Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Becik Ketitik Ala Ketara

Ust. Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Allah punika Maha Sampurna, salah setunggal bukti sampurnanipun inggih punika Allah mboten nate rumaos ngantuk napa malih sare. Allah tansah njagi lan ngawasi sedaya makhlukipun. Kula lan panjenengan ngucapaken pangandikan punapa kemawon Allah mesthi midanget, kula lan panjenengan nindakaken punapa kemawon Allah mesthi nguningani. Mboten wonten setunggal kedadosan ingkang luput saking Allah. Ngendika  wonten ing al- quran:

فَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ خَيْرًا يَرَهُ وَمَنْ يَعْمَلْ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ شَرًّا يَرَهُ

“Mula sapa sing tumindhak becik senajan mung sakboboting wiji sawi mesthi bakal meruhi (piwalese). Lan sapa sing tumindhak ala senajan mung saboboting wiji sawi mesthi bakal meruhi (piwalese)” (Az- Zalzalah: 7 & 8)

Abdurrahman bin Nashir As- Sa’di ngendika:”Ayat iki pinangka dhawuh supaya wong mukmin gumbregah tumindhak amal kabecikan senajan mung setithik, lan uga pinangka pepiling tumrap tumindhak alan senajan mung setithik.” (Taisirul Karimirrahman:932)

Ayat ing nginggil suka keteragan bilih Allah punika Maha Nguningani punapa kemawon ingkang dipun tindhakaken umatipun. Lan Allah bahde paring piwales dhateng umatipun gumantung kadospundi tindhak- tandhuk umat kasebat. Senajan naming alit kesaenan ingkang dipun lampahi setunggal tiyang mesthi badhe dipun paringi ganjaran. Mekaten ugi senajan namung alit kalepatan ingkang dipun lampahi setunggal tiyang mesthi badhe dipun paringi piwales.

Jamaah jumah rahimakumullah

Ngendika Allah wonten setunggal ayat:

وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُونَ أَنْ يَشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَا أَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُودُكُمْ وَلَٰكِنْ ظَنَنْتُمْ أَنَّ اللَّهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيرًا مِمَّا تَعْمَلُونَ

 “ Lan sira ora bisa singidan murih ora sineksenan dening pangrungonira, pandelengira lan kulitira dewe, katandha sira wus pada ngira manawa Allah ora nguningani sakehing tindhak kang pada sira lakoni.” (Fushilat:22)

Wonten Tafsir Muyassar dipun ngendikaaken: “Apa sira kabeh pada ngira menawa Allah iku ora nguningani tumindhak ala sira jalaran sira tindhakake kanthi sesideman?”

Wonten ing Tafsir Kemenag dipun ngendikaaken: “Ayat punika suka keterangan bilih manungsa mboten saget nutup- nutupi tumindhak awonipun. Senajan mboten wonten tiyang ingkang mangertosi laku awonipun, ananging Allah tansah nguningangi.”

Jamaah jumah rahimakumullah

Ayat- ayat wonten nginggil ngajak kula lan panjenengan yakin bilih Allah Maha Nguningani punapa kemawon ingkang kita lampahi. Lan ngajak kula lan panjenengan yakin bilih Allah badhe paring piwales tumrap punapa kemawon ingkang kita lampahi. Wonten ing unen- unen jawi asring kula lan panjenegan midhanget: becik ketitik ala ketara. Kanthi punika kula lan panjenengan namung wajib tumindhak becik, wonten pundi papan lan dhateng sinten kemawon. Amargi namung kabecikan ingkang badhe nylametaken panggesangan kula lan panjenengan.

Ngendika Rasulullah:

إِنَّ اللهَ كَتَبَ اْلإِحْسَانَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ … رَوَاهُ مُسْلِمٌ.

Satemene Allah wus majibake tumindhak becik marang saweneh samubarang” (HR. Muslim)

Imam An- Nawawi ngendika: “Hadits iki pinangka dhawuh wajibe tumindhak kabecikan marang sapa wae lan ana ing papan ngendi wae”.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Mila kanthi punika sumangga kula lan panjenengan tansah gumbregah nindhakaken kesaenan, amargi sedaya kesaenan ingkang kula lan panjenengan lampahi mesthi badhe dipun ganjar Allah. Mekaten ugi sumangga tansah sesarengan nebihi sedaya tumindhak awon, amarga sedaya tumindha awon punika mesthi badhe dipun paring piwales dening Allah Ta’ala. Mugi Allah tansah paring kekiatan iman satemah kula lan panjenengan saget istiqamah nindhakaken sedaya lampah kesaenan.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

  Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

أحدث أقدم