Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Piwulang Saking Bal-balan


Ustadz Wismanto

 

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wekdal punika sedaya paningal umat manungsa sami tumuju dateng setunggal tetandhingan olah raga piala dunia 2022 ingkang kalampah ing Qatar. Bal- balan mujudaken setunggal olah raga ingkang paling katah dipunremeni manungsa. piantun jaler, estri, sepuh, enem lan anak- anak sedaya sami remen olah raga punika. Olah raga punika paling katah penontonipun sae mirsani langsung wonten ing stadion utawi mirsani wonten ing televisi. Langkung- langkung menawi ingkang tanding tim- tim kondang lan kasengkuyung pemain bintang kadosdene Cristiano Ronaldo, Leonel Messi lan pemain bintang sanesipun mesti penontonipun tansaya katah sanget.

Sejatosipun olah raga bal- balan punika mboten namung sekedar hiburan, ananging kathah sanget piwulang panggesangan ingkang saget kapendet saking prastawa punika. Mila ing khutbah siang punika khatib badhe ngaturaken seperangan piwulang saking tetandhingan bal- balan.

 

1.     Wajibipun ngurmati tiyang sanes

Sampun kabuktekaken bilih bal- balan saget ngrumaketaken lan nyawijiaken umat manungsa ing alam donya. Sinten kemawon, saking nagari pundi kemawon, saking kalangan punapa kemawon sedaya rumaket lan nyawiji ing olah raga bal- balan punika. Nyawiji lan rumaketipun umat manungsa ing tetandingan bal- balan punika amargi sedaya sami ngrumaosi wajibipun ngurmati tiyang sanes. Menawi pemain ugi panyengkuyungipun mboten kagungan raos ngajeni lan ngurmati dateng liyan mila mboten badhe kalampah suasana rumaket lan nyawiji.

Prastawa punika jumbuh sanget kaliyan ajaran islam, islam ngemutaken bilih sedaya umat manungsa punika sejatosipun sederek. Warga Afrika punika  sederekipun warga Eropa, Amerika, Asia lan sanes- sanesipun. Kewajiban sederek setunggal dateng setunggalipun kedah ngurmati, ngajeni lan ugi nresnani. Mboten sakmestinipun menawi sesami sederek punika poyok- poyokan,  memengsahan lan tumindak awon sanesipun. Salah setunggal ciri pasederekan ing islam inggih punika nderek remen menawi tiyang sanes pikantuk kabahagiaan lan nderek sedih menawi tiyang sanes nandang kasusahan. Ngendika Allah ing surat Al- Hujurat ayat 13:

 يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ

 “He para manungsa, sayekti ingsung wus nitahake sira saka wang lanang lan wong wadon, Ingsun banjur andadeake sira kabeh dadi pirang- pirang bangsa lan turunan, supaya sira pada wewanuhan weruh wineruhan, sanyata wong kang inganggep mulya mungguhing Allah iku wong kang luwih taqwa ing PanjenengaNe, sanyata Allah iku kang Maha Uninga tur kang Waspada”. (Al Hujurat:13).

  2.     Wajibipun guyup

Setunggal perkawis ingkang wajib dipun lampahi pemain nalika tandhing ing lapangan inggih punika guyup utawi kompak. Guyup punika dados sarana setunggal tim saget menang. Sinaoso kados pundi terampilipun pemain bintang ananging main piyambak, tim ipun mboten guyup mila awrat menawi badhe nggayuh kemenangan.

Saking perkawis punika saget dipun pendet piwucal bilih guyup, kompak ing setunggal keluarga lan minggahipun ing masyarakat dados sarana nggayuh kasuksesan. Mila menawi setunggal keluarga ngersaaken gesangipun sekeca, ayem lan tentrem, kedah guyup ing antawisipun anggota keluarga kasebat. Minggahipun, menawi setunggal masyarakat lan nagari ngersaaken gesang majeng, makmur lan sejahtera mila warganipun kedah guyup rukun linandasan iman lan taqwa. Ngendika Allah ing al- quran:

 وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ

 “Mangka saupama wong- wong penduduking nagara iku gelem iman lan taqwa ing Allah, sayekti Ingsun bakal bukakake berkah saka langit lan bumi”. (Al- A’raf: 96).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Tetandhingan bal- balan estu paring kathah sanget piwulang panggesangan ingkang sae. Saking kalih piwucal ingkang khatib aturaken punika mugi andadosaken sarana kagem koreksi diri. Sedaya umat manungsa punika sejatosipun sederek ingkang kedah rukun lan tresnan- tinresnan. Menawi sedaya umat manungsa kersa ngicalaken raos sengit lan memengsahan estu panggesangan punika bade sekeca. Mekaten ugi guyup punika sarana ingkang wajib dipun lampahi ing keluarga, masyarakat lan bernegari. Menawi umat manungsa kersa guyup estu panggesangan keluarga bade ayem lan panggesangan nagari badhe majeng lan sejahtera.

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken ing siang punika, mugi Allah tansah paring hidayah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nglampahi tuntunan islam kanthi istiqamah ing panggesangan punika. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih


 الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

 

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


Post a Comment

Lebih baru Lebih lama