Teks Khutbah Jumat Singkat

Lelangkungan Nresnani Bandha

Ustadz Wismanto

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Tujuan utami tiyang mukmin punika akhirat, dunya punika sejatosipun namung papan kagem ngamal shalih supados saget nggayuh mulyanipun akhirat. Kanikmatan ing dunya sarwa winates, lan kanikmatan ing akhirat punika langgeng saklami- laminipun. Mila islam suka keterangan bilih tiyang ingkang nresanani dunya ngantos leluwihan sahingga nglirwaaken akhirat kalebet tiyang ingkang lampah gesangipun kelentu. Ngendika Allah ing al- quran:

بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَاوَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ

“Nanging sira malah milih kauripan dunya. Ing mangka kauripan akhirat iku luwih becik tur langgeng” (QS Al-A’la:16,17)

Ngendika Muhammad bin Shalih Al- Utsaimin: “sira pada ngatekna kahanmu ana ing dunya, wus lumaku waktu-waktu lan sira mangerteni menawa kahanane ora padang terus, ananging mesthi ana mendung. Lan kahanan ing dunya ora nyenengake terus terusan, ananging mesthi anak kasusahan. Lan kahanan ana ing dunya ora saklawase kepenak, ananging mesthi ana rasa sayah lan lara. Kang menkono iku dadi sifate dunya. Akhirat iku luwih becik tinimbang dunya, kanikmatane luwih kekal lan langgeng.”

Ngendika rasulullah:

إِنَّ لِكُلِّ أُمَّةٍ فِتْنَةً وَفِتْنَةُ أُمَّتِى الْمَالُ

“Satemene saben saben umat iku nduweni pacoben, lan pacobene umatku yaiku bandha dunya.” (HR.Tirmidzi)

Ngendika Imam Al- Mubarakfuri: ”Pacobene umat islam yaiku ing bandha tegese bandha bisa ndadekake wong islam nglirwaake akhirat lan ketaatan marang Allah”.

Jamaah jumah rahimakumullah

Ngupadi bandha punika perkawis ingkang pokok lan kewajiban kula lan panjenengan. Ananging kula lan panjenengan kedah magertosi bilih bandha punika sarana kemawon sanes tujuan. Bandha punika sarana kagem nyekapi kabetahan keluarga, garwa, putra utawi ingkang asring dipun sebat kabetahan pokok, sandang, pangan lan papan.

Mila supados leres gesang kula lan panjenengan, nresnani bandha punika sakmadya kemawon ampun ngantos leluwihan. Kula lan panjenengan ngupadi bandha kagem nyekapi kabetahan pokok lan ugi kagem sangu ngibadah. Menawi leres anggenipun nglenggahaken bandha wonten ing manah mila badhe andamel gesang kula lan panjenengan ayem tentrem. Ananging menawi lepat kapitadosanipun sahingga bandha dipun tresnani kanthi leluwihan mila badhe andamel kasusahan lan kerusakan.

Ngendika rasulullah:

تَعِسَ عَبْدُ الدِّينَارِ وَالدِّرْهَمِ وَالْقَطِيفَةِ وَالْخَمِيصَةِ ، إِنْ أُعْطِىَ رَضِىَ ، وَإِنْ لَمْ يُعْطَ لَمْ يَرْضَ

“Cilaka budake dunya lan cilaka budake dinar, dirham lan khamishah (kain beludru) menawa diwenehi deweke seneng ananging menawa ora diwenehi deweke susah”. (HR. Bukhâri, no. 2886)

 

Jamaah jumah rahimakumullah

Nresnani bandha ngantos leluwihan kepara dados budakipun bandha punika awon sanget. Islam mboten remen menawi wonten umatipun ingkang dados budakipun bandha. Mila sumangga kula lan panjenengan sakmadya mawon anggenipun nresanani bandha. Mugi Allah tansah paring taufik dumateng kula lan panjenengan. Amiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah Kaping Kalih

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن


Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :


DOWNLOAD 

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama