Teks Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa

Ngegungaken Wulan Rajab

Ustadz Sadmonodadi

 

إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ  أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ القَوِيْمِ وَدَعَا إِلَى الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
قال الله تعالى فى كتابه الكريم، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jama'ah Jum'at rahiakumullah!

Sedaya pangalembana kunjuk dhumateng Ngarsa Dalem Allah subhanahu wa ta'ala kita sami dipun parengaken lumebet ing wulan Rajab. Setunggal saking wulan-wulan ingkang sinebat minangka wulan haram ing dalem agami. Haram ing mriki nggadhahi pangertosan mulya utawi kebak ing pakurmatan.  

Haramipun wulan Rajab dipun ngendikaaken Allah subhanahu wa ta'ala ing dalem surah at-Taubah ayat 36 :

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ

"Setuhune wilangan sasi ing Ngarsa Dalem Allah yaiku rolas ing dalem dhawuhe  Allah ing wektu Piyambake Allah nyipta langit lan bumi, ing antarane papat sasi haram. Kang kaya mangkono iku (dhawuh) agama kang lempeng, mangka aja sira kaniyaya awakira dhewe ing sasi kang papat iku".

Wondene keterangan ngengingi sekawan wulan haram punika dipun ngendikaaken dening Rasulullah ing dalem hadits saking Abu Barkah riwayat saking Imam Bukhari lan Imam Muslim : 

الزَّمَانُ قَدِ اسْتَدَارَ كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالأَرْضَ ، السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا ، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ، ثَلاَثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ ، وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِى بَيْنَ جُمَادَى وَشَعْبَانَ

"Zaman lumaku kaya dina Allah nyipta langit lan bumi. Setahun iku kedadeyan saka 12 sasi, ing antarane 4 sasi haram, telu sasi urut-urutan   Dzulqaidah, Dzulhijjah lan Muharram. Wondene Rajab ana ing antarane Jumadil Akhir lan Sya'ban".

Ayyuhal muslimin rahimakumullah!

 Kamulyaning wulan Rajab mapan ing dalem kajaginipun wulan punika saking lampah maksiat. Maksiyat ing dalem wulan punika dosanipun langkung ageng tinimbang maksiat ing wulan sanes. Kosok wangsulipun sedaya kesaenan ingkang katindaaken ing wulan Rajab pikantuk ganjaran langkung kathah tinimbang amal shalih ingkang katindaaken ing sanes wulan. Ing bab punika Ibnu Abbas paring pangandikan: "Allah mulyaake papat sasi minangka sasi haram, dianggep minangka sasi suci, nindaake maksiat ing sasi kasebut dosane luwih gedhe lan amal sholeh kang dilakoni bakal nampa ganjaran kang luwih akeh".

Kaum muslimin rahimakumullah!

Amargi kita sami kaparingan kesempatan manggihi wulan mulya punika sampun sak mesthinipun kita sami manfaataken kangge methik maslahat sak kathah-kathahipun. Ingkang makaten nyocoki kaliyan pangandikanipun setunggal ulama tabi'in :

إِذَا فُتِحَلِأَحَدِكُمْ بَابُالخَيْرِ فَلْيُسْرِعْ إِلَيْهِ فَإِنَّهُ لَا يَدْرِيْ مَتَى يُغْلَقُ عَنْهُ

"Nalikane kebukak tumrap sawiji seka sira lawang kebecikan, prayoga gegancangan mlebu. Sebab satuhune dheweke ora weruh kapan lawang iku bakal katutup tumrap dheweke".

Ngengingi kados pundi  ngisi wulan Rajab punika Syaikh al-‘Utsaimîn rahimahullah paring nasehat : "Mangka aja sira kabeh tumindak dhalim marang awakira dhewe, gegondhelana karo dhawuh-dhawuhing Allâh Azza wa Jalla, jejegna kewajiban-kewajiban saka Allah Azza wa Jalla, tinggalna apa kang dilarang. Tindakna kewajiban-kewajiban ing antarane sira lan Rabb-ira lan antarane sira karo liyan"

Jama'ah Jum'at  ingkang minulya!

Migatosaken pangandikanipun Syaikh Utsaimin ngajeng, cara  mulyaaken wulan Rajab inggih punika   kalampahan  kanthi :

Sepisan, nilaraken tumindak dhalim dhumateng pribadi piyambak.

Tumindak dhalim inggih punika sedaya tumindak ina ingkang dipun awisi dening Allah subhanahu wa ta'ala. Sedaya tumindak ingkang nerak dhawuh lan awisanipun Allah subhanahu wa ta'ala punika kawastanan aniaya utawi dhalim tumrap pribadhinipun piyambak. Nilaraken shalat, mboten nindaaken kewajiban shiyam lan mbayar zakat punika conto tumindak dhalim dhumateng pribadi piyambak. Ngunjuk khamr, ngrebat hakipun asanes, duraka dhumateng tiyang sepuh  punika ugi dhalim. piyambak. Cekakipun sedaya dosa punika dhalim dhumateng pribadi.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Lampah  kaping kalih kangge mulyaaken wulan Rajab inggih punika kanthi  njejegaken  perkawis-perkawis wajib dhawuhipun Allah subhanahu wa ta'ala.

Kewajiban agami punika kathah.  Ingkang paling utami inggih punika nyawijeaken ing Allah (tauhid). Tauhid punika dhawuh paling agung saking Allah subhanahu wa ta'ala awit sedaya amal shalih mboten manfaati tanpa wontenipun tauhid.  Dhawuh Allah ing dalem surah An-Nisa ayat 36 :

وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئاً

Sembahan Allah lan aja sira nyekuthokke panjenengan Allah kanthi sawiji apa"

Sak sampunipun tauhid kewajiban utami shalat memiliki kedudukan yang agung dalam islam. Mulyaaken wulan Rajab ing antawisipun kanthi njagi sholat kanthi sae : njagi wekdalipun, njagi jama'ahipun , njagi sunnah-sunnahipun lan njagi kasampurnanipun. Mulyaaken  wulan Rajab ugi kawujudaken kanthi saestu-estu nindaaken kewajiban agami kanthi saestu-estu.

Jama'ah Jum'at  rahimakumullah!

Kaping tiga, ing antawisipun cara kangge mulyaaken wulan Rajab inggih punika kanthi nyrawungi sesami manungsa kanthi sae.

Sedaya muslim dipun dhawuhi dados pribadhi ingkang manfaat. Rasulullah Shallallahu’alaihi Wasallam ngendika ing dalem hadits riwayat Imam Ahmad :

خَيْرُ الناسِ أَنْفَعُهُمْ لِلناسِ

Sak becik-becike manungsa yaiku sing paling manfangati mungguhing manungsa".

Tiyang-tiyang ingkang remen mbiyantu sedherekun Allah badhe paring pambiyantu dhumateng tiyang wau.  Rasulullah Shallallahu’alaihi Wasallam ngendika :

مَنْ كَانَ فِي حَاجَةِ أَخِيهِ كَانَ الله فِي حَاجَتِهِ

Sapa wonge mbiyantu perlune sedulure, mangka Allah bakal mbiyantu keperluane"   (Muttafaq ‘alaih)

Kesaenan punapa kemawon ingkang kita tujoaken dhumateng tiyang sanes badhe pikantuk ganjaran  ingkang kathah saking Ngarsa Dalem Allah. Kesaenan ingkang kaparingaken dhumateng tetiyang ingkang ndumugekaken  kesaenan dhumateng tiyang sanes saya tambah-tambah ing wulan Rajab. Pramila mangga kita manfaaken wulan Rajab punika kangge ngathah-athahaken tumindak sae dhumateng tiyang sanes.

Kaum muslimin rahimakumullah!

Makaten khutbah siang punika. Mugi-mugi Allah nggampilaken kita sami nindaaken amal shalih ing wulan Rajab tahun punika. Mugi-mugi kita dipun paring kekiyatan iman murih  kita sami saged njagi manah, lisan saha lampah ingkang mboten dipun ridhai dening Allah subhanahu wa ta'ala.


أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah 2

لْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى الظَّالِمِيْنَ.  أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.

اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اللَّهُمَّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ

 رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama