Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Piwulang Saking Bal-balan
Ustadz Wismanto
Khutbah Awal
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ
إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi
kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah.
Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wekdal punika sedaya paningal umat manungsa sami tumuju dateng setunggal tetandhingan
olah raga piala dunia 2022 ingkang kalampah ing Qatar. Bal- balan mujudaken
setunggal olah raga ingkang paling katah dipunremeni manungsa. piantun jaler,
estri, sepuh, enem lan anak- anak sedaya sami remen olah raga punika. Olah raga
punika paling katah penontonipun sae mirsani langsung wonten ing stadion utawi
mirsani wonten ing televisi. Langkung- langkung menawi ingkang tanding tim- tim
kondang lan kasengkuyung pemain bintang kadosdene Cristiano Ronaldo, Leonel
Messi lan pemain bintang sanesipun mesti penontonipun tansaya katah sanget.
Sejatosipun olah raga bal- balan punika mboten namung sekedar hiburan,
ananging kathah sanget piwulang panggesangan ingkang saget kapendet saking
prastawa punika. Mila ing khutbah siang punika khatib badhe ngaturaken
seperangan piwulang saking tetandhingan bal- balan.
1.
Wajibipun
ngurmati tiyang sanes
Sampun kabuktekaken bilih bal- balan saget ngrumaketaken lan nyawijiaken
umat manungsa ing alam donya. Sinten kemawon, saking nagari pundi kemawon,
saking kalangan punapa kemawon sedaya rumaket lan nyawiji ing olah raga bal-
balan punika. Nyawiji lan rumaketipun umat manungsa ing tetandingan bal- balan
punika amargi sedaya sami ngrumaosi wajibipun ngurmati tiyang sanes. Menawi
pemain ugi panyengkuyungipun mboten kagungan raos ngajeni lan ngurmati dateng
liyan mila mboten badhe kalampah suasana rumaket lan nyawiji.
Prastawa punika jumbuh sanget kaliyan ajaran islam, islam ngemutaken bilih
sedaya umat manungsa punika sejatosipun sederek. Warga Afrika punika sederekipun warga Eropa, Amerika, Asia lan
sanes- sanesipun. Kewajiban sederek setunggal dateng setunggalipun kedah
ngurmati, ngajeni lan ugi nresnani. Mboten sakmestinipun menawi sesami sederek
punika poyok- poyokan, memengsahan lan
tumindak awon sanesipun. Salah setunggal ciri pasederekan ing islam inggih
punika nderek remen menawi tiyang sanes pikantuk kabahagiaan lan nderek sedih
menawi tiyang sanes nandang kasusahan. Ngendika Allah ing surat Al- Hujurat
ayat 13:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ
مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
2. Wajibipun guyup
Setunggal perkawis ingkang wajib dipun lampahi pemain nalika tandhing ing lapangan
inggih punika guyup utawi kompak. Guyup punika dados sarana setunggal tim saget
menang. Sinaoso kados pundi terampilipun pemain bintang ananging main piyambak,
tim ipun mboten guyup mila awrat menawi badhe nggayuh kemenangan.
Saking perkawis punika saget dipun pendet piwucal bilih guyup, kompak ing
setunggal keluarga lan minggahipun ing masyarakat dados sarana nggayuh kasuksesan.
Mila menawi setunggal keluarga ngersaaken gesangipun sekeca, ayem lan tentrem,
kedah guyup ing antawisipun anggota keluarga kasebat. Minggahipun, menawi
setunggal masyarakat lan nagari ngersaaken gesang majeng, makmur lan sejahtera
mila warganipun kedah guyup rukun linandasan iman lan taqwa. Ngendika Allah ing
al- quran:
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا
وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ
Jamaah jumah rahimakumullah
Tetandhingan bal- balan estu
paring kathah sanget piwulang panggesangan ingkang sae. Saking kalih piwucal
ingkang khatib aturaken punika mugi andadosaken sarana kagem koreksi diri. Sedaya
umat manungsa punika sejatosipun sederek ingkang kedah rukun lan tresnan-
tinresnan. Menawi sedaya umat manungsa kersa ngicalaken raos sengit lan
memengsahan estu panggesangan punika bade sekeca. Mekaten ugi guyup punika
sarana ingkang wajib dipun lampahi ing keluarga, masyarakat lan bernegari.
Menawi umat manungsa kersa guyup estu panggesangan keluarga bade ayem lan
panggesangan nagari badhe majeng lan sejahtera.
Mekaten khutbah jumat ingkang
khatib aturaken ing siang punika, mugi Allah tansah paring hidayah dhumateng
kula lan panjenengan satemah saget nglampahi tuntunan islam kanthi istiqamah
ing panggesangan punika. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
وَأَشْهَدُ
أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ
مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ
اللهَ
وَمَلاَئِكَتَهُ
يُصَلُّوْنَ
عَلىَ
النَّبِىْ
يَاَ
يُّهَاالَّذِيْنَ
آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ
وَسَلِّمُوْا
تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ
صَلِّ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
صَلَّيْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
وَبَارِكْ
عَلَى
مُحَمَّدٍ
وَعَلَى
آلِ
مُحَمَّدٍ
كَمَا
بَارَكْتَ
عَلَى
إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى
آلِ
إِبْرَاهِيْمَ،
إِنَّكَ
حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ
اللهُمَّ
اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَ
وَالمسْلِمَاتِ
وَالمؤْمِنِيْنَ
وَالمؤْمِنَاتِ
الأَحْيَاءِ
مِنْهُمْ
وَالأَمْوَاتِ
إِنَّكَ
سَمِيْعٌ
قَرِيْبٌ
مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ
إِنَّا
نَسْأَلُكَ
الهُدَى
وَالتُّقَى
وَالعَفَافَ
وَالغِنَى
رَبَّنَا
هَبْ
لَنَا
مِنْ
أَزْوَاجِنَا
وَذُرِّيَّاتِنَا
قُرَّةَ
أَعْيُنٍ
وَاجْعَلْنَا
لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا
رَبَّنَا
آتِنَا
فِي
الدُّنْيَا
حَسَنَةً
وَفِي
الْآخِرَةِ
حَسَنَةً
وَقِنَا
عَذَابَ
النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق