Teks
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa
Istiqomah Wonten Margi Kesaenan
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى
آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Puji syukur mugi tansah kunjuk dhumateng
Allah Ta’ala ingkang sampun
paring kanikmatan dhumateng sedaya umat ipun satemah wonten siang punika kula lan panjenengan tansah manggih rahayu, widada nir ing sambekala. Shalawat
ugi salam mugi kunjuk dhumateng nabi Muhammad SAW ingkang tansah kula
lan panjenengan tengga syafaatipun wonten ing dinten kiyamah.
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga sesarengan ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi
kanti taqwa panggesangan Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam dawuh supados sedaya
tiyang mukmin
tansah tumindak becik, wonten pundi papan lan panggenan. Tumindak becik punika
mujudaken inti ajaran islam. Tiyang muslim punika kedah
nuladhani tumindak becik lan remen ngajak tiyang sanes nindakaken kabecikan. Ngendika
rasulullah SAW:
مَنْ صُنِعَ إِلَيْهِ
مَعْرُوْفٌ فَلْيَجْزِهِ، فَإِنْ لَمْ يَجِدْ مَا يَجْزِيْهِ فَلْيُثْنِ عَلَيْهِ،
فَإِنَّهُ إِذَا أَثْنَى عَلَيْهِ فَقَدْ شَكَرَهُ وَإِنْ كَتَمَهُ فَقَدْ
كَفَرَهُ
“Sapa wonge kang digawe becik wong liya mula wajib mbales tumindak becik
iku, lan menawa deweke ora mampu mbales, mula wajib muji (kebecikan sedulure),
amarga menawa deweke bisa muji (kebecikan sedulure) yekti iku tanda deweke bisa
syukur, ananging menawa deweke ora bisa muji yekti iku tanda menawa deweke
kufur” (HR. Bukhari)
Hadits
ing nginggil paring dhawuh bilih tumindak becik punika wigatos sanget ing
panggesangan kita sami. Menawi tiyang sanes tumindak becik dhateng kula lan
panjenengan mila, kita sami wajib mbales kabecikan kasebat. Ananging menawi
kula lan panjenengan dereng kuwawi mbales, mila wajib muji kabecikan kasebat
lan kagunggan cita- cita sakwanci sampun kagungan kekiatan bahde caos piwales.
Ngamalaken
hadits punika saget dipun kulintenaken kanthi perkawis ingkang gampil lan
entheng rumiyin. Contohipun: menawi kula lan panjenengan kagungan rejeki
kadosdene panen kacang mila prayoginipun nyaosi tangga- tepalih arupi kacang
godog utawi kacang goreng. Lan menawi tetanggi kita maringgi daharan dahteng
kula lan panjenengan mila prayoginipun ampun ngunduraken wadahipun kanthi
kahanan kosong, ananging prayogi dipun isi dhaharan sanes pinangka caos
piwales. Mekaten sak lajengipun.
Wonten
hadits sanes rasulullah ngendika:
مَنْ صُنِعَ إِلَيْهِ مَعْرُوفٌ، فَقَالَ لِفَاعِلهِ :
جَزَاكَ اللهُ خَيْراً
“Sapa
wonge digawe becik wong liya mula kudu ngucap: “Mugi Allah paring kesaenan
dhateng panjenengan” (HR. Tirmudzi)
Saking hadits riwayat Imam Bukhari lan Imam Tirmidzi
saget dipun pendet piwucal, bilih sesami gesang punika prayoginipun sareng-
sareng tumindak sae. Nindakaken kabecikan lan kesaenan punika mujudaken lampah
panggesanganipun tiyang mukmin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Jumbuh kaliyan wajibipun
kula lan panjenengan nindakaken kesaenan, islam sampun nyawisaken ganjarang
ingkang kathah tumrap sinten kemawon ingkang remen tumindak kesaenan. Wonten
ing al- quran Allah paring kathah pangandikan menggah minulyanipun ganjarang
tumindak kesaenan, kadosdene:
1.
Allah
SWT nresnani tiyang ingkang tumindak becik.
Ngendika Allah SWT wonten ing Al-quran:
وَأَحْسِنُوا ۛ إِنَّ
اللَّهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ
Artosipun:” ....lan sira tansah pada gaweya kabecikan,
sanyatane, Allah iku tresna marang wong kang padha tumindak becik.”
(QS. Al Baqarah:195).
2.
Kebecikan bade nuwuhaken piwales
kebecikan ugi
Allah
ngendika wonten ing Al- Quran:
هَلْ جَزَاءُ الْإِحْسَانِ إِلَّا
الْإِحْسَانُ
Artosipun:
“Apa ora ono piwales
laku becik ik, kejaba mung ganjaran kang becik uga?.
(QS. Ar Rahman:60).
3.
Allah SWT bakal paring rahmat
Allah ngendika
wonten ing Al- Quran:
إِنَّ رَحْمَتَ اللَّهِ قَرِيبٌ مِنَ الْمُحْسِنِينَ
Artosipun: “... saktemene rahmate Allah iku cedhak marang wong kang padha
tumindak
becik. “ (QS.Al A’raf:56)
4.
Kebecikan puniko wangsul dhumateng badanipun piyambak
Allah SWT ngendika:
إِنْ أَحْسَنْتُمْ أَحْسَنْتُمْ لِأَنْفُسِكُمْ ۖ
Artosipun:” Manawa
sira padha anglakoni kabecikan, iku salugu kanggo kabecikan awakira dewe…..” (QS.Al Isra;7)
Maasyiral muslimin jamaah jumah rahimakumullah
Mila kanti punika sumangga kita tansah remen
tumindak becik lan mboten sayah damel kebecikan dhumateng sinten kemawon. Mugi Allah Ta’ala tansah
paring kautaman ingkang agung dhumateng kita sami. Amiin.
أَقُوْلُ
قَوْلِي
هَذَا
وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ
لِي
وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ
هُوَ
السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ، اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق