Teks Khutbah Jumat
Singkat
Bahasa
Jawa
Ngegungaken Wulan Rajab
Ustadz Sadmonodadi
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ،
وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه صَلَّى
اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ سَارَ عَلَى نَهْجِهِ
القَوِيْمِ وَدَعَا إِلَى الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
قال الله
تعالى فى كتابه الكريم، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jama'ah Jum'at rahiakumullah!
Sedaya pangalembana kunjuk dhumateng Ngarsa Dalem Allah subhanahu wa
ta'ala kita sami dipun parengaken lumebet ing wulan Rajab. Setunggal saking
wulan-wulan ingkang sinebat minangka wulan haram ing dalem agami. Haram
ing mriki nggadhahi pangertosan mulya utawi kebak ing pakurmatan.
Haramipun
wulan Rajab dipun ngendikaaken Allah subhanahu wa ta'ala ing dalem surah
at-Taubah ayat 36 :
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ
اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ
ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ
"Setuhune wilangan
sasi ing Ngarsa Dalem Allah yaiku rolas ing dalem dhawuhe Allah ing wektu Piyambake Allah nyipta langit
lan bumi, ing antarane papat sasi haram. Kang kaya mangkono iku (dhawuh) agama
kang lempeng, mangka aja sira kaniyaya awakira dhewe ing sasi kang papat iku".
Wondene keterangan ngengingi
sekawan wulan haram punika dipun ngendikaaken dening Rasulullah ing
dalem hadits saking Abu Barkah riwayat saking Imam Bukhari lan Imam Muslim
:
الزَّمَانُ قَدِ اسْتَدَارَ
كَهَيْئَتِهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَوَاتِ وَالأَرْضَ ، السَّنَةُ اثْنَا عَشَرَ
شَهْرًا ، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ، ثَلاَثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ ذُو الْقَعْدَةِ
وَذُو الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ ، وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِى بَيْنَ جُمَادَى
وَشَعْبَانَ
"Zaman lumaku kaya dina Allah nyipta langit lan bumi.
Setahun iku kedadeyan saka 12 sasi, ing antarane 4 sasi haram, telu sasi urut-urutan Dzulqaidah, Dzulhijjah lan Muharram. Wondene
Rajab ana ing antarane Jumadil Akhir lan Sya'ban".
Ayyuhal
muslimin rahimakumullah!
Kamulyaning wulan Rajab mapan ing dalem
kajaginipun wulan punika saking lampah maksiat. Maksiyat ing dalem wulan punika
dosanipun langkung ageng tinimbang maksiat ing wulan sanes. Kosok wangsulipun
sedaya kesaenan ingkang katindaaken ing wulan Rajab pikantuk ganjaran langkung
kathah tinimbang amal shalih ingkang katindaaken ing sanes wulan. Ing bab
punika Ibnu Abbas paring pangandikan: "Allah mulyaake papat sasi
minangka sasi haram, dianggep minangka sasi suci, nindaake maksiat ing sasi
kasebut dosane luwih gedhe lan amal sholeh kang dilakoni bakal nampa ganjaran
kang luwih akeh".
Kaum muslimin
rahimakumullah!
Amargi kita sami kaparingan
kesempatan manggihi wulan mulya punika sampun sak mesthinipun kita sami
manfaataken kangge methik maslahat sak kathah-kathahipun. Ingkang makaten
nyocoki kaliyan pangandikanipun setunggal ulama tabi'in :
إِذَا فُتِحَلِأَحَدِكُمْ بَابُالخَيْرِ فَلْيُسْرِعْ إِلَيْهِ فَإِنَّهُ
لَا يَدْرِيْ مَتَى يُغْلَقُ عَنْهُ
"Nalikane kebukak tumrap sawiji seka sira
lawang kebecikan, prayoga gegancangan mlebu. Sebab satuhune dheweke ora weruh
kapan lawang iku bakal katutup tumrap dheweke".
Ngengingi kados pundi ngisi wulan Rajab punika Syaikh al-‘Utsaimîn rahimahullah
paring nasehat : "Mangka aja sira kabeh tumindak dhalim marang awakira
dhewe, gegondhelana karo dhawuh-dhawuhing Allâh Azza wa Jalla, jejegna kewajiban-kewajiban
saka Allah Azza wa Jalla, tinggalna apa kang dilarang. Tindakna
kewajiban-kewajiban ing antarane sira lan Rabb-ira lan antarane sira karo
liyan"
Jama'ah Jum'at ingkang minulya!
Migatosaken pangandikanipun Syaikh Utsaimin ngajeng, cara mulyaaken wulan Rajab inggih punika kalampahan
kanthi :
Sepisan, nilaraken
tumindak dhalim dhumateng pribadi piyambak.
Tumindak
dhalim inggih punika sedaya tumindak ina ingkang dipun awisi dening Allah subhanahu
wa ta'ala. Sedaya tumindak ingkang nerak dhawuh lan awisanipun Allah subhanahu
wa ta'ala punika kawastanan aniaya utawi dhalim tumrap pribadhinipun
piyambak. Nilaraken shalat, mboten nindaaken kewajiban shiyam lan mbayar zakat
punika conto tumindak dhalim dhumateng pribadi piyambak. Ngunjuk khamr, ngrebat
hakipun asanes, duraka dhumateng tiyang sepuh
punika ugi dhalim. piyambak. Cekakipun sedaya dosa punika dhalim
dhumateng pribadi.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Lampah kaping kalih kangge mulyaaken
wulan Rajab inggih punika kanthi njejegaken
perkawis-perkawis wajib dhawuhipun Allah subhanahu wa ta'ala.
Kewajiban
agami punika kathah. Ingkang paling
utami inggih punika nyawijeaken ing Allah (tauhid). Tauhid punika dhawuh paling
agung saking Allah subhanahu wa ta'ala awit sedaya amal shalih mboten manfaati
tanpa wontenipun tauhid. Dhawuh Allah
ing dalem surah An-Nisa ayat 36 :
وَاعْبُدُوا
اللَّهَ وَلا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئاً
“Sembahan
Allah lan aja sira nyekuthokke panjenengan Allah kanthi sawiji apa"
Sak
sampunipun tauhid kewajiban utami shalat memiliki kedudukan yang agung dalam
islam. Mulyaaken wulan Rajab ing antawisipun kanthi njagi sholat kanthi sae :
njagi wekdalipun, njagi jama'ahipun , njagi sunnah-sunnahipun lan njagi
kasampurnanipun. Mulyaaken wulan Rajab
ugi kawujudaken kanthi saestu-estu nindaaken kewajiban agami kanthi
saestu-estu.
Jama'ah
Jum'at rahimakumullah!
Kaping
tiga,
ing antawisipun cara kangge mulyaaken wulan Rajab inggih punika kanthi
nyrawungi sesami manungsa kanthi sae.
Sedaya muslim dipun dhawuhi dados pribadhi ingkang
manfaat. Rasulullah
Shallallahu’alaihi
Wasallam ngendika ing dalem hadits riwayat Imam Ahmad :
خَيْرُ
الناسِ أَنْفَعُهُمْ لِلناسِ
“Sak
becik-becike manungsa yaiku sing paling manfangati mungguhing manungsa".
Tiyang-tiyang
ingkang remen mbiyantu sedherekun Allah badhe paring pambiyantu dhumateng
tiyang wau. Rasulullah Shallallahu’alaihi Wasallam
ngendika :
مَنْ
كَانَ فِي حَاجَةِ أَخِيهِ كَانَ الله فِي حَاجَتِهِ
“Sapa
wonge mbiyantu perlune sedulure, mangka Allah bakal mbiyantu keperluane" (Muttafaq ‘alaih)
Kesaenan
punapa kemawon ingkang kita tujoaken dhumateng tiyang sanes badhe pikantuk ganjaran
ingkang kathah saking Ngarsa Dalem
Allah. Kesaenan ingkang kaparingaken dhumateng tetiyang ingkang ndumugekaken kesaenan dhumateng tiyang sanes saya
tambah-tambah ing wulan Rajab. Pramila mangga kita manfaaken wulan Rajab punika
kangge ngathah-athahaken tumindak sae dhumateng tiyang sanes.
Kaum
muslimin rahimakumullah!
Makaten
khutbah siang punika. Mugi-mugi Allah nggampilaken kita sami nindaaken amal
shalih ing wulan Rajab tahun punika. Mugi-mugi kita dipun paring kekiyatan iman
murih kita sami saged njagi manah, lisan
saha lampah ingkang mboten dipun ridhai dening Allah subhanahu wa ta'ala.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah 2
لْحَمْدُ
لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ
عَلَى الظَّالِمِيْنَ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ
اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَاَشْــهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ مِيْنِ. اَللّهـمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَاَصْحَبِهِ أَجْمَعِيْنَ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا
اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ،
يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ
صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ
وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ
مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ،
وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ،
إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
اللَّهُمَّ
أَعِزَّ الْإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ.
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اللَّهُمَّ
اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا مُطْمَئِنًّا وَسَائِرَ بِلاَدِ الْمُسْلِمِيْنَ
عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا هَبْ لَنَا
مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ
إِمَامًا.
رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ رَبَّنَا ظَلَمْنَا
أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ
الْخَاسِرِينَ.. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
إرسال تعليق