Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Piwulang Saking Bencana Alam

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga sami ningkataken takwa dhumateng Allah, ajrih lan taat dhumateng ngarsanipun Allah, kanthi nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun. Amargi kanthi takwa kula lan panjenengan badhe pikantuk ridla  lan kabegjan wonten dunya ngantos akhirat.

Jamaah jumah rahimakumullah

Sedaya prastawa ingkang kalampah wonten alam donya punika mesti tinitah dening Allah SWT. Allah nitahaken sedaya perkawis kanthi hikmah lan tujuan ingkang haq. Kalebet prastawa bencana alam ingkang nembe kewala tinitah, estunipun katah sanget hikmah lan piwulangipun tumrap kula lan panjenengan sami. Lindu wonten Cianjur, Garut, gunung semeru erupsi lan banjir wonten pundi- pundi panggenan sedaya punika anggadahi hikmah lan piwulang kagem umat manungsa. Bencana alam punika panci andadosaken manungsa susah, sedih,  kuatir lan uga kerugian bandha. Ananging tumrap tiyang mukmin kedahipun mendet piwulang saking bencana alam punika supados mboten anamung pikantuk susah, sedih lan kerugian bandha.

Mila wonten kesempatan khutbah siang punika badhe khatib aturaken seperangan piwulang saking bencana alam. Kanthi pangajab kula lan panjenengan saget mendet piwulang kasebat kagem sarana nggayuh kesaenan panggesangan kita ing donya lan akhirat.

1.     Tanda kuasanipun Allah

Sedaya bencana alam ingkang tinitah punika nedahaken kuasanipun Allah. Sinten kemawon mboten saget nyegah utawi nolak supados mboten kalampah lindu, mboten kalampah erupsi gunung, mboten kalampah banjir, nyegah tsunami lan nyegah bencana alam sanesipun. Mila piwulang saking prastawa punika kita kedah yakin bilih Allah Maha Kuasa, menawi ngersaaken setunggal perkawis namung ngendika kun, mila mesti kedadosan utawi fayakun. Ngendika Allah ing surah Ali- Imran ayat 190:

إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِأُولِي الْأَلْبَابِ

“Sanyata ana ing tinitahing langit lan bumi lan beda- bedaning rina kalawan wengi yekti ana tanda (Kuanane Allah) tumrap wong- wong kang padha duwe akal.”

Allah punika Maha Kuasa, kuasanipun mboten winates, kuasanipun mutlak mboten wonten ingkang saget nandingi lan ugi ngalang-alangi. Manungsa punika makhluk ingkang ringkih, mboten kagungan kekiatan kejawi menawi dipun paringi pitulungan dening Allah. Mila menawi yakin bilih manungsa punika mboten anggadahi kekiatan punapa- punapa temtu mboten sakmestinipun kula lan panjenengan gumbedhe, umuk lan congkak.

2.     Donya punika winates

Bencana alam punika pinangka pepiling bilih panggesangan ing donya mboten langgeng saklaminipun. Papan panggesangan wonten ing bumi punika saget risak lan wonten watesipun. Sedaya kala wau pinangka piwulang bilih sejatosipun wonten pangesangan ingkang langgeng inggih punika kampung akhirat. Ngendika Allah ing surat Ghafir ayat 39:

يَا قَوْمِ إِنَّمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ وَإِنَّ الْآخِرَةَ هِيَ دَارُ الْقَرَارِ

He kawulaku, satemene donya iku kasenengan kang winates, Dene akhirat iku nagari kang sarwa langgeng.”

Menawi kula lan panjenengan yakin bilih donya punika sarwa- sarwi winates, mila mboten perlu leluwihan anggenipun nresnani donya. Kedahipun ingkang dipun tresnani akhirat, lan ngupadi sedaya amal salih kagem nyawisaken sangu wonten nagari akhirat.

3.     Wajibipun koreksi diri

Salah setunggal piwulang saking bencana alam supados manungsa koreksi diri, ninggali pedamelan ing wekdal rumiyin sepinten dhawuhipun Allah ingkang sampun katindakaken lan sepiten ingkang dereng katindakaken. Saking koreksi diri punika Allah ngersaaken manungsa ndandosi tindak- tandukipun. Ingkang dereng nindakaken kabecikan supados enggal- enggal nindakaken kabecikan. Ingkang tasih nindakaken maksiyat supados enggal- enggal mertobat. Mila tiyang ingkang kagungan akal kedahipun saget mendet piwulang punika kagem ndandosi tindak- tandukipun. Mila, menawi kanti pepiling bencana alam punika tasih wonten tetiyang ingkang dereng insyaf mila kedah siap- siap nambi azab ingkang langkung awrat. Ngendika Allah ing surat Al- an’am: 42.

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِنْ قَبْلِكَ فَأَخَذْنَاهُمْ بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُونَ

 “lan sanyata ingsun wus angutus marang sapirang- pirang umat sadurungenira, tumuli ingsung nyoba ing wong- wong mau kalawan kasusahan lan kamelaratan  supaya dheweke enggal padha gelem dedepe marang Allah”.

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila sumangga kula lan panjenegan mendet piwulang saking wontenipun bencana alam ing wekdal- wekdal punika. Mugi Allah SWT tansah paring pitedah dhumateng kula lan panjenegan satemah saget ningkataken ketaatan dhumateng panjeneganipun Allah. Aamiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama