Teks Khutbah Jumat Singkat

Ngemut-emut

Kesaenan Tiyang Sanes

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Islam ngajak sedaya umat manungsa gesang sesarengan kanthi damai, guyup lan rukun. Gesang damai, guyup lan rukun punika mujudaken idam- idaman saben tiyang. Kanthi damai, guyup lan rukun saget kawujud katemtreman lan kebahagiaan ing panggesangan. Ngendika Allah:

وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا

Lan sira pada gondhelana kalawan agamaning Allah, lan aja pada cecongkrahan…”

(Ali- Imran: 104).

Ayat ing nginggil suka dhawuh wajibipun guyup rukun ugi awisan congkrah lan pasulayan. Congkrah punika awisan agami ugi kalebet perkawis ingkang awon. Sampun kabuktekaken dening sejarah bilih umat- umat ingkang remen congkrah punika mesthi sengsara gesangipun.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Kagem ngestoaken dhawuh gesang damai, guyup lan rukun, Rasulullah paring pitedah tatacara gesang ing madyaning pasrawungan. Ngendika Rasulullah:

مَنْ صُنِعَ إِلَيْهِ مَعْرْوُفٌ فَلْيُجْزِئْهُ، فَإِنْ لَمْ يُجْزِئْهُ فَلْيُثْنِ عَلَيْهِ؛ فَإِنَّهُ إِذَا أَثْنَى عَلَيْهِ فَقَدْ شَكَرَهُ، وَإِنْ كَتَمَهُ فَقَدْ كَفَرَهُ،

Sing sapa digawe becik wong liya mula wajib caos piwales kalawan kabecikan iku, ananging menawa durung bisa caos piwales mula wajib ngregani kabecikan iku, Amarga menawa deweke bisa ngregani kabecikan iku pertanda deweke nduweni rasa syukur, lan menawa deweke ora bisa ngregani kabecikan iku pertanda deweke kufur”. (HR. Bukhari lan Muslim).

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Saking sabdanipun Rasulullah ing nginggil saget dipun pendet tiga piwucal tata srawung ingkang damai, guyup lan rukun.

 Sepisan: Wajibipun ngemut- emut kesaenan tiyang sanes

Adab ingkang paling pokok tumrap tiyang muslim rikala srawung inggih punika wajib ngemut- emut saenipun tiyang sanes. Tiyang muslim dipun awisi ngemut- emut awonipun tiyang sanes. Senajan kesaenan punika namung alit kepara remeh ananging kedah dipun emut- emut lan mboten pareng dipun supekaken. Srawung kaliyan garwa wajibipun namung ngemut- emut saenipun, kaliyan tetangi wajibipun namung ngemut- emut saenipun mekaten ugi kaliyan rencang lan sinten kemawon. Mila menawi sedaya tiyang saget nglampahi piwucal punika estu srawung ing kluwarga lan masyarakat punika wontenipun namung ngremenaken.

 Kaping kalih: Remen caos piwales dhateng kesaenan tiyang sanes.

Kapundut saking pangandikanipun Rasulullah:

مَنْ صُنِعَ إِلَيْهِ مَعْرْوُفٌ فَلْيُجْزِئْهُ

Sing sapa digawe becik wong liya mula wajib caos piwales kalawan kabecikan iku..”

 Artosipun menawi sedaya masyarakat tansah lir gumati caos kesaenan dhateng asanes mesthi srawung punika adem ayem guyup lan rukun. Contonipun: Menawi tetanggi maringi dhaharan arupi kacang godhog mila piringipun ampun dipun kunduraken kosong. Ananging prayogi dipun isi dhaharan sanes, singkong godhog utawi pisang godhog utawi sanesipun. Menawi piwucal angka kalih punika dados tradisi ingkang dipun lestantonaken mila pasrawungan punika ngemenaken sanget.

 Kaping tiga: Wajibipun ngregani/ ngaosi kesaenan tiyang sanes

Rasulullah ngendika:

فَإِنْ لَمْ يُجْزِئْهُ فَلْيُثْنِ عَلَيْهِ

Menawa sira durung bisa caos piwales marang kabecianing wong liya, mula sira wajib ngregani kabecikaning wong liya kasebut..

Artosipun menawi kula lan panjenegan dereng saget caos piwales dhateng kesaenanipun garwa, mila wajibipun ngaosi/ ngregani kang garwa. Mekaten ugi menawi dereng saget caos piwales saenipun tetanggi mila wajib ngaosi/ ngregani saenipun tetanggi. Lajeng kadospundi caranipun ngregani kesaenan tiyang sanes? Saget kanthi doa, kanthi ngurmati utawi kanthi ngaturaken pamaturnuwun.

 Jamaah jumah rahimakumullah

Mekaten khutbah jumat ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah dhumateng kula lan panjenegan satemah kula lan panjenengan saget nindakaken tatacara srawung ingkang dipun dawuhaken dening Rasulullah.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

 

Khutbah Kaping Kalih


الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن

  Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama