Ghaflah
Ustadz Sadmonodadi
اَلسَّـــلاَمُ
عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللهِ وَبَرَكَاتُهُ.
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ وَلاَعُدْوَانَ اِلاَّ عَلَى
الظَّالِمِيْنَ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ
اِلهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ.
وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَ
مِيْنِ. اَللّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ
وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالاَهُ. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. أَمَّابَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ!
أُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Sidang jama'ah Jum'ah ingkang kawula
hormati!
Mangga-mangga
kita sami ngunjuaken puja puji dhumateng Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun
ngutus Rasulullah Muhammad SAW Rasul ingkang sedaya perjuanganipun kita
tuladhani. Shalawat saha salam mugi katetepna kagem Kanjeng Nabi Muhammad SAW
semanten ugi kagem para sahabat lan panderekipun ngantos dinten kiamat. Amin.
Sidang
Jum'at rahimakumullah!
Ing dalem Qur’an, Allah
mawantu-wantu ngemutaken kita sami supados ngathah-athahaken dzikir. Surah
al-Ahzaab ayat 41 nyebataken :
يٰٓاَيُّهَا
الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اذْكُرُوا اللّٰهَ ذِكْرًا كَثِيْرًاۙ
“He wong-wong kang padha iman, elinga
(kanthi nyebut asma) Allah, dzikir kang sak akeh-akehe”.
Dhawuh
supados kita sami dzikir ing mriki nglimputi dzikir manah, lisan saha
badanipun. Manahipun tansah emut dhawuh, awisan saha kuwaosipun Allah.
Lisanipun tansah ngucapaken pangandikan ingkang sae tur manfaati dhumateng diri pribadhi lan asanes. Semanten
ugi tumindakipun tansah netepi dhawuhing Allah nebihi pedamelan jember lan
maksiyat. Kanthi nindaaken dzikir sacara jangkep punika kita badhe pikantuk
kesaenan ing gesang donya akherat kita.
Kaum
muslimin ingkang dipun rahmati Allah!
Sinaosa
dhawuh dzikir ing Allah punika saestu terwaca, kacihna kathah-kathahipun
manungsa sami lena (ghaflah) dzikir ing Allah SWT lan negari akherat.
Donya lan sedaya pepaesipun kasil damel supe. Kathah-kathahipun tiyang sami
dipun setir dening pepenginan awon, syetan saha hawa nefsu ingkang tansah
ngajak nindaaken lampah cinacat. Cilakanipun tiyang kathah punika mboten sadar
menawi tumindak awon, kepara malah rumaosipun nindaaken sak sae-sae pedamelan.
Ing
bab punika Imam Ibnu al-Qayyim ngendika : Sing sapa maspadaake kahanane
manungsa, mangka bakal nemoake akeh-akehe manungsa klebu golongane wong kang
lena saka dzikir ing Allah SWT. Wong-wong mau padha nuruti hawa nefsune
sahengga urusan-urusan lan perlune kalirwaake. Tegese wong-wong mau kurang
anggone nggape marang perkara-perkara kang manfangati lan nggawa kabecikan,
kosok baline malah ngepenke marang perkara-perkara kang ora manfaat malah
kepara nyilakaake marang wong mau ing donya lan akherat.
Kasunyatan
punika kagambaraken ing al-Qur’an suarah Yunus ayat 92 :
..
وَإِنَّ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ عَنْ ءَايَاتِنَا لَغَافِلُونَ (92)
“Lan
sak temene akeh-akehe manungsa lali saka tanda-tanda Kuwasaningsun”.
Para
sedherek rahimakumullah!
Ndherek
Imam Ibnu al-Qayyim lena saking dzikir ing Allah punika mujudaken sebab saking
sedaya piawon. Pangandikanipun : Lena saka dzikir ing Allah SWT lan dina akherat iku bebarengan karo nuruti
hawa nefsu mangka bakal nglairake saka lelorone apa wae saka perkara-perkara
ala. Sifat ghaflah lan nuruti hawa nefsu iku tansah gegandhengan lan ora nate
bisa pisah. Sing sapa maspadaake rusake alam donya iki, umume disebabi dening
loro perkara mau. Lenane wong saka dzikir ing Allah dadi pepalang kanggo meruhi
lan faham ing kabecikan, sahengga dheweke kalebu wong-wong kang kesasar.
Al-Qur’an
suko keterangan bilih ghaflah menawi sampun nguwaosi manah badhe
nyebabaken setunggaling tiyang ridha dhumateng tumindak kufur, kori-kori
hidayahipun Allah katutup rapet lan kinunci. Allah SWT ngendika ing surah
an-Nahl ayat 106-108 :
...
وَلَكِنْ مَنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِنَ اللَّهِ
وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ (106)
ذَلِكَ بِأَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيَاةَ
الدُّنْيَا عَلَى الْآخِرَةِ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ (107) أُولَئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَى قُلُوبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ
وَأَبْصَارِهِمْ وَأُولَئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ (108)
“Ananging
wong kang wus gumolong atine dadi kafir, mangka Allah bakal paring bebendu kang
gedhe. Kang mangkono mau amarga padha luwih tresna kadonyan tinimbang akherat,
lan maneh Allah iku ora kersa paring pituduh marang wong-wong kang kafir.
Wong-wong mau ati, pangrungu lan pandelenge wus kinunci mati dene Allah, lan
wong-wong iku klebu wong kang lali”.
Jama'ah
Jum'at ingkang minulya!
Lena
saking dzikir ing Allah nggadhahi kathah titikan. Manawi ing antawisipun
titikan sewau tumanduk dhumateng kita sami, saestu kita ing dalem bebaya. Sak
lajengipun, sae tumrap kita cepet-cepet muhasabah, mertobat lan cumaket
dhumateng Allah SWT kanthi ngathah-athaken amal pangibadahan kita.
Nyekuthoaken
Allah SWT punika kalebet ghaflah ingkang paling ageng. Tumindak
maksiyat, tumindak ingkang njemberi, zina, apus krama, nganiaya asanes punika
kalebet ghaflah. Nilaraken sholat, sekedhik maos al-Qur’an, mboten
remen ndedonga kalebet ghaflah.
Luru arta bandha kanthi cara-cara ingkang nalisir syarak, kekancan kaliyan
tiyang jahat lan tiyang ingkang tebih saking pitedah agami ugi kalebet ghaflah.
Kalebet ghaflah ugi ngathah-athahaken dhahar, ngunjuk, sare, mirsani TV,
midhangetaken musik saha dedolanan ingkang nyebabaken risakipun manah lan
aras-arasen ing badan kangge nindaaken mapinten-pinten ketaatan.
Kaum
muslimin ingkang dipun rahmati Allah!
Dhumateng
tiyang ingkang nindaaken ghaflah Allah SWT sampun nyiapaken piwalesipun
arupi papan padunungan ingkang murwat tumrap ahli ghaflah ingkang dipun
wastani neraka jahanam. Makatena amargi tetiyang wau nggadhahi manah ananging
dipun kendelaken mbledēs : mboten saged nyesep tetesing pitedah-pitedah agami.
Nggadhahi paningal ingkang saged kangge mirsani kawontenan dhahir,
ananging mboten kuwawi mirsani hakekatipun samukawis lir : mboten saged
mbentenaken pundi ingkang manfaat pundi ingkang mbebayani. Tetiyang wau
nggadhahi talingan ananging anamung dipun kulinaaken kangge midhanget
suwanten-suwanten bathil kadosta ghibah, namimah, dusta lan
suwanten ingkang jemberi, sanes kangge midhanget pitedah-pitedah agami.
Allah
ngendika ing serat al-A’raf ayat 179 :
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ لَهُمْ
قُلُوبٌ لَا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آَذَانٌ
لَا يَسْمَعُونَ بِهَا أُولَئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ أُولَئِكَ هُمُ
الْغَافِلُونَ
“Lan
sak temene Ingsun wus ndadekake isin-isne neraka jahanam iku akeh-akehe saka
golongane jin lan manungsa, dheweke nduweni ati, ananging ora digunaake kanggo
mangerteni (ayat-ayate Allah) lan dheweke nduweni mripat (ananging) ora
digunaake kanggo meruhi (tandha-tandha kuwasane Allah), lan dheweke nduweni
kuping ananging ora digunaake kanggo ngrungokake (ayat-ayate Allah). Dheweke
iku kaya dene khewan rajakaya kepara ngluwihi sasare. Wong-wong mau iku kalebu
wong-wong kang lali”.
Kaum
muslimin ingkang dipun rahmati Allah!
Mungkasi
khutbah siyang punika kula ngajak dhumateng kula panjenengan sami mangga kita
sami maspadaaken wekdal-wekdal ing pagesangan kita. Sampun ngantos
kathah-kathahipun gesang ingkang sekedhap punika kita telasakan kangge perkawis-perkawis
ingkang mboten manfaati lan mboten wonten pentingipun tumrap gesang donya
akherat kita. Kanthi makaten Insya Allah kita badhe uwal saking golonganipun
tiyang-tiyang ghafilun.
Mugi-mugi
Allah SWT paring pitedah dhumateng kita sami.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ
مِنَ
الْفَا
ئِــزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ وَادْخَلَنَا فِى زُمْرَةِ الْمُوَحِّدِيْنَ. أَسْتَغْفِرُ اللهَ
الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ الَّذِيْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ
وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ.
KHUTBAH 2
لْحَمْدُ
لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا عِبَادَ
اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَ
إِنَّ
اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ
ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا
صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ
إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اَللَّهُمَّ
اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعَوَاتِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ
أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوْبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق