Teks Khutbah Jumat
Singkat Bahasa
Jawa
Piwulang Saking Bencana Alam
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Sumangga sami ningkataken takwa dhumateng Allah, ajrih lan
taat dhumateng
ngarsanipun
Allah, kanthi
nindakaken sedaya perintahipun saha nebihi sedaya awisanipun. Amargi kanthi takwa kula lan panjenengan badhe
pikantuk ridla lan kabegjan wonten dunya ngantos akhirat.
Jamaah jumah rahimakumullah
Sedaya prastawa ingkang kalampah wonten alam donya punika
mesti tinitah dening Allah SWT. Allah nitahaken sedaya perkawis kanthi hikmah
lan tujuan ingkang haq. Kalebet prastawa bencana alam ingkang nembe kewala tinitah,
estunipun katah sanget hikmah lan piwulangipun tumrap kula lan panjenengan
sami. Lindu wonten Cianjur, Garut, gunung semeru erupsi lan banjir wonten
pundi- pundi panggenan sedaya punika anggadahi hikmah lan piwulang kagem umat
manungsa. Bencana alam punika panci andadosaken manungsa susah, sedih, kuatir lan uga kerugian bandha. Ananging tumrap
tiyang mukmin kedahipun mendet piwulang saking bencana alam punika supados
mboten anamung pikantuk susah, sedih lan kerugian bandha.
Mila wonten kesempatan khutbah siang punika badhe
khatib aturaken seperangan piwulang saking bencana alam. Kanthi pangajab kula
lan panjenengan saget mendet piwulang kasebat kagem sarana nggayuh kesaenan
panggesangan kita ing donya lan akhirat.
1. Tanda kuasanipun Allah
Sedaya bencana alam ingkang
tinitah punika nedahaken kuasanipun Allah. Sinten kemawon mboten saget nyegah
utawi nolak supados mboten kalampah lindu, mboten kalampah erupsi gunung,
mboten kalampah banjir, nyegah tsunami lan nyegah bencana alam sanesipun. Mila
piwulang saking prastawa punika kita kedah yakin bilih Allah Maha Kuasa, menawi
ngersaaken setunggal perkawis namung ngendika kun, mila mesti kedadosan utawi fayakun.
Ngendika Allah ing surah Ali- Imran ayat 190:
إِنَّ فِي
خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ
لِأُولِي الْأَلْبَابِ
“Sanyata
ana ing tinitahing langit lan bumi lan beda- bedaning rina kalawan wengi yekti
ana tanda (Kuanane Allah) tumrap wong- wong kang padha duwe akal.”
Allah punika Maha Kuasa, kuasanipun mboten winates,
kuasanipun mutlak mboten wonten ingkang saget nandingi lan ugi ngalang-alangi.
Manungsa punika makhluk ingkang ringkih, mboten kagungan kekiatan kejawi menawi
dipun paringi pitulungan dening Allah. Mila menawi yakin bilih manungsa punika
mboten anggadahi kekiatan punapa- punapa temtu mboten sakmestinipun kula lan
panjenengan gumbedhe, umuk lan congkak.
2. Donya punika winates
Bencana alam punika pinangka pepiling bilih
panggesangan ing donya mboten langgeng saklaminipun. Papan panggesangan wonten
ing bumi punika saget risak lan wonten watesipun. Sedaya kala wau pinangka piwulang
bilih sejatosipun wonten pangesangan ingkang langgeng inggih punika kampung
akhirat. Ngendika Allah ing surat Ghafir ayat 39:
يَا قَوْمِ
إِنَّمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ وَإِنَّ الْآخِرَةَ هِيَ دَارُ
الْقَرَارِ
“He kawulaku, satemene
donya iku kasenengan kang winates, Dene akhirat iku nagari kang sarwa
langgeng.”
Menawi kula lan panjenengan yakin bilih donya punika
sarwa- sarwi winates, mila mboten perlu leluwihan anggenipun nresnani donya.
Kedahipun ingkang dipun tresnani akhirat, lan ngupadi sedaya amal salih kagem
nyawisaken sangu wonten nagari akhirat.
3. Wajibipun koreksi diri
Salah setunggal piwulang saking
bencana alam supados manungsa koreksi diri, ninggali pedamelan ing wekdal
rumiyin sepinten dhawuhipun Allah ingkang sampun katindakaken lan sepiten
ingkang dereng katindakaken. Saking koreksi diri punika Allah ngersaaken
manungsa ndandosi tindak- tandukipun. Ingkang dereng nindakaken kabecikan
supados enggal- enggal nindakaken kabecikan. Ingkang tasih nindakaken maksiyat supados
enggal- enggal mertobat. Mila tiyang ingkang kagungan akal kedahipun saget
mendet piwulang punika kagem ndandosi tindak- tandukipun. Mila, menawi kanti
pepiling bencana alam punika tasih wonten tetiyang ingkang dereng insyaf mila
kedah siap- siap nambi azab ingkang langkung awrat. Ngendika Allah ing surat
Al- an’am: 42.
وَلَقَدْ
أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِنْ قَبْلِكَ فَأَخَذْنَاهُمْ بِالْبَأْسَاءِ
وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُونَ
“lan sanyata ingsun wus angutus marang
sapirang- pirang umat sadurungenira, tumuli ingsung nyoba ing wong- wong mau
kalawan kasusahan lan kamelaratan supaya
dheweke enggal padha gelem dedepe marang Allah”.
Jamaah jumah rahimakumullah
Mila sumangga kula lan
panjenegan mendet piwulang saking wontenipun bencana alam ing wekdal- wekdal
punika. Mugi Allah SWT tansah paring pitedah dhumateng kula lan panjenegan
satemah saget ningkataken ketaatan dhumateng panjeneganipun Allah. Aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ, وَأَشْهَدُ أَنْ
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق