Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Awisan Ngendhat ( Bunuh Diri )

Ust. Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang puniko khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Sejatosipun Allah Ta’ala nitahaken manungsa wonten alam donya punika kanthi kaparingan kekiatan ngadepi sedaya pacoben lan permasalahan. Allah mboten badhe maringi pacoben dhateng tiyang kejawi miterat kekiyatan tiyang kasebat. Mekaten ugi mboten wonten setunggal permasalahan kejawi sampun dipun cawisi solusinipun. Ngendika Allah ing al quran:

لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۚ

“Allah ora merdi sawijining awak kejaba sakuwate…” (Al Baqarah: 186)

Ananging kadhang kala wonten mawon tiyang ingkang kirang pitados dhateng keyakinan punika. Mboten sekedik sanak sederek ing kiwa tengen kita katah sambat menawi nandhang pacoben. Wonten ingkang gampil putus asa kepara nerak takdiripun Allah kanthi ngendhat utawi bunuh diri. Malah asring kula lan panjenengan pikantuk pawartos tiyang ingkang nandhang pacoben masalah ekonomi lajeng ngendhat. Wonten malih pawartos tiyang nandhang pacoben gerah ingkang dangu lan mboten mantun- mantun lajeng ngendhat. Utawi nandhang pacoben pasulayan kalih keluarga, kerabat mitra patepangan lajeng ngendhat.   

Ngendhat punika laranganipun Allah lan kalebet dosa ingkang ageng. Islam ngawisi ngendhat lan njelasaken bilih ngendhat punika tumindak ingkang awon sanget. Ngendika Allah ing surah An- Nisa ayat 29:

 وَلَا تَقْتُلُوا أَنْفُسَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا

Lan sira aja padha mateni awakira dewe (ngendhat), jalaran sanyatane Allah iku Maha Asih marang sira kabeh.” (An- Nisa:29).

Miterat para ulama ngendhat punika bukti tiyang ingkang putus asa saking rahmatipun Allah. Tiyang ingkang ngendhat punika amargi ringkih imanipun lan mboten sabar rikala ngadepi pacoben. Tiyang ingkang ngendhat badhe pikantuk paukuman ingkang awrat ing dinten kiyamat. Punapa kemawon paukuman ingkang bahde dipun tampi tiyang ingkang ngendhat??

1.     Badhe nampi pasiksan ing dinten kiyamat

Ngendika rasulullah SAW:

مَنْ قَتَلَ نَفْسَهُ بِشَىْءٍ عُذِّبَ بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ

“Sapa wonge ngendhat (mateni awake dewe) kanthi cara apa wae mula Allah bakal nyiksa deweke ana ing dina kiyamat kanthi cara deweke ngendhat” (HR. Bukhari lan Muslim).

Maksud hadits punika islam suka keterangan bilih sinten ingkang ngendhat kanthi margi punapa kemawon mila ing dinten kiyamat badhe dipun siksa kados caranipun ngendhat kasebat. Menawi tiyang kasebat ngendhat kanthi cara nggantung mila ing dinten kiyamat badhe terus- terusan lan wongsal- wangsul dipun gantung. Menawi anggenipun ngendhat kanthi njegur jurang mila ing dinten kiyamat badhe wongsal wangsul dipun jeguraken ing jurang.

 

 2.     Dipun tebihaken saking surga

Wonten ing hadits Bukhari nomer 3.463 rasulullah ngendika:

“Ing jaman sakdurunge sira, ana sawiji wong kang nandhang alangan, deweke akeh sambat sebut amarga abote alangan iku. Wong iku banjur ngiris tangane, kang nyebabake getih mili terus- terusan lan ndadekake deweke mati. Allah SWT banjur ngedika: Kawulaku wus nentang taqdir-Ku, mula Ingsun haramake marang deweke surga” (HR. Bukhari 3.463).

Ing hadits punika rasulullah suka keterangan menggah agengipun azab  tumrap tiyang ingkang ngendhat. Ngendhat punika kalebet nentang taqdiripun Allah. Mila tiyang kasebat badhe dipun tebihaken saking surga. Wonten hadits sanes rasulullah ugi paring pangandikan bilih tiyang ingkang ngendhat badhe dipun siksa ing neraka jahanam. Sedaya kala wau bukti bilih ngendhat mujudaken perkawis ingkang awon sanget.

Jamaah jumah rahimakumullah

Islam paring tata cara supadhos kula lan panjenengan saget slamet saking perkawis ngendhat ing antawisipun:

  • .      Ngiataken iman kanthi remen thalabul ‘ilmi
  • .      Ngatah- ngatahi syukur dhumateng Allah
  • .      Ngiataken tawakal
  • .      Remen srawung kaliyan tiyang shalih.

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring kekiatan dhumateng kula lan panjenegan satemah saget nindakaken sedaya piwucal islam kanthi istiqamah. Amiin .

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم