Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Toleransi dhateng Agami Sanes

Ustadz Wismanto

Khutbah Awal

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga kita tingkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa panggesangan kita tansah pikantuk kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Islam pinangka agami lan peradaban ingkang agung sampun maringi tuladha nglampahi panggesangan ing masyarakat kanthi nyawiji lan guyup rukun. Islam ngajak sedaya umat manungsa tumuju persatuan tanpa mbenten- mbentenaken suku, ras lan agami. Islam dipun turunaken Allah pinangka agami rahmatan lil ‘alamin, ngendika Allah SWT:

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

“Lan ingsun ora ngutus ing sira, kajaba dadi rahmat ing alam jagat raya”. (QS Al- Anbiya:107)

Kanthi ajaran ingkang moderat lan toleran Allah ngutus Muhammad SAW pinangka nabi lan rasul pungkasan. Muhammad ngajak sedaya manungsa tresnan- tinresnanan, tulung- tinulungan lan nglarang manungsa tumindhak memungsuhan. Mila kanthi syariat islam ingkang rahmatan lil ‘alamin,  sedaya manungsa saget gesang nyawiji, guyup lan rukun ing jamanipun rasulullah SAW.

Jamaah jumah rahimakumullah

Nyawijinipun umat manungsa ing jamanipun rasulullah amargi sedaya ngamalaken toleransi kanthi sae. Wonten jamanipun rasulullah umat islam ngurmati umat nasrani lan yahudi, mekaten ugi umat yahudi lan nasrani ugi ngurmati umat islam. Kanthi toleransi punika panggesangan lumampah ayem, tentrem, guyup lan rukun.

Wonten ing tafsir al- qurtubi dipun sebataken bilih jaman rumiyin musryikin mekah terus- terusan mengsahi kaum muslimin, mila wonten sahabat ingkang emosi banjur moyoki brahala sesembahaipun tiyang musyrik. Banjur Allah nurunaken ayat 108 surat al- an’am:

وَلَا تَسُبُّوا الَّذِينَ يَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ فَيَسُبُّوا اللَّهَ عَدْوًا بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ

“ Lan sira kabeh aja pada misuhi brahalane wong- wong kang pada nyembah sakliyane Allah, mengko wong- wong mau mundak misuhi lan musuhi ing Allah jalaran wong- wong mau ora pada mangerti…”. (Al- An am:108)

 Ing ayat punika islam ngajak sedaya pemelukipun supados dewasa lan wicaksana ing ndalem srawung kaliyan umat sanes. Poyok- poyokan napa malih memengsahan punika sanes akhlakipun tiyang muslim. Tiyang muslim punika tiyang ingkang moderat lan toleran dhateng.

Kewajiban tiyang muslim punika namung ajak- ajak dhateng ajaran ingkang leres, ananging menawi wonten ingkang mboten kersa mila nggih mboten dados punapa. Mboten dipunkeparengaken ing ndalem ajak- ajak punika kanthi meksa napa malih moyoki agami sanes. Amargi menawi ajak- ajak kanthi cara ingkang ngawur mesti umat sanes mboten simpatik kalian islam lan mboten badhe nampi ajaran islam . Wonten setungal hadits dipun jelasaken: 

“Saking Ibnu Abbas r.a. Rasulullah dipun suwuni pirsa: “Agami ingkang kados punapa ingkang dipun tresnani Allah?. Rasulullah ngendika: “ Agama kang lurus lan toleran”. (HR.Bukhari).

 Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten setunggal tema ingkang khatib aturaken wonten mimbar khutbah siang punika. Mugi Allah tansah maringi pitedhah dhumateng kula lan panjenengan satemah saget nindakaken ajaran agami punika kanthi leres. Amiin.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ , اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم