقِيمُ قَلْبُهُ حَتَّى يَسْتَقِيمَ لِسَانُهُ

“Durung bisa dianggep lurus imane wong sakdurunge lurus atine, lan durung bisa dianggep lurus atine wong sakdurunge lurus lisane” (HR. Ahmad )

Imam Syafii ngendika: “Menawa sira bakal guneman mula wajib mikirke guneman sira, menawa guneman iku becik manfaate mula tindakna, ananging menawa guneman iku ala manfaate mula aja ditindakna (meneng).”

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Punapa guneman ala punika kalebet perkawis ingkang saget damel bebaya?. Setunggal wekdal kanjeng nabi dipun suwuni pirsa para sahabat: “Wahai kanjeng nabi, punapa kula sedaya badhe dipun tuntut amargi guneman? Panjenenganipun nabi ngendika:

وَهَلْ يَكُبُّ النَّاسَ في النَّارِ على وُجُوهِهِمْ إِلاَّ حَصَائِدُ ألْسِنَتِهِمْ؟

“Sira kabeh apa ora ngerti, menawa kang nyebabake manungsa diseret ana ing neraka kanthi wajah- wajahe iku amarga saka pokal gawe lisane?” (HR. At- Tirmidzi)

Guneman ala kalebet maksiyat ingkang katah bebayanipun, punapa malih guneman ala punika biasanipun kaangep sampun perkawis lumrah ing madyaning pasrawungan. Kadosdene guyonan, gojegan lajeng ngucap pangandikan ingkang saru. Ingkang langkung awrat malih ancaman dosanipun, inggih punika kadosdene nyatur, moyoki lan mitnah tiyang sanes.

Ing jaman modern punika kula lan panjenengan kedah langkung ngatos- atos anggenipun njagi guneman. Amargi sakpunika teknologi informasi sampun tansaya canggih. Guneman ingkang sakwaunipun namung kaangep sepele ananging ngaggem media sosial saget dados perkawis ingkang ingkang mbebayani estu. Nyatur tiyang tetanggi RT utawi tetanggi setunggal dusun ananging mawi media sosial saget dumugi pundi- pundi. Menawi ingkang dipun catur utawi dipun pitnah mboten trimah, kula lan panjenengan saget dipun jerat pidana kanti undang- undang ITE. Saklentunipun punika temtu dosanipun ugi langkung awrat, amargi kalebet sampun nganiyaya tiyang sanes kanti lisan.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Muslim ingkang sae ingih punika ingkang wicaksana lan ngatos- atos anggenipun ngginaake lisan. Lisan kedah dipun ginaaken kagem guneman ingkang saget nglumantaraken dhateng kamulyan. Menawi sekintenipun mboten wonten manfaatipun, mila prayogi mendel mawon mboten perlu guneman. Ngendika kanjeng nabi:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلآخِرِ فَليَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُت

Sapa wonge iman marang Allah lan dina akhir mula ngucapa kalawan pangucap kang becik utawa meneng…” (HR. Al-Bukhari: 6018, Muslim:47)

Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten setunggal tema ingkang khatib aturaken wonten mimbar khutbah siang punika. Mugi Allah tansah maringi pitedhah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nindakaken ajaran agami punika kanthi leres. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم