Teks Khutbah Jumat
Singkat
Ngemut-emut
Kesaenan Tiyang Sanes
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ
وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ
أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ
هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ
لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى
نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الدِّيْنِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ
وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi
laranganipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fidunya wal
akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Islam ngajak sedaya umat manungsa gesang
sesarengan kanthi damai, guyup lan rukun. Gesang damai, guyup lan rukun punika
mujudaken idam- idaman saben tiyang. Kanthi damai, guyup lan rukun saget
kawujud katemtreman lan kebahagiaan ing panggesangan. Ngendika Allah:
وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ
جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا
“Lan sira pada gondhelana kalawan agamaning
Allah, lan aja pada cecongkrahan…”
(Ali- Imran: 104).
Ayat ing nginggil suka dhawuh wajibipun guyup rukun
ugi awisan congkrah lan pasulayan. Congkrah punika awisan agami ugi kalebet
perkawis ingkang awon. Sampun kabuktekaken dening sejarah bilih umat- umat
ingkang remen congkrah punika mesthi sengsara gesangipun.
Jamaah jumah rahimakumullah
Kagem ngestoaken dhawuh gesang damai, guyup lan
rukun, Rasulullah paring pitedah tatacara gesang ing madyaning pasrawungan.
Ngendika Rasulullah:
مَنْ صُنِعَ إِلَيْهِ مَعْرْوُفٌ
فَلْيُجْزِئْهُ، فَإِنْ لَمْ يُجْزِئْهُ فَلْيُثْنِ عَلَيْهِ؛ فَإِنَّهُ إِذَا أَثْنَى
عَلَيْهِ فَقَدْ شَكَرَهُ، وَإِنْ كَتَمَهُ فَقَدْ كَفَرَهُ،
“Sing sapa digawe becik wong liya mula wajib
caos piwales kalawan kabecikan iku, ananging menawa durung bisa caos piwales
mula wajib ngregani kabecikan iku, Amarga menawa deweke bisa ngregani kabecikan
iku pertanda deweke nduweni rasa syukur, lan menawa deweke ora bisa ngregani
kabecikan iku pertanda deweke kufur”. (HR. Bukhari lan Muslim).
Jamaah jumah rahimakumullah
Saking sabdanipun
Rasulullah ing nginggil saget dipun pendet tiga piwucal tata srawung ingkang
damai, guyup lan rukun.
Adab ingkang paling pokok
tumrap tiyang muslim rikala srawung inggih punika wajib ngemut- emut saenipun
tiyang sanes. Tiyang muslim dipun awisi ngemut- emut awonipun tiyang sanes. Senajan
kesaenan punika namung alit kepara remeh ananging kedah dipun emut- emut lan mboten
pareng dipun supekaken. Srawung kaliyan garwa wajibipun namung ngemut- emut
saenipun, kaliyan tetangi wajibipun namung ngemut- emut saenipun mekaten ugi
kaliyan rencang lan sinten kemawon. Mila menawi sedaya tiyang saget nglampahi piwucal
punika estu srawung ing kluwarga lan masyarakat punika wontenipun namung
ngremenaken.
Kapundut saking
pangandikanipun Rasulullah:
مَنْ صُنِعَ إِلَيْهِ مَعْرْوُفٌ
فَلْيُجْزِئْهُ
“Sing sapa digawe becik
wong liya mula wajib caos piwales kalawan kabecikan iku..”
Artosipun menawi sedaya masyarakat tansah lir
gumati caos kesaenan dhateng asanes mesthi srawung punika adem ayem guyup lan
rukun. Contonipun: Menawi tetanggi maringi
dhaharan arupi kacang godhog mila piringipun ampun dipun kunduraken kosong. Ananging
prayogi dipun isi dhaharan sanes, singkong godhog utawi pisang godhog utawi sanesipun.
Menawi piwucal angka kalih punika dados tradisi ingkang dipun lestantonaken
mila pasrawungan punika ngemenaken sanget.
Rasulullah ngendika:
فَإِنْ لَمْ يُجْزِئْهُ فَلْيُثْنِ
عَلَيْهِ
“Menawa
sira durung bisa caos piwales marang kabecianing wong liya, mula sira wajib
ngregani kabecikaning wong liya kasebut..”
Artosipun menawi kula lan
panjenegan dereng saget caos piwales dhateng kesaenanipun garwa, mila wajibipun
ngaosi/ ngregani kang garwa. Mekaten ugi menawi dereng saget caos piwales
saenipun tetanggi mila wajib ngaosi/ ngregani saenipun tetanggi. Lajeng
kadospundi caranipun ngregani kesaenan tiyang sanes? Saget kanthi doa, kanthi
ngurmati utawi kanthi ngaturaken pamaturnuwun.
Mekaten khutbah jumat
ingkang khatib aturaken wonten siang punika. Mugi Allah tansah paring pitedhah
dhumateng kula
lan panjenegan satemah kula lan panjenengan saget nindakaken tatacara srawung
ingkang dipun dawuhaken dening Rasulullah.
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah
Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
إرسال تعليق