Teks Khutbah Jumat
Singkat
Lelangkungan Nresnani Bandha
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ
مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ
شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ
عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى
يَوْمِ الدِّيْنِ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ
تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga
tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Jamaah jumah rahimakumullah
Tujuan utami tiyang mukmin
punika akhirat, dunya punika sejatosipun namung papan kagem ngamal shalih supados
saget nggayuh mulyanipun akhirat. Kanikmatan ing dunya sarwa winates, lan
kanikmatan ing akhirat punika langgeng saklami- laminipun. Mila islam suka
keterangan bilih tiyang ingkang nresanani dunya ngantos leluwihan sahingga
nglirwaaken akhirat kalebet tiyang ingkang lampah gesangipun kelentu. Ngendika
Allah ing al- quran:
بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَاوَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ
“Nanging sira malah milih
kauripan dunya. Ing mangka kauripan akhirat iku luwih becik tur langgeng” (QS Al-A’la:16,17)
Ngendika Muhammad bin
Shalih Al- Utsaimin: “sira pada ngatekna kahanmu ana ing dunya, wus lumaku
waktu-waktu lan sira mangerteni menawa kahanane ora padang terus, ananging
mesthi ana mendung. Lan kahanan ing dunya ora nyenengake terus terusan,
ananging mesthi anak kasusahan. Lan kahanan ana ing dunya ora saklawase
kepenak, ananging mesthi ana rasa sayah lan lara. Kang menkono iku dadi sifate
dunya. Akhirat iku luwih becik tinimbang dunya, kanikmatane luwih kekal lan
langgeng.”
Ngendika rasulullah:
إِنَّ لِكُلِّ أُمَّةٍ فِتْنَةً
وَفِتْنَةُ أُمَّتِى الْمَالُ
“Satemene
saben saben umat iku nduweni pacoben, lan pacobene umatku yaiku bandha dunya.”
(HR.Tirmidzi)
Ngendika Imam Al-
Mubarakfuri: ”Pacobene umat islam yaiku ing bandha tegese bandha bisa ndadekake
wong islam nglirwaake akhirat lan ketaatan marang Allah”.
Jamaah jumah rahimakumullah
Ngupadi bandha punika
perkawis ingkang pokok lan kewajiban kula lan panjenengan. Ananging kula lan
panjenengan kedah magertosi bilih bandha punika sarana kemawon sanes tujuan.
Bandha punika sarana kagem nyekapi kabetahan keluarga, garwa, putra utawi
ingkang asring dipun sebat kabetahan pokok, sandang, pangan lan papan.
Mila supados leres gesang
kula lan panjenengan, nresnani bandha punika sakmadya kemawon ampun ngantos
leluwihan. Kula lan panjenengan ngupadi bandha kagem nyekapi kabetahan pokok
lan ugi kagem sangu ngibadah. Menawi leres anggenipun nglenggahaken bandha
wonten ing manah mila badhe andamel gesang kula lan panjenengan ayem tentrem.
Ananging menawi lepat kapitadosanipun sahingga bandha dipun tresnani kanthi
leluwihan mila badhe andamel kasusahan lan kerusakan.
Ngendika rasulullah:
تَعِسَ عَبْدُ الدِّينَارِ وَالدِّرْهَمِ وَالْقَطِيفَةِ
وَالْخَمِيصَةِ ، إِنْ أُعْطِىَ رَضِىَ ، وَإِنْ لَمْ يُعْطَ لَمْ يَرْضَ
“Cilaka budake dunya lan
cilaka budake dinar, dirham lan khamishah (kain beludru) menawa diwenehi deweke
seneng ananging menawa ora diwenehi deweke susah”. (HR. Bukhâri, no. 2886)
Jamaah jumah rahimakumullah
Nresnani bandha ngantos
leluwihan kepara dados budakipun bandha punika awon sanget. Islam mboten remen
menawi wonten umatipun ingkang dados budakipun bandha. Mila sumangga kula lan
panjenengan sakmadya mawon anggenipun nresanani bandha. Mugi Allah tansah
paring taufik dumateng kula lan panjenengan. Amiin
أَقُوْلُ
قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ
اللهَ لِي وَلَكُمْ
وَلِسَائِرِ
المُسْلِمِيْنَ
إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ
العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
Untuk membaca atau mencetak file khutbah jumat singkat bahasa Jawa ini dalam bentuk PDF silahkan download melalui tautan berikut ini :
إرسال تعليق