Teks Khutbah Jumat
Singkat
Ustadz Wismanto
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ
لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ
شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَ مِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللَّهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ
اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُولُهُ, اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُونَ
Jamaah jumah rahimakumullah
Wonten kesempatan khutbah siang punika khatib wasiat sumangga tansah ningkataken taqwa dhumateng Allah kanti nindakaken dhawuhipun lan nebihi awisanipun. Mugi kanti taqwa Allah
tansah paring kamulyan fiddunya wal akhirah. Amiin.
Shiyam ramadhan mujudaken kewajiban tumrap tiyang
mukmin ingkang sampun baligh utawi dewasa. Ibadah shiyam ramadhan ugi kalebet
rukun islam ingkang bagunan islam dipun jejegaken saking gangsal rukun;
syahadat, shalat, zakat, puasa ramadhan lan haji tumrap ingkang mampu. Sinten ingkang
nindakaken ibadah shiyam ramadhan ateges sampun nderek njejegaken bangunan agami islam. Mila awit agungipun
ibadah shiyam ramadhan punika Allah ugi nyawisaken ganjaran- ganjaran
ingkang agung.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa
sallam ngendika:
كُلُّ عَمَلِ ابْنِ آدَمَ يُضَاعَفُ الْحَسَنَةُ
عَشْرُ أَمْثَالِهَا إِلَى سَبْعِمِائَةِ ضِعْفٍ قَالَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ
إِلاَّ الصَّوْمَ فَإِنَّهُ لِى وَأَنَا أَجْزِى بِهِ يَدَعُ شَهْوَتَهُ
وَطَعَامَهُ مِنْ أَجْلِى . . . .
“Saben- saben amalan
anak adam bakal ditikelke ganjarane sepuluh kelipetan nganti pitungatus
kelipetan. Allah Ta’ala Ngendika; Kejaba Pasa, satemene pasa iku marang Ingsun lan Ingsung dewe kang
bakal paring piwales. Amarga anak adam wus ninggalake syahwate lan mangan
ngombene karana Ingsun.... (HR. Bukhari dan Muslim)
Maksud hadits punika dipun jelasaken
para ulama kadosdene:
Muhammad bin shalih Al Utsaimin ngendika: “Allah ndadekake pasa pinangka
ibadah khusus marang panjenegane Allah, beda karo amal ibadah liyane. Sing mengkono iku disebabake
mulyane ibadah pasa, lan Allah banget tresane marang ibadah pasa iku. Mula Allah paring
ganjarang kang agung pinangka
bukti mulyane amalan puasa iku.” (Majalis Syahri
Ramadhan).
Sufyan Bin Uyainah ugi paring pangandikan: “ ana ing dina kiyamat,
Allah ngetung sak kabehe amal ibadah kawulane, banjur saben
kezaliman para kawula kudu ditutup kanthi ganjaran amal becike. Menawa wus ora ana ganjaran amal becike, kejaba mung pasa mula Allah nikelake ganjaran pasa iku nganti matikel-
tikel sahingga bisa nutup kezaliman kawulane, banjur Allah nglebokake kawula iku ana ing surga” (fathul Baari Kitab As Shaum).
2.
Dipun Bebasaken
Saking Neraka
Rasulullah ngendika:
مَنْ صَامَ يَوْمًا فِى سَبِيلِ اللَّهِ بَعَّدَ اللَّهُ
وَجْهَهُ عَنِ النَّارِ سَبْعِينَ خَرِيفًا
“Sapa wonge pasa sedina ana ing dalane Allah, mula Allah bakal ngadoh ake deweke saka neraka sak adohe 70 taun perjalanan” (HR. Bukhari dan Muslim)
Imam Nawawi ngendika: “iku mujudake kautaman pasa ana ing dalane Allah. Pasa ditindake menawa ora nyebabake mudharat marang deweke lan uga kanti ora
ninggalake kewajiban liyane, ora ninggalake jihad lan kewajiban sing pokok
liyane” (Al Minhaj Syarah Shahih Muslim)
Jamaah jumah rahimakumullah
Mekaten khutbah jumat siang punika khatib aturaken. Sakestu khatib ngajak dumateng
badan khatib piyambak lan ugi jamaah jumah ingkang minulya sumangga kita
kiataken niat lan semangat nindakaken ibadah shiyam wonten ing wulan ramadhan. Mugi Allah Ta’ala tansah paring ganjaran ingkang
agung tumrap kita sedaya. Amin.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ
إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِىْ يَاَ يُّهَاالَّذِيْنَ آمَنُوْاصَلُّوْاعَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Posting Komentar